.

Premium Wordpress Themes

Kamis, 19 Januari 2012

SULUK BURUNG

Lambang susuluk Burung punika kajarwanan dhumateng abdi-dalem pun Ngabehi Awikarama,


Sekar Pucung : 10 pada.

Kuneng gambuh, binuka kang sekar pucung, de lambang titiga, platuk gemak kutut nenggih, apadudon arebat lepas ing tekad.Ulun matur ambuka lambang puniku, kang paksi titiga, amedhar ingkang linempit, mugi-mugi antuka musahab ing tyas.Tegesipun kang paksi kutut kang manggung, di-dalem pukongga, manganama anuntagi, dhasar bisa saniskaraning kang basa.Sinungan gun, surasaning kitab agung, Kur’an panengennya, kering Jitapsara nenggih, kasujanan sambega nanawung kridha.Nahan puyuh abdi-dalem mas pangulu, angluluri kitab, Kur’an gangsal wedal manjing, karam mekruh datan arsa ngawruhana.Yekang platuk, di-dalem ajar neng gunung, nguni kang tatapa, pangajaran ing jajernih, yen wus siddhi winisudhen reh sadarga.Ajar ruhun, ing nguni-uni wus kasub, kasusra ing jana, ngatas-angin bawah-angin, pan wong tapa tinemu barang sineja.Kang sareju, sasenengan tan terta/ntu, mring kyahi pujongga, weneh mring pangulu ngaji, ana prapta tatanya marang ki ajar.Janma luhung tuhu sampurnaning kawruh, wruh samaning sama, tataki sinamun batin, trapsilanya tinata aneng wacana.Dwi kang dhusun, daraheni lapalipun, kene kana kena, saking patrap tata krami, den-prayitna olah wening kaelingan.Tri kang burung, wus samya saeka kalbu, anuraga ing rat, kinarilan ing Hyang Widdhi, panduking reh kang tumuwuh ing bawana.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.


sumber : alangalangkumitir.wordpress.com