.

Premium Wordpress Themes

Kamis, 19 Januari 2012

SULUK PURWA DUKSINA

Anggita-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.


Sekar Dhangdhang-gendhis; 64 pada.

Sapangate kang sun tedha singgih, sun amurwa Ki Purwa-duksina, apitutur ing rabine,  sedalu tanpa turu, garwanira den pituturi, pratingkah ing ngagesang, pacuwan ja tungkul, den bisa ataken basa, waspadaa sira marang sarireki, pacuwan tingalira.Baya iku yen tan den kawruhi, sayektine akeh wong kasasar, dene akeh renca/nane, yen sira sampun weruh, ing jatine sarira iki, saksat wruh ing Pangeran, iku jatenipun, aja ta kang kaya sira, lamun ora kena rencananing ngiblis, mangkona Nabi Adam.Prandene neng jroning swarga-di, pan kagodha dening belis laknat, prandene wus limpat reke, aja kaya sireku, sira malih ta yayi mami, dene dereng uninga, jatining pangawruh, prayoga atatakona, ariningsun tingal kang nyata ing ngurip, iku pagurogena.Garwanipun anauri aris, inggih nuwun pangandika tuwan, muga tulusena sihe, ing bodho katengsun, sapa sinten kang ngamadhangi, yen dede karsa dika, atulung marga-yu, Purwa-duksina angucap, pira bara yen ana sih ing Hyang Widdhi, atulung marang sira.Pituturingsun mring sira yayi, lamun ingsun yayi sampun [pejah], akramaa sira mangke, abektiya mring kakung, aja kaya amba ta iki, den olih / kakung toma, miwah yen amaguru, ngupaya kang ngutoma, ing jenenge tigang prakara ya kaki, iku den-ulatana.Kang kariyin pandhita wiladi, kaping kalih aboja-kirana, ping tigane iku mangke, pandhita amarsantun, iya iku pandhita aradin, lah iku gurokena, yayi mirah ingsun, garwane aris aturnya, kadi pundi tuduhe pandhita singgih, miwah boja-kirana.Lawan pandhita amarsantuni, padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse, pandhita wiladiku, ingkang sareh wuwusireki, tan wuruk sudi karya, barang lakon ingsun, tanpa dudoh aranira, ing wuwuse raharja teka lestari, satuhune pandhita.Anadene amarsantun iki, angatoken mulyaning sarira, kebag ing jagad pujine, sausike puniku, mapan iku wus dadi siji, mangan turune ika, dadi pujinipun, tekan wulu/ne salembar, karentege iya tansah dadi puji, iku pandhita mulya.Pandhita boja-kirana iki, tan pegat reke amangun tapa, amadhangi sarirane, anyegah nepsunipun, datan pegat amangun nepi, saciptane wus nyata, tan ana kadulu, sampun waluya sadaya, pangistune tan ana kawula swasti, wus karem marang ngora.Kang ngaja sira guroni iki, kang pandhita dadi kang mangkona, limang prakara kathahe, pandhita sipat iku, kang rumiyin puniku dadi, pandhita olah kardha, kapindhone iku, aja dursila ta ika, kaping pate kadanan pasungsung iki, iku aja mangkona.Tegese dadi sawiji-wiji, kang pandhita sipat mangke ika, sondoyan paes gawene, ana macapat iku, doyan sajen wawatekneki, ngucap daya mangana, mrih kacangcang iku, gawene sok doyan uwang, genthong ngumus pandhita madya / puniki, iku den singgahana.Iku kang ngaja sira guroni, iya iku cacade manusa, dene ta akeh dudune, nadyan sugiya ngilmu, yen mengkono dudu wong singgih, iku wong kabelasar, tuhu yen wong kupur, pakaryane ora ana, ngilmunipun den urupaken tan bunti, de karya pangasilan.Jamake akeh ngilmune pancing, akeh wong guguru kasambitan, dene akeh panyawise, singa katon den jaluk, arara mumundur tan keni, akeh wong anelasar, ing pangrungon ingsun, iku silih salah mongsa, angguru anut tawon kambu pan iki, boya etung ing temah.Iya iku yayi den pakeling, aja sira yayi ta mengkona, iku siya-siya bae, miwah yen anggeguru, takokena ujar kang ngiki, ingkang wolung prakara, den-tetela iku, wiwitan mas kawin Allah, lan Muhkama/d ping kalih aras lan kursi, iku den-takokena.Kaping tiga sri kawin ing wengi, lan rahina ping sakawan ika, lintang kallawan ngilmune, kaping limane iku, mas kawine jalu lan estri, iku lah takokena, kaping neme iku, mas kawine wulan ika, lan srengenge bumi langit iya iki, iku yatakokena.Ping wolu mas kawin suwarga-di, lan naraka iku takokena, den tetela ing lungguhe, mapan akeh katungkul, ujar iku kang den kawruhi, yayi pagurokena, ing sapungkur ingsun, garwane aris aturnya, inggih nuwun saking sih andika gusti, nuwun kawulakena.Kadi pundi padhange puniki, ingkang ngaran mas kawin ing Ngallah, lan Muhkammad-di jatine, lintang lan ngilmu iku, miwah ing Ngaras-kursi singgih, kawula padhangena, saking kula tungkul, andika pajarwa/nana, sapuniki mas kawine rina wengi, tuwan tetelakena.Purwa-duksina amuwus aris, areningsun wong ngayu mas mirah, mas kawin Allah tegese, lawan Muhkammad iku, patemone nur roh lan iki, lan uripira tunggal, tunggal rasa ningsun, mas kawin Ngaras punika, tegesipun patemon nira sajati, lawan dat ya Muhkammad.Anane mas kawine ing ngistri, lawan priya patemon ing jasad, kalawan nyawa wajibe, iku pan tunggalipun, wonteni mas ing kawineki, ya Aras-kursi ika, patemone iku, ing sungsum babalungira, panunggale nur banyu rasa kang suci, ing sungsum amirasa.Pangandikane kang sampun luwih, aja nembah lamun durung ngawas, tuwas kangilan temahe, saweneh sasar susur, amangeran marang nging belis, nembah ing tawang tuwang, ingkang tanpa wujud, kepaung amenek warsah, panyanane idhep woh/e aneng nginggil, tur wohe aneng ngandhap.Pangandikane kang sampun licin, lumaku turu ya asalat, menenge dadi bektine, pan nora wektu-wektu, panembahe kang sampun luwih, kadi ilining toya, bengawan limintu, kang wus awas ing panembah, nora pegat sambahira rina wengi, iku jatining sembah.Ana dene kang lintang puniki, mas kawine ing ngilmu punika, garib mutaka jatine, patemon langit iku, lawan dagingira puniki, tegese osikira, apa jroning jantung, mas kawine bumi ika, lawan langit patemone uteg singgih, lawan sirolah ika.Anadene mas kawin ing wengi, lan rahina patemone netra, puputih lawan irenge, lah iya tegesipun, patemone kawula gusti, iku campuh ing rasa, ing misrane iku, /mas kawine swarga iku, lan naraka patemone nepsu iki, kelawan budi ika.Panunggale angawruhi dhiri, tingalane becik ala ika, iya sikune wektune, yen wus nyata ing ngriku, prabedane lan tunggal neki, bongga basa walika, manira angrungu, garwane aris aturnya, kados pundi panunggale dadi siji, rarasanta punika.Purwa-duksina amuwus aris, panunggale ing suwung yayinta, ing kono tunggal tingale, sakehe wujud iku, pan ing kono panunggal neki, iya waspadakena, ing wuwus puniku, garmane aris aturnya, kadi pundi wonten wong ngatakon malih, patakonan mangkona.Kang ingaran iman kadi pundi, kenyatahane tokit punika, makripat paran tegese, padhangena pukulun, tetelane sawiji-wiji, kawula dereng wikan, padhang/e puniku, Purwa-duksina angucap, ya samengko pamanggihira puniki, nora ngulati Allah.Iya iku urip kang sajati, kang ingaran reke tokit kita, adhep iku sajatine, nora nana kapupu, kang angucap puniku singgih, ingkang ingaran Allah, tan roro tetelu, iya arane sarira, tokit iku tingale roh kang sajati, nyatane yen kahanan.Anadene yayi sira iki, sejatine Suksma urip ika, kang Suksma nyata awale, kabeh dudu roh iku, raga iki iku ta yayi, yen wus wruh ing mangkona, sampurna puniku, ilang kalek mahkluk ika, iya iku kang ngaran manusa jati, dene wus badan suksma.Anadene kang dereng ngudani, wedi miyak tetebeng punika, dene akeh durakane, aran tetebeng ngiku, pakumpulan sakeh riinicik, aling-aling punika, nabi wali iku miwah / kang mukmin punika, garwanira wuwuse arum amanis, miwah tingal sakedhap.Lawan laku satindak puniki, miwah mangan sakepel punika, anginum sacegok mangke, tedahena pukulun, lawan nyandhang sasuwir iki, amba pan dereng wikan, padhange puniku, Purwa-duksina angucap, mirah ingsun wong ayu juwita mami, pilih kang kaya sira.Anadene jaruman ing ngati, kawruhira sampurnane ika, jenenge ati elinge, ujar sakecap iku, apan penet jenenge iki, laku satindak ika, panarima iku, tingale pan cakep ika, maring ekram tegese nginum satu tri, nyatane maring ngiman.Tegese mangan sakepel iki, iya Al[l]ah kang kacipteng nala, nyandhang sasuwir jatine, pujinira puniku, yen kawayang sajroning ngati, iiku jatine gesang, tan kanginan iku, dene angrasa papadha, iya iku wong ayu ingaran supi, dene sampu/n/ makripat.Nora nana yayi amal iki, amung siji amalira dhawak, saosik layarane, garwanira amatur, sedyanira arum amanis, inggih kawula nedha, saking sih wong agung, andika wejang kawula, aneng dunya ngakerat nuntuna singgih, tulus marga raharja.Kawula kakang ataken malih, kados pundi wong lara punika, agampang pae kanane, kawula pan dereng wruh, duk nalika ambayah uni, anglampahi kawula, dereng wruh puniku, duk lagya pongah-pangiyan, lan punapa puniki westane singgih, miwah duk cengengira.Alam apan duk ana ta singgih, padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse, dhuh yayi mirah ingsun, baya sira juwita mami, mirah kumala retna, gurune wong ayu, lah kene karasa lara, alam tupet dene tembe angrasani, den eling maring Suksma.Ana/dene lagi wayah iki, alam tobat iku namanira, lagi pongah-pangih mangke, alami sanget iku, pakumpulan rasa sakalir, nanging tanbuh karasa, duk samana iku, ingaranan gaibbollah, lagi cengeng ingaranan alam sahir, jagad langgeng duk baka.Garwanira matur angabekti, punapa katon wau semana, punapa reke tingale, ingkang dhateng rumuhun, tetelane sawiji-wiji, lah kakang padhangena, amba guruningsun, Purwa-duksina angucap, kang rumiyin Jabarail tompa wangsit, abang cahyane ika.Kaping kalih cahyane Mingkail, warnanira iko ilatira, ping tiga Israpil mangke, wedale putih iku, saking cahya netra puniki, wedalipunpan abang, pitu watekipun, kang ngijo tengen ingaran, ya Israpil kang cahya iku ya kuning, medal ing bathukira.Iya iku tingal ingkang pasthi, na/dyan ana kang tigang prakara,yen nora nana sijine, lara kabeh tinemu, durung teka ing patineki, yen wus uninga ika, denemut sireku, Ngijrahil kang duwe ilat, mapan Muhkammad puniku Nabi singgih, dadya tumekeng pejah.Wus adungkap lawang iku yayi, ing segara penyu wastanira, wis liwat sira ing kene, nulya mancat sireku, ing segara istikar iki, sampun liwat punika, anulya puniku, karane den kawruhana, gya andungkap sagara malih puniki, segara istigena.Sampun liwat kang cahya puniki, duk angambah ing sagara kiyam, ing kono wus liwat mangke, segara rante iku, wus andungkap ing Ngaras-kursi, miwah ing dhingdhing Jalal, iku duk kadulu, ing ngalam kalih prakara, wus tumingal ing ngalam kait puniki, alam kiyamah menga./ Ing ngriku nyawa kandhege malih, duk tumingal ing segara cahya, ngaliwati ing weninge, garwanira umatur, kang pundi tegese puniki, segara penyu ika, tuduhna pukulun, miwah segara istikar, kakekate puniku sawiji-wiji, lah kakang padhangena.Purwa-duksina amuwus aris, mirah ing wang kasumaning tilam, ingsun minongka sepuhe, ayunira anulus, baya sira guruning ngistri, amartanana jiwa, kusumaning ayu, sira angling lipur brongta, ing tegese sagara penyu puniki, iku wangsul manira.Anadene segara puniki, kang ngistikar panjeneng ku nira, miwah istigena kiye, wudelira puniku, iya iku segara dhiri, segara penyui ika, sikutira iku, segara rante punika, pan tegese iya ususira iki, yen sira dereng wikan.Anadene sagara pu/niki, ingkang ingaran segara cahya, tegese jajantung mangke, segara kiyam iku, iya dhadhanira puniki, segara cahya ika, netranira iku, iku kathah ing segara, ingkang tumrap puniku segara dhiri, nyatane ingkang raga.Garwanira apan matur malih, kadi pundi wonten wong tatanya, Dhingdhing Jalal kakekate, punika Aras iku, ingaran Kursi kang adi, yeku ta kawruhana, ing ngagesang iku, yen nora weruha sira, durung weruh ingaranan badan iki, apa ta yen amora.Kang ngaran wot siratal mustakim, padhangena amba dereng wikan, ing luhure iku mangke, Purwa-duksina muwus, kang ingaran Aras puniki, iya pangambunira, kang ngaran puniku, wong karana Allah ika,  ilatira puniku mangke ta kaki, tegese atenira.Anadene timbangan puniki, baunira kang kuwat puni/ka, pamilihira ta mangke, gunung Tursina iku, irungira iku ta yayi, ing kono enggonira, sang nyawa akumpul, ing gulune siningsetan, nyawa iku angrasa lara sakalir, miwah paningalira.Sampun dhungkap lawange kaesthi, nyawa ingkang nganeng ngalam dunya, ing kono iku ta mangke, alam miya puniku, iya bathukira puniki, alam kaet punika, ing githok puniku, ing kono kandheg ing nyawa, duk tumingal cahya Muhkammad puniki, ing kono kandheg nyawa.Sawuse aneng kono ta yayi, malekat utusan ingkang prapta, amundhut nyawa karsane, Ngijrail ta puniku, maring langit paranireki, langit pipitu ika, dadalane iku, ingkono amanggih rupa, cahyanira lir pendah purnama siddhi, surat ananing Suksma.Garwanipu/n atatanya aris, kadi pundi kang langit punika, sal sahil ika jatine, Purwa-duksina muwus, anadene kang ngaran langit, ya ing cacekak ira, kang bumi ya iku, sasore ing langitira, anadene malekat Ngijrail iki, iku kakawahira.Anadene aruman puniki, sajatine aren-aren ira, puniku mesthi tegese, runwanakirun iku, sejatine wuwukuneki, iya den kawruhana, yayi ujar ingsun, kang rayi aris aturnya, kadi pundi kang pinanggih jroning pati, duk lagine sekarat.Purwa-duksina amuwus aris, kang pinanggih yayi duk sekarat, pasthi rupanira dhewe, ya wis angrasa iku, panunggale pan dadi siji, anging amawi surat, kang rupa puniku, abane muji Pangeran, iya iku kang nga/ran Muhkammad jati, tuladhaning Pangeran.Iya iku ujar kang piningit, pan puniku jatine sekarat, larangan kang luwih mangke, mulane wong kang luhung, aling-aling kang den-kandeli, nora ambuka ujar, wau kang puniku, dene medharken kekeran, ujar iku lir ngadu pucuk ing ngeri, patine tibeng jurang.Garwanipun matur angabekti, inggih nuwun saking sedya tuwan, muga tulusa esihe, wicanten kang puniku, kadi pundi teges ing linggih, kang ngaran nyawa ika, kawula dereng wruh, tuduhe satunggal-tunggal, nyawa iku akeh kang ngucap puniki, dereng wikan ing nyawa.Purwa-duksina amuwus aris, areningsun wong ayu mas mirah, kang ingaran nyawa mangke, limang prakara iku ingaranan nyawa puniki, awiwitan nur ika, kaping kalihipun, kang ngeroh mangke punika, ping tigane aka/le punika yayi, sakawan lan lekira.Ping limane kalam iku yayi, iya iku sajatine nyawa, yen sira dereng wruh mangke, tegese kang nur iku, amadhangi kahanan neki, tegesing ing roh ika, uripira iku, tegese kalam pujika, pangandika sakehe kang den rasani, akal lan batinira.Ingkang ngelih jenengira iki, iya iku kang ingaran nyawa, den jangkepi lima mangke,  puniku tuduhipun, dadya nora anut byung iki, wong saweneh angucap, maring nyawa iku, boya wikan maring nyawa, garwanira matur sarya angabekti, singgih kawula nedha.Dug gaibe apa wastaneki, nyawa ika lagi ana wadhah, dhuh kakang paran jatine, Purwa-duksina muwus, duk gaibe puniku yayi, sampun ta a/ran tunggal, neptu gaibipun, lagi nak kudule cahya, tunggal lena kang ngaran nukat puniki, misih kumpul ing nyawa.Ingaranan padhang mangke iki, iya nyawa ing gantungan ika, seje lapal ku nyatane, tunggale ta puniku, ulu iyah puniku tunggil, lintang johar punika, nyawa jatinipun, mulane gumlar ing jagad, iya nyawa kang bisa anitis iki, oleh ajaning Suksma.Muhkammad ika datan kakalih, sajatine yayah nyawanira, puniku yayi tunggale, mulane akeh tungkul, ujar iku den walik-walik, mulane akeh aran, dene kiyas iku, pinatut lawan pandhita, ya mulane akeh rarasan puniki, kabeh padha kanggenan.Kang wus nyata nora den singgahi, ujar iku sampun anerawang, data/n ana wawangene, norana bastu suwung, sampun manjing ing kupur kapir, ing sajatine gesang, lamun nora iku, jatine manusa ika, reh kang kandheg tingale manusa sepi, dene dereng uninga.Garwanipun gupuh anungkemi, gusti ningsun ing dunya ngakerat, andika kang nga[s]ih mangke, sasampune ing ngriku, pituduhe sawiji-wiji, kadi pundi ta tuwan, tetep ing pangawruh, ing mangke terange ika, yen botena tuwan atuduhana margi, tuwan panutan amba.Purwa-duksina amuwus aris, ariningsun wong ayu ing swarga, mangkona gusti tegese, wus ilang tingalipun, nepsunira wus leburen ning, pangucape wus ilang, dadya liwang-liwung, ing swarga nora karasan, ing neraka tan arsa panggih-pinanggih, dene sampurna purba.Sampun telas purwa kang / tinulis, dipun sami antuk karaharja, nedha pangapura mangke, antuk ambisa wuyung, datan patut amawi gendhing, wau kang anunurat, ing wong sisinau, sakathahe ingkang maca, sampun wonten esak-esak ingkang ati, saking bodho kawula.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.


sumber : alangalangkumitir.wordpress.com

SERAT GANDAKUSUMA Pupuh XXI – XXIV

1. //o// Wus acampuh nênggih kang bondayuda(-1)/ rame prange wadya lit/ nanging wadyanira/ Sang Prabu Dasaboja/ sêmana kasoran jurit/ awas tumingal/ Dasawikrama Patih//


Kedua pasukan telah bertemu dan memulai peperangan. Perang di antara mereka berlangsung seru. Namun, pasukan Prabu Dasaboja terdesak kalah. Patih Dasawikrama tanggap pada situasi.


2. // ngêtab kuda wus mamprung ing ranagana/ sigra ngabani baris/ lah payo den kêbat/ ngantêb sureng payudan/ sru wadya Islam ngungkih/ wangsul nêmpuh prang/ rêbut rok silih ungkih//


Ia pun segera menghela kudanya menerjang ke medan perang seraya memberi aba-aba pada barisannya, “Ayo, cepat! Majulah dengan berani di peperangan!!”. Barisan Islam pun segera maju mendesak maju ke medan laga dengan sengit.


3. // mandhe dhêndha manusup direng suwonda/ wor têmpuh ngowak-awik/ wong kapir keh pêjah/ pati bindi sapisan/ antuk wong lima nêm mati/ wadya ing kopar/ sêdya ngêbyuk Ki Pati[h]//


Dengan memanggul gada mereka menelusup dengan berani, bercampur dengan para prajurit yang lain menerjang maju memporak-porandakan barisan lawan. Banyak di antara orang kafir yang tewas. Terkena kerasnya gada sekali saja lima hingga enam korban berjatuhan. Pasukan kafir kemudian berniat mengeroyok Kyai Patih.


4. // Kyana Patih tinubruk dening wong kathah/ bingung karoban tandhing/ amundur sêksana/ tandya kapêthuk sigra/ ing Gusti Sri Kondhabumi/ sarya nêbda kras/ duka yayah sinipi//


Kyai Patih yang diserbu oleh sekian banyak pasukan merasa bingung karena banyaknya orang yang mengeroyoknya. Ia pun mundur dengan segera, dijemput oleh tuannya Sri Baginda Kandhabumi yang lalu bersabda penuh kemarahan.


5. // manrêg gêtak wadya Eslam gya nêmpuh prang/ langkung ramening jurit/ atumbak-tinumbak/ wêneh jambak-jinambak/ (112r)dugang-dinugang gênti/ Sri Dasaboja/ ngamuk liwung ngajrihi//


Ia pun bergerak cepat menggiring pasukan Islam maju ke medan perang. Medan laga kian riuh, saling tombak, saling jambak, saling tendang berganti-ganti. Sri Dasaboja mengamuk tanpa ampun sangat mengerikan.


6. // winantara pênggadane Dasaboja/ tumiba ing wong kapir/ sapisan wong papat/ nêm pitu sirna gêmpang/ sekêt satus sewu mati/ saking kehira/ kapir mêksa ngêbyuki//


Tiap Dasaboja mengayunkan gadanya menjatuhi orang kafir sekali saja, empat, enam, hingga tujuh orang cedera. Sedangkan yang tewas mencapai lima puluh hingga seratus ribu orang. Karena banyaknya korban jatuh di pihak pasukan kafir, mereka pun nekat mengeroyok.


7. // dhadhalira ing ngarsa wuri manêrjang/ risang Kondhabumi glis/ wuru pangamuknya/ sarya kesisan bala/ kinrêbut pênthung suligi/ gêreneng canggah/ Sri Nata tan gumingsir//


Barisan buyar di depan dan belakang. Semua menerjang Baginda Kandhabumi. Mereka mengamuk bagai orang yang tengah mabuk, pasukan kafir mengeroyok dengan senjata pentungan, sligi, ganco, dan pengait. Namun, Sri Baginda tak juga beringsut.


8. // mêncak-mêncak wong Cina mêksa katulak/ prug gada wor lan siti/ wênehe kulewang/ mêdhang abir gulewang(i) (-1)/ ponang dipongga/ rêmpu katiban mimis//


Pasukan Cina mencak-mencak, ditangkis dengan gada jatuh ke tanah. Yang lain menyerang dengan kelewang dan pedang. Gajah tunggangan Sri Kandhabumi ambruk terkena peluru.


9. // datan pasah nging rêmuk kang ponang tulang/ gêloso aneng siti/ Sang Sri Dasaboja/ kapêksa ing dipongga/ lumumpat gêro gumrêgit/ gada tinilar/ sinabêtakên aglis//


Meskipun tak mempan, namun peluru tak urung meremukkan tulangnya hingga ia terkulai di tanah. Sri Dasaboja terpaksa melompat dari gajahnya. Ia menggeram marah. Segera ia menyabetkan gadanya.


10. // kêthen yutan wong Cina ingkang palastra/ saking kehing wong kapir/ ngêbyuki babathang/ Sri Dasaboja ingkang/ wuru pangamuking jurit/ sura mapanggah/ cuwa kasaput ratri//


Ratusan ribu hingga jutaan pasukan Cina tewas. Banyaknya korban dari pihak kafir membuat mayat mereka tertumpuk. Sri Dasaboja mengamuk bak mabuk, terus bertahan dengan gagah berani. Ia kecewa karena peperangan harus terhenti bersamaan dengan tibanya malam.


11. // angunduri kang samya abondayuda/ tata makuwon aglis/ Sang Sri Dasaboja/ dalu sawadyanira/ ginêm reh wêkasing jurit/ asru ngandika/ heh bocah benjingenjing//


Seluruh pasukan mundur dari medan pertempuran dan kembali menata barisan di kubu masing-masing. Malam hari, Sri Dasaboja dan seluruh pasukannya membicarakan hasil pertempuran hari itu. Ia bersabda, “Hei para prajurit, esok pagi


12. // rêmpon ing prang sumêdya asabillolah/ sandika turing Patih/ wus gilig sêksana/ benjing nêmbang têngara/ bucêkan atata baris/ aglar sumahab/ wong kapir wus mi(113v)ranti//


kita bertempur habis-habisan dengan semangat sabilillah!”. Patih bersedia, demikian pula seluruh pasukan telah bulat tekadnya. Pagi hari, kembali genderang perang ditabuh. Seluruh pasukan menata barisan mereka. Formasi barisan dirapatkan. Pasukan kafir telah siap di pos mereka.


13. // sigra têmpuh wong kapir lawan wong Islam/ bêdhil-binêdhil gênti/ atumbaktinumbak/ abir tarung lawan pêdhang(+1)/ suligi pênthung lawan kris/ wêneh cokotan/ luwih ramening jurit//


Pasukan kafir pun segera berperang tanding dengan pasukan Islam. Saling tembak, saling tombak, saling pedang. Sligi, pentungan, dan keris bercampur. Beberapa ada pula yang saling gigit. Perang berlangsung ramai.


14. // dhadhalira ing ngarsa wuri mangidak/ rêbut rok silih ungkih/ yata kalalika/ Sang Prabu Dasaboja/ tuwin Dasawikrama glis/ manrombol ing prang/ sêdya rêmponing jurit//


Barisan bubar. Di depan dan di belakang saling injak saling desak. Saat itu, Sri Dasaboja bersama dengan Patih Dasawikrama segera menerjang maju dengan tekad hancur di medan laga.


15. // bubar mawut wong kopar katiban gada/ sewu rong ewu mati/ salêksa kang prapta/ nadyan salêksa sirna/ sayuta wêndran ngêbyuki/ kunêng kocapa/ nênggih Sang Prabu Dewi//


Pasukan kafir tercerai-berai terkena gada. Tiap seribu hingga dua ribu orang tewas, datang lagi sepuluh ribu. Setelah yang sepuluh ribu berhasil dipukul mundur hingga tewas, sejuta bahkan puluhan juta orang datang mengeroyok. Alkisah, Sang Prabu Dewi


16. // ingkang tansah anjangkung neng madya gantang/ awas dennya ningali/ yen Sang Prabu Dasa/ boja karoban yuda/ sêmu kasoraning jurit/ wêlas tumingal/ mring Sang Dasaboja Ji//


yang tengah berada di angkasa awas melihat pada Prabu Dasaboja yang tengah berada di tengah kepungan dan agaknya terdesak. Sang dewi merasa iba melihat kondisi Sri Dasaboja.


17. // kewran ing tyas kusuma arsa tulunga/ dene awarna estri/ kewêt dening driya/ sêkala malih warna/ priya bagus angendrani/ tuhu bêranyak/ ambancer ngrêspateni//


Sang dewi ingin membantu tetapi merasa ragu karena segan atas wujudnya yang perempuan. Ia kemudian mengubah wujudnya menjadi seorang lelaki yang sangat tampan dengan tatapan mata yang berani, sangat sedap dipandang.


18. // sêmu ladak manglungit liringnya kungas/ jwala amendha sasi/ angagêm makutha/ linuding rêtna mulya/ rasukan baludru wilis/ rinendrasmara/ têmpur lawan mêndhali//


Ia terlihat agak angkuh dan misterius dengan tatapan mata tajam. Sinarnya bagaikan rembulan. Ia mengenakan mahkota bertatahkan permata mulia. Busananya dari bahan beludru berwarna hijau yang bersulam indah berhias medali


19. // bintang liye turun sangking suwarga(-1)/ miwah tondha erloji/ rante susun sapta/ rugma ingkang kinarya/ rinujit tinon nêlahi/ karset tulen dah/ dhuwung winangking ngarsi//


Bintang Leyo (Leeuw) dari surga dan sebuah arloji dengan rantai emas bersusun tujuh. Niscaya, silau mata yang melihat. Ditambah dengan rantai kalung karset dan keris yang terselip di muka.


20. // nitih kuda dhawuk pancal su(114r)konira/ cumlorot sing wiyati/ kadya daru tiba/ munggeng têngahing rana/ gonda rum amnrus pratiwi/ Sri Dasaboja/ kagyat sabdanya ririh//


Dengan menunggang kuda berwarna dhawuk dengan kaki belang putih, ia turun dari langit bagai bintang jatuh ke tengah medan perang. Bau harum semerbak memenuhi bumi. Sri Dasaboja terkejut dan berkata pelan,


21. // engatase(?) lêsana(?) satriya prapta/ ngarsa miwah ing wingking/ paran kang sinêja/ ing wingking pundi pinongka(+1)/ tigas kawuryan Dyan Mantri/ sintên sinambat/ yata sang Raja pêkik//


“Di tengah perang, tiba-tiba saja ada seorang ksatria datang dari depan ke belakang. Kemana sebenarnya tujuan Anda? Dari mana Anda berasal? Dan, siapakah nama Anda?”. Sang raja yang rupawan


22. // anauri arum manis sêpdanira/ sira tambuh ing mami/ Mraja Dasaboja iya wruhan manira/ sun iki pan dudu êjin/ dudu manungsa/ yêgti atining gêni//


menjawab dengan suara yang halus, “Apakah kau tidak mengerti siapa aku? Maharaja Dasaboja, ketahuilah olehmu, aku bukan jin, juga bukan manusia, aku adalah sari dari api.


23. // apan têka takdiring Ywang Maha Mulya/ wimbuh Sri Kondhabumi/ langkung ajrihira/ minta kang wadyabala/ tan beda ciptaning ati/ lawan Sang Nata/ nulya ngandika aris//


Aku datang atas suratan kehendak Tuhan Yang Maha Mulia”. Sri Kandhabumi bertambah takut. Dalam hati ia merasa ksatria ini mirip sekali dengan Sang Raja (Gandakusuma). Sang ksatria rupawan berkata lembut,


24. // lah ta iya sira Prabu Dasaboja/ dene prapteng sun iki/ arsa tutulunga/ iya marang ing sira/ genira mangrata kapir/ ingsun watara/ sira kasoran jurit//


“Prabu Dasaboja, ketahuilah, kedatanganku di sini adalah untuk memberi pertolongan kepadamu dalam upayamu menghancurkan barisan kafir. Kulihat, kau terdesak. (1939: 103). Oleh karena dalam teks tidak ditemukan keterangan mengenai warna dasarnya, kata tersebut dibiarkan apa adanya.


25. // lawan sira aja darbe maras driya/ dhingin sira duk lagi/ akinen lumakya/ gustimu marang sira/ wus saguh banjêl ing jurit/ sun wehi wikan/ marang sira sayêkti//


Kau tidak usah takut. Tentunya kau masih ingat, dulu ketika kau diperintahkan oleh rajamu untuk berangkat berperang, rajamu telah berjanji untuk membantumu di medan perang. Kuberitahu kau.


26. // yen saiki gustimu lagya asusah/ awit têka kang rayi/ sang dyah Sariraga/ iku mothah kêpatya/ gustimu pan den aturi/ kêrsa tan kêrsa/ kinen marang nêgari//


Sesungguhnya saat ini rajamu tengah dilanda kesusahan karena Permaisurinya, Dewi Sariraga, memohon dengan sangat kepadanya. Rajamu diminta agar mau tidak mau pergi ke negara


27. // pan ing Katbahbudiman anging lênggana/ gustimu tan nuruti/ sinêmayanbenjang/ sinêmayan benjang yen wus rata ing Cina/ iku ta gustimu putri/ pamothahing karsa(+1)/ dadya (115v)sangêt prihatin//


Kakbah budiman. Tapi ia tidak mau. Rajamu berjanji kelak akan dilaksanakan jika Cina sudah ditundukkan. Namun, tuanmu Permaisuri berkeras. Ini menjadikan tuanmu Raja demikian prihatin.


28. // pramilane gustimu cidra ing aprang/ ora nêkani jurit/ pan awit punika/ ingkang dadya rubeda/ nging sira ywa darbe pikir/ sumêlang driya/ ingsun têtulung jurit//


Sebab itu, ia terpaksa ingkar pada janjinya untuk turut berperang dengan tidak hadir di medan laga. Itulah permasalahannya. Tetapi, janganlah itu membebani pikiranmu. Akulah yang akan membantumu dalam peperangan ini”.


29. // sarêng myarsa sabdanya kang mendha warna/ lêga Sri Narapati/ tyas marwata suta/ wusana tur mangrêpa/ Pukulun dahat lumiring/ dherek sakarsa/ nêbda sang mendha warni//


Sri Dasaboja sangat gembira mendengar penjelasan sang ksatria jelmaan Sarirasa. Ia pun berkata penuh harap, “Tuanku, hamba mengiringi dan senantiasa berserah pada perintahmu”. Sang ksatria jelmaan berkata,


30. // lamun tambuh aran sun Dyan Arkamaya/ lah payo Sri Bupati/ padha undhangana/ wadya kang mundur yuda/ sigra Sri ngabani baris/ prawiraning prang/ kinen rêmpon ing jurit//


“Bila kau tak tahu namaku, aku Raden Arkamaya. Ayo, Baginda. Panggil kembali pasukanmu yang telah mundur”. Sri Dasaboja segera memberi aba-aba untuk kembali merapatkan barisan pada para perwira perang untuk maju kembali ke medan pertempuran.


31. // sasisane papêtah para punggawa/ ngumpul wus amiranti/ gya nêmbang têngara/ têtêg kadya butula/ kang Kalaganjur mêlingi/ gênggêng sumahab/ sigra manêmpuh aglis//


Seluruh sisa pasukan dan punggawa telah berkumpul dalam keadaan siaga. Mereka pun segera menabuh genderang dengan keras memekakkan telinga. Suara genderang ditingkahi dengan gending Kalaganjur. Mereka pun segera maju menerjang.


32. // maryêm muni jumêgur lir gunung bêlah/ bendrong bêdhil mawanti/ wong kapir atadhah/ Eslam mêksa katulak/ maju-maju angêmasi/ mundur kabranan/ lir sulung malbeng gêni// 


Meriam berbunyi gemuruh bagai gunung yang terbelah. Bedil dan senapanditembakkan berkali-kali. Pasukan kafir terus menyerang. Pasukan Islam terdesak. Memaksa maju, pasti mereka mati. Mundur pun terluka. Kondisi mereka benar-benar bagai serangga kecil yang masuk ke dalam kobaran api.


33. // dhadhalira pra wadya kapyarsa Radyan/ bêndu yayah sinipi/ gya ngêtab turongga/ mamprung ing rananggana/ pêdhang kangkamnya pinusthi/ kang sawang mrapat/ kuda ngêrap lir thathit//


Hancurnya pertahanan terlihat oleh sang ksatria. Ia menjadi sangat marah. Segera ia hela kudanya merangsek maju ke medan laga. Pedangnya terhunus. Kuda berlari bagai kilat.


34. // wadya kopar duk sinabêd direng pêdhang/ sapisan tuk sakêthi/ sayuta kang prapta/ sinabêt wus asirna/ ing wuri maksih anggili/ Rahadyan Arya/ datan kewran ing galih// 


Pasukan kafir yang terkena sabetan pedang sekali saja, robohlah seratus ribu. Lalu datanglah sejuta. Kembali disabet, tapi dari belakang terus mengalir. Namun, hal itu tak membuat Raden Arya gentar hatinya.


35. // sangsayenggar Dyan Arya pangamukira/ pati makêthi-(116r)kêthi/ ayutan mawêndran/ wangke sungsun atumpang/ payudan lir sagra gêtih/ asarah watang/ miris kang wadya kapir//


Raden Arya kian menikmati peperangan. Korban berjatuhan di pihak musuh kian bertumpuk, ratusan ribu, jutaan, berpuluh-puluh juta mayat bersusun-susun. Medan pertempuran bagai lautan darah yang dikotori oleh beraneka senjata. Pasukan kafir menjadi ngeri.


36. // lir pujongga sinambêr deneng prêdongga/ mawut tan mongga pulih/ abubar sasaran/ sing atinêrjang tigas/ jongga pêdhot dhas gumlinting/ wadya ing kopar/ mundur mangungsi gusti//


Bak pujangga yang tersambar alunan gending, pasukan kafir bercerai-berai tak kembali, bubar tak tentu arah. Mereka yang terkena terjangan sang ksatria jelmaan, putus lehernya, dan kepalanya menggelinding di tanah. Pasukan kafir mundur mengungsi ke tempat rajanya.


37. // Sri Narendra ing Rokam duk amiyarsa/ bêndonira nglangkungi/ gya miyak punggawa/ memreng kinêtab sigra/ sumêdya ngawaki jurit/ Dyan Arkamaya/ enggal dennya mêrpêki//


Raja Rokam yang mendengar laporan pasukannya menjadi teramat murka. Ia pun segera menyibak lautan prajurit dengan tunggangannya dan memimpin pertempuran. Raden Arkamaya segera datang menyongsongnya.


38. // kadya gilap cumlerot sangking wiyati/ jola Sri Narapati/ lah iki ta apa/ mak jlêg têka ing ngarsa/ apa ta pranakan êjin/ aranmu sapa/ Radyan aris nauri// 


Kedatangan sang ksatria bagai cahaya kilat yang turun dari langit. Sri Baginda terkejut. “Apakah gerangan ini, tiba-tiba saja datang dihadapanku? Apakah kau peranakan jin? Siapa namamu?”. Raden Arkamaya menjawab tenang,


39. // kang ngêdhaton aneng guwa Sirkasmaya/ dene prapteng sun iki/ tutulung si bapa/ Sang Mraja Dasaboja/ gonira mangrata kapir/ pinrih Eslama/ yata Sri Banakamsi// 


“Istanaku di gua Sirkasmaya. Kedatanganku kemari adalah untuk menolong Bapa Maharaja Dasaboja dalam usahanya menaklukkan kaum kafir agar mereka tunduk dan memeluk Islam”. Sri Banakamsi


40. // asru krodha jaja bang mawinga-winga/ asru nêbda Sang Aji/ de bocah kêparat/ ngaku dudu manungsa/ ingsun duga rada dhanggling/ eman rupanta/ sarwa mangikal bindi// 


sangat marah. Dadanya memerah menyala. Sang Raja pun berkata keras, “Bocah keparat!! Mengaku bukan manusia! Kukira kau agak gila! Sayang rupamu tampan!”. (Sri Banakamsi) memutar-mutar gadanya.


41. // asru mupuh Rahadyan kuwat atadhah/ sing rosaning kang bindi/ kuda pun sênaba/ nujah anjrit manglumba/ surak prajuriting kapir/ yata Rahadyan/ tansah pinupuh wanti// 


Dengan keras (ia) menghantamkan gadanya, namun semua hantamannya ditahan dengan kuat. Kuatnya hantaman gada justru membuat kuda meloncat seraya meringkik. Prajurit kafir bersorak-sorai. Syahdan, Raden (Arkamaya) terus menerus dihantam gada.


42. // sungsun-sungsun pamupuhe Nateng Rokam/ Radyan datan gumingsir/ gya wau Sang Nata/ asru dennya manêbda/ lah iki jalma punapi/ katiban gada/ (117v)pijêr enak sasirig// 


Bertubi-tubi serangan Raja Rokam tak membuat Raden (Arkamaya) bergeser dari tempatnya. Sang raja pun berkata, “Manusia macam apa kau ini?! Terkena hantaman gada berkali-kali tetap enak-enak melonjak-lonjak di atas kuda!”.


43. // Radyan Arkamaya aris dennya nabda/ tekna gêndhingmu kapir/ sun mongsa mundura/ kurdha Sang Sri Banakamsa(+1)/ gadanya binuwang aglis/ gya narik pêdhang/ nrajang amêdhang wanti// 


Raden Arkamaya berkata tenang, “Habiskan seluruh dayamu hei manusia kafir! Aku niscaya tak akan mundur!”. Sri Banakamsi segera membuang gadanya dan menghunus pedangnya seraya menyerang lawannya berkali-kali.


44. // pêdhangira rinêbat pan wus kêna(-1)/ pinutung dadya kalih/ saya Nateng Rekan/ langkung denira duka/ nanging sajronireng galih/ kalangkung maras/ dadya gambireng westhi//o// 


Namun, Raden Arkamaya berhasil merebut pedang lawannya dan dipatahkan hingga menjadi dua bagian. Raja Rokam semakin bertambah geram, tetapi ia pun merasa ketakutan dalam hati dan makin kehilangan kendali dalam berperang.


1. // Yata wau Sang Prabu/ sigra narik kastulira gupuh/ sangking krêkas pinancat aglis wus muni/ lumêpas mimis pan antuk/ marang kudanya sang anom// 


Sang Prabu segera menarik pistol dari kantung pistolnya dan segera ditembakkannya. Peluru terlepas dan mengenai kuda sang ksatria muda.


2. // tan tumama ponang pistul/ kuda jola gêbres nubruk-nubruk/ brakot muka ingungsêpakên neng siti/ gubras bêthok rahnya mancur/ Sang Nata wus têkeng layon// 


Ternyata peluru yang dilepaskan oleh sang raja tidak mempan. Kuda sang ksatria berontak dan menerjang sang raja. Wajah sang raja digigitnya dan disepaknya hingga terantuk di tanah. Darah memancar. Sang raja tewas.


3. // sigra wau sang binagus/ maksih aneng rana nguwuh-uwuh/ mara êndi tunggale si lanat kapir/ mêtuwa yen sira [a]yun(-1)/ papak[ê]na tandangingong (-1)// 


Sang ksatria masih tegak di medan laga. Ia berseru memanggil-manggil, “Ayo!! Mana lagi teman-teman si kafir! Keluarlah jika kau berani! Lawanlah aku!”.


4. // duk mirêng Minangkabu/ sigra amit arsa majêng pupuh/ wus ingiden nulya nyengklak unta aglis/ sarya asru dennya muwus/ lah kabeh sira ponang wong// 


Saat Raja Minangkabu mendengarnya, ia pun mohon pamit dan setelah mendapatkan izin ia pun segera naik ke atas untanya dan berkata keras, “Hei seluruh pasukan!


5. // padha suraka den umyung(+1)/ wadya kabeh kêjaba mung ingsun/ kang dhingini prajurit ing Kondhabumi/ gya surak lir gunung gugur/ kinêtap untanya jojrog//


Bersoraklah kalian semua! Aku yang akan memimpin pertempuran melawan pasukan Kandhabumi!”. Para prajurit pun bersorak riuh bagai gunung yang meletus. Sang raja pun menghela untanya.


6. // wus pêthuk ing kalihipun(+1)/ sarêng mulat Nateng Minangkabu/ jroning driya sumêdhot wau Sang Aji/ dadya sirna dukanipun/ ketang sênêngireng batos//


Keduanya telah bertemu. Saat melihat lawannya Raja Minangkabu merasa khawatir hatinya hingga hilang kemarahannya. Ia merasa gembira.


7. // gya nyê(118r)lak Sang Minangkabu(+1)/ aneng keringira sang binagus/ tan lagewa wau Sang Raja pinêkik/ Nateng Minangkabu muwus/ lah dene sira wong anom//


Sang Raja Minangkabu segera mendekat ke sisi kiri sang ksatria. Sang ksatria mengacuhkannya. Raja Minangkabu berkata, “Wahai, kau anak muda.


8. // arsa ngayoni mring sun/ lah yen karsa aja prang lan ingsun/ eman-eman mongsa kuwata nadhahi/ mring prange Sang Minangkabu/ luwung sira ta wong anom// 


Kau ingin menandingiku? Sudahlah, bila kau ingin berperang, jangan kau melawanku. Sungguh sayang. Kau tak akan kuat melawan Sang Raja Minangkabu.


9. // iku prayoganipun/ sira uga pantês ing satuhu/ nora pantês yen pranga kêlawan mami/ pantêse sira lan ingsun/ prasobatan bae manggon// 


Kau tak pantas berperang denganku. Lebih pantas jika kau dan aku bersahabat saja”.


10. // saya grêgut Minangkabu/ nyêlak arsa jawil pipinipun/ lagya nglawe tinuleh enggal nginggati/ êndhase tinabok luput/ tinututan liyak bolong// 


Raja Minangkabu semakin berani. Ia mendekat dengan maksud ingin mencolek pipi sang ksatria. Baru saja tangannya terulur, sang ksatria dengan gesit menghindar. Kepalanya hendak dipukul namun tak kena, berikutnya sang ksatria menyabet bertubi-tubi


11. // ajungkêl Sang Minangkabu/ anêratas memrengnya alampus/ wadya Islam asurak lir ruging wukir/ kapyarsa Sang Raja Jamun/ gya nyingklak sangsamnya gupoh// 


hingga sang raja terjungkal bersimbah darah. Tunggangannya mati. Pasukan Islam bersorak bagai gunung runtuh. Sang Raja Jamun yang melihat kejadian tersebut segera menunggang menjangannya.


12. // kinêtab rikat lumayu(+1)/ Nateng Johan sru mundhi salukun/ prapteng rana wus ayon-ayonan sami/ Sri Jamun akras amuwus/ den prayitna mungsuh ingong// 


Menjangan berlari kencang. Raja Johan telah sampai di medan laga dan telah berhadap-hadapan dengan lawannya. Dengan lantang ia berkata, “Waspadalah kau melawanku!”.


13. // tan sronta sigra nyalukun(+1)/ kang pinupuh kuwat datan keguh/ wanti-wanti Sri Jamun denira gitik/ Nateng Johan asru muwus/ lah mara malêsa gupoh// 


Tidak sabar, Sri Jamun segera melepaskan senjata salukunnya. Namun sang ksatria tak gentar sedikitpun. Berkali-kali Sri Jamun menyerang. Ia pun berkata, “Ayo, balaslah, lekas!”.


14. // Rahadyan ngandika arum(+1)/ heh lanat tutugna [sa]gêndhingmu(-1)/ yen wis dugi karêpmu sun walês gênti/ Sri Jamun saya kabêndu/ manitir denira mupoh// 


Sang ksatria berkata, “Hei laknat! Segera tuntaskan dengan segala dayamu! Jika kau sudah puas, akan kubalas!”. Sri Jamun kian geram. Ia menyerang membabibuta.


15. // tan etang pamupuhipun(+1)/ kang turongga anjrit nglumba nubruk/ pan angêrah (119v)anujah Sri Jamun lalis/ wadya Eslam surak gumruh/ kapyarsa Sri Polak Katong// 


Serangan yang dilakukan oleh Raja Jamun benar-benar tanpa perhitungan. Kuda sang ksatria melengking meloncat menerjang dan menggigit Sri Jamun hingga tewas. Pasukan Islam kembali bersorak riuh. Sri Polak melihat kejadian tersebut.


16. // langkung duka Sang Prabu/ Sri ing Cina matêg ajinya nêkung(+1)/ pansakêdhap gumrudug wraha dhatêngi/ kinêplokan gya mangamuk/ Rahadyan kagyat dennya non// 


Raja Cina demikian marah. Ia pun segera mengerahkan kesaktiannya sehingga dalam sekejap datanglah rombongan babi hutan mendekatinya. Hanya dengan ditepuki saja, rombongan babi hutan itu mengamuk. Sang ksatria terkejut melihat pemandangan itu.


17. // prayitna wau sang bagus(+1)/ kêbat ginêbrag kuda wus mamprung/ anggarjita turongga mangamuk wani/ anubruk nujah manakur/ anepak tansah ambrakot// 


Sang ksatria waspada. Kudanya dihela keras hingga melompat menerjang. Dengan sengit, kuda sang ksatria mengamuk dengan gagah berani, menubruk menggigit menyepak dan menggigit.


18. // abubar wraha sadarum(+1)/ yata Sang Sri Cina sarêng dulu/ kadibyannya wus sirna gya matak aji/ sakêdhap ciptanya rawuh/ eblis lanat rupa uwong// 


Bubarlah seluruh babi hutan. Melihat kesaktiannya berhasil dienyahkan, ia pun kembali mengerahkan kesaktian berikutnya. Dan, dalam sekejap datanglah iblis berwujud manusia


19. // gumrudug prapta ing ngayun(+1)/ Sri ing Cina lêgeng galihipun/ sigra kêplok arame swaraning jurit/ wus majêng setan gumuruh/ kapungkur wau SangKatong//o// 


dalam jumlah yang sangat banyak. Raja Cina merasa lega hatinya. Ia pun menepuk tangannya. Riuh rendah suara pasukan maju. Pasukan setan bergerak menimbulkan suara bergemuruh. Kita tinggalkan sang raja di belakang.


1. //o// Yata wau kawarnaa/ wadya bêlis samana wus aprapti/ asurak swaranya rug(-1)/ nanging datan katingal/ Radyan Arkamaya sru kagyat ing kalbu/ amyarsa suraking wadya/ kewran sajronireng galih//


Dikisahkan saat itu pasukan iblis telah datang. Mereka bersorak-sorak dengan suara yang sangat gaduh namun tidak terlihat wujudnya. Raden Arkamaya terkejut mendengar sorak-sorai itu. Dalam hatinya ia mulai merasa cemas.


2. // dene mungsuh tan kapyarsa/ mingak-minguk kanan miwah ing kering/ anging kuda wus andulu/ marang prajurit setan/ pun sêba sêmana sajroning kalbu(-1)/ dhuh Gusti punika mêngsah/ bêlis sampun andhatêngi//


Musuhnya tak terlihat wujudnya. Ia melihat ke kanan dan ke kiri (tak terlihat apapun). Tetapi, kudanya mampu melihat para pasukan setan. Dalam hati sang ksatria membatin, “Ya Tuhan, musuhku para iblis telah mendatangiku”.


3. // pan antara bêlis lanat/ pan anubruk gêlut samya sêkalir/ kuda bingung polahipun/ yata Dyan Arkamaya/ langkung kewran de mungsuh datan kadulu/ wus dugi Dyan Arkamaya/ sakêdhap eblis dhatêngi//


Tak lama kemudian, pasukan iblis menerjang. Terjadilah pertarungan di antara keduanya. Kuda sang ksatria bingung. Raden Arkamaya pun sangat bingung karena musuhnya tak terlihat. Sekejap saja datang kembali pasukan iblis.


4. // sigra [Ra]Dyan Arkamaya(-1)/ kang turongga kinêtap wus mangêrti/ lumarap kuda mangamuk/ ta(120r)nsah Dyan Arkamaya/ têlas lanat ingawur sinabêt mawut/ kering kanan ngarsa wuntat/ bêlis lanat bubar gusis//


Raden Arkamaya menghela kudanya. Tanggap pada isyarat tuannya, kuda segera meluncur mengamuk bersama dengan Raden Arkamaya. Tercerai-berailah pasukan iblis terkena sabetan Raden Arkamaya. Di kanan, kiri, depan, dan belakang, seluruh iblis bubar tak tersisa.


5. // atansah Dyan Arkamaya/ langkung kiwul dukanira ing galih/ wus bubar setan gumuruh/ sigra Dyan Arkamaya/ kuda ngêtrag kinêtap sakêdhap mamprung/ neng ngarsanira Sri Cina/ êmeh sinabêt camêthi//


Raden Arkamaya kian bersemangat menyerang dengan kemarahan memuncak. Seluruh pasukan setan telah berhasil disapu bersih. Lalu, segera Raden Arkamaya mengarahkan kudanya maju hingga tiba di hadapan Raja Cina. Hampir saja ia disabet cemeti.


6. // Sri Polak enggal amêdhak/ ulat biyas ing tyas asênig-sênig/ gya sojah Sri Polak gupuh/ nêmbah sarya mundrawa/ ngasih-asih aturira mêlas ayun/ adhuh Gusti Jêng Pangeran/ kang abdi srah pati urip//


Sri Polak tergopoh-gopoh turun. Matanya memancarkan ketakutan dan hatinya berdebar-debar. Sri Polak pun segera membungkuk takzim seraya bersembah. Ia berkata penuh iba, “Duhai Tuanku Kanjeng Pangeran, hambamu pasrah hidup dan mati.


7. // tan kra(o)s adarbe yuswa/ pêjah gêsang sumongga karsa Gusti/ sakathahe lêpat ulun/ mugi minta aksama/ awit saking riridhuning manah kuwur/ mugi Gusti Jêng Pangeran/ pun dasih tan darbe urip//


Tuanlah yang berkuasa atas hidupku. Aku mohon ampun atas semua kesalahanku yang telah dikuasai oleh hawa nafsu sehingga gelap mata.  Semoga Tuanku berkenan. Aku tak lagi berkuasa atas hidupku.


8. // kêjaba mung jêngandika/ sampun ingkang kinen salin agami/ najan pêjah gêsang ulun/ pinundhut tan lênggana/ sampun enjang tuwin mangke ajumurung/ yata Radyan Arkamaya/ sêmana sarêng miyarsi//


Tuankulah yang menguasai. Jangankan diperintah untuk mengubah agama, mati dan hidup pun kurelakan. Esok maupun sekarang juga aku bersedia”. Raden Arkamaya yang mendengar


9. // aturira Sri ing Cina/ pan alilih dukanira sang pêkik/ angawe Sri Dasabahu/ sigra Sri Dasaboja/ gurawalan lumajar sakêdhap rawuh/ prapteng ngarsanya Rahadyan/ anulya ngandika aris//


kata-kata Sri Raja Cina, meredalah kemarahan sang ksatria. Sri Dasabahu dipanggilnya. Dengan tergopoh-gopoh Sri Dasaboja berlari kehadapan sang ksatria. Raden Arkamaya pun bersabda,


10. // lah ta Raja Dasaboja/ kawruhana pan mungsuhmu iki(-1)/ wus asrah prasêtyanipun/ lah priye karsanira/ ngong tumurut pêrkara tan milu-milu/ sugal Prabu Dasaboja/ mring Cina sarya manuding//


“Wahai kau Raja Dasaboja, ketahuilah bahwa musuhmu ini telah berjanji setia. Bagaimana kini kebijaksanaanmu? Aku tak akan turut campur dalam perkara ini”. Dengan keras Prabu Dasaboja berkata mata Sri Raja Cina sambil menuding,


11. // heh têmên toba(121v)tmu lanat/ lamun durung tutugna karêpmu kucir(+1)/ lah payo mara den gupuh/ bijigi iki sela/ Sri ing Cina tumungkul datan sumaur/ yen sira wis yêkti tobat/ ingsun golekêna gundhik//


“Hei kau! Apakah kau benar-benar bertobat laknat?! Jika belum, tuntaskan semua sekarang, kuncir! Lekaslah! Seruduklah batu ini!”. Sri Raja Cina menunduk tak menjawab. Dasaboja kembali berkata, “Jika benar kau sudah bertobat, carikanlah gundik untukku


12. // kang dhandhing sedhêt amrantas/ mining-mining mêrkêtêse gumrining/ Dasaboja sarya guguk/ maneh sira Sirpolak/ apan masthi sun salini agamamu/ nêbuta Gusti Kang Murba/ kapindhone Kangjêng Nabi//


yang cantik, bertubuh padat, dan berkulit kuning halus”, demikian kata Dasaboja seraya tertawa. “Dan berikutnya, Sirpolak. Aku pasti akan mengganti agamamu. Sebutlah nama Tuhan Yang Maha Kuasa, kedua Kanjeng Nabi


13. // Rasullolah kakasih Ywang/ Sri ing Cina aris denira nauri(+1)/ sampun kang kadya puniku/ yen nêja gumingsira/ apan nênggih mênggah gêsang pêjah ulun/ pinundhut datan suwala/ sampun benjang najan mangkin//


Rasulullah kekasih Tuhan”. Sri Raja Cina berkata pelan, “Jangankan hanya seperti itu, jika sampai aku mengelak pastilah aku mati. Aku rela. Esok ataupun saat ini,


14. // yêgti wus srah jiwa raga/ gya samana Radyan Arkamaya di/ aris pangandikanipun/ lah Mraja Dasaboja/ yen mangkono karêpmu ingsun tan rêmbug/ pan têka istingarahnya/ yen amung sira pribadi//


aku sungguh-sungguh telah pasrah jiwa dan raga”. Raden Arkamaya berkata lembut, “Maharaja Dasaboja, jika kau berkehendak demikian, aku tak setuju. Bila demikian sudah bisa dipastikan itu mengarah pada kepentingan pribadimu.


15. // sênajan ingsun kewala/ tan prayoga yen ngowahana takdir/ jêr Cina iku satuhu/ mêsthi wus karsaning Ywang/ wus tinêkdir karya ganêping petung(-1)/ priye ta prayoganira/ beda kêlawan si kapir//


Aku sekalipun tak diperbolehkan mengubah takdir. Si Cina itu bersungguh-sungguh. Itu pastilah sudah menjadi kehendak Tuhan. Telah ditakdirkan sebagai sarana menggenapkan perhitungan.


16. // lah iya sun tutur sira/ rikalanya Gusti Nabi sinêlir/ pan jalma kapir puniku/ sumêja bubrah sarak/ pramilanya iku pan turun-tumurun/ abeda lawan wong Cina/ ya bênêr padha wong kapir//


Kuberitahu padamu, saat Nabi dipilih, orang-orang kafir itu hendak merusak aturan agama. Itulah sebabnya, turun temurun berbeda dengan orang Cina. Adalah benar jika mereka sama-sama orang kafir.


17. // nanging wus takdiring Sukma/ kudu nora padha lawan si kapir/ yata Sang Sri Dasabahu/ aris dennya manêbda/ bêsar hati (123r)si kêparat setan gundhul/ yata wau Sri ing Cina/ kêlangkung marwata siwi//


Namun sudah menjadi takdir Tuhan mereka dibedakan dengan orang kafir”. Sri Dasabahu bersabda pelan, “Besar hati dia, si keparat setan gundul”. Sri Raja Cina sangat merasa gembira.


18. // gya Radyan aris ngandika/ lah ta iku kêlamun karsa mami/ heh sira apa arêmbug/ matur Sri Dasaboja/ pan sumongga pun bapa sewu ju[mu]rung   (-1)/ yata Radyan angandika/ lah padha rungokna sami//


Raden Arkamaya kembali berkata, “Demikian yang menjadi kehendakku. Apa kau setuju?”. Sri Dasaboja menjawab, “Silahkan saja. Bapa menyetujui saja”. Raden Arkamaya berkata, “Dengarkanlah kalian semua!


19. // kang dadi pranataningwang/ heh ta sira Sartipolak Narpati/ têtêpa jumênêng ratu/ aneng ing nagri Cina/ apan nanging iya sira den atuhu/ ngidhêpa Sri Dasaboja/ asraha kang bulubêkti//


Kini, yang menjadi keputusanku, kau Raja Sartipolak, tetaplah kau menjadi raja atas negerimu di Cina. Tapi, kuminta kau tunduk pada Sri Dasaboja dan menyerahkan upeti


20. // lêbunya pan sabên warsa/ gya Sri Dasaboja aris nambungi/ lan teh sagulanipun(-1)/ ywa nganti kakurangan/ gula pasir aku(?) teh(?) (akuweh?) lan gula batu/ myang tahu sing ingsun kêrsa/ akêkêl Sri Narapati//


setiap tahun”. Sri Dasaboja menyambung, “Jangan lupa teh dan gulanya. Jangan pula tertinggal, gula pasir, teh (?), kue-kue(?), serta gula batu, dan tahu. Itulah yang kuinginkan”, demikian Dasaboja berkata seraya tertawa geli.


21. // Rahadyan malih ngandika/ ing Sang Nateng Cina sêbdanya manis/ lah undhangana wadyamu/ Sri Cina awotsêkar/ sigra ingkang para wadyanya sêdarum/ sinungan dhawuh sadaya/ wadya gung asaur pêksi//


Raden Arkamaya kembali berkata pada Sri Raja Cina, “Panggil semua prajuritmu”. Sri Raja Cina bersembah, dan segera memerintahkan para prajuritnya.


22. // yata Radyan Arkamaya/ angandika marang Narendra kalih/ heh ta Mraja Dasabahu/ lawan sira Sirpolak/ pan wus rampung manira arsa kundur  (-1)/ marang pacêngkramaningwang/ padha kariya basuki//


Raden Arkamaya berkata pada kedua raja, “Wahai Maharaja Dasabahu dan kau Sirpolak, berhubung semua telah selesai, aku akan pulang ke tempat peristirahatanku. Tinggalah kalian dengan penuh selamat”.


23. // Sri Nateng Cina tur sêmbah/ Jêng Pange[ra]n punata(?) nindaki(-2)/ dhumatêng wisma ulun(-1)/ Radyan aris ngandika/ ingsun trima sira bae Dasabahu/ mampira mring nagri Cina/ raja kakalih tur bêkti//


Sri Raja Cina bersembah, “Kanjeng Pangeran apakah sudi ke rumahku?”. Raden Arkamaya berkata lembut, “Lebih baik kau saja Dasabahu, berkunjunglah ke negara Cina”. Kedua raja pun bersembah.


24. // Rahadyan malih ngandika/ wus kariya ingsun arsa mulih(-1)/ turongga sigra amumbul/ napak anggayuh wiyat/ kunêng ingkang Raja kakalih winuwus/ pan samya ngungun ing driya/ tan be(124v)da kang wadya [a]lit(-1)//


Raden Arkamaya berkata lagi, “Baiklah, aku kembali”. Kuda sang ksatria pun segera mengangkasa. Diceritakan kemudian kedua raja tertegun dalam hatinya, demikian pula para prajurit.


25. // Sri Dasabahu mangucap/ lo ta kiye Polak kasêkten mami/ duwe sobat kamrat bêtul/ malaekat jlagêdhag/ mongsa ana mung sira bae mungsuh mring sun(+1)/ talingus mongsa dadiya/ pêrsasat galintir srinthil//


Sri Dasabahu berkata, “Itulah kesaktianku, Polak. Memiliki sahabat yang sangat sakti bagaikan malaikat. Kau lagi, ingin melawan aku, jadilah kau seperti sehelai bulu hidung, mudah saja, seperti memelintir kotoran hewan”.


26. // andhêku Sri Nateng Cina/ pan aketang ajrihira ing galih/ Dasaboja malih muwus/ payo ta Nateng Cina/ ingsun arsa umiyat mring kadhatonmu/ sumongga turnya Sri Cina/ tan ana maras ing galih//o//


Sri Raja Cina hanya diam karena takut. Dasaboja kembali berkata, “Ayolah Raja Cina, aku ingin meninjau istanamu”. Sri Cina menjawab, “Silahkan”. Hilanglah segala rasa takut di hati.


PUPUH XXIV
=== ASMARADANA === 


1. //o// Sigra pan samya lumaris/ Sang Nata kakalihira/ inging sawadya lampahe/ tandya tan kawarneng marga/ sêmana pan wus prapta/ sadaya pinêrnah sampun/ siyang latri ondrawina//


Kedua raja pun berjalan bersama diiringi seluruh pasukan. Setelah sampai dan menata segalanya, siang dan malam mereka berpesta,


2. // asukan-sukan mangênting/ Sang Aprabu Dasaboja/ kalangkung suka galihe/ pêpak ingkang para wadya/ sukan-sukan sadaya/ samana Sri Dasabahu/ denira neng nagri Cina//


bersenang-senang tanpa henti. Prabu Dasaboja sangat gembira, bersama dengan para prajurit bersenang-senang. Alkisah, Sri Dasabahu telah berada di Cina


3. // wus angsal samadya sasi/ sigra Sang Sri Dasaboja/ pan arsa budhal ing mangke/ ngandika mring Nateng Cina/ heh ta Prabu Sirpolak/ iya mêngko karsaningsun/ ingsun arsa bubudhalan//


selama setengah bulan. San Sri Dasaboja berkehendak untuk berangkat. Ia pun berkata pada Sri Raja Cina, “Hai Prabu Sirpolak, saat ini aku hendak berangkat.


4. // ondhangana wadya sami/ sandika Sri Nateng Cina/ gya undhang marang wadyane/ sigra ingkang wadyabala/ sudhiya pêrdandanan/ tandya Sang Sri Dasabahu/ mijil saking jroning pura//


Panggil semua pasukan”. Sri Raja Cina pun segera memanggil pasukannya. Para pasukan pun segera bersiaga dan Sri Dasabahu pun keluar dari dalam istana.


5. // pra wadya pan wus miranti/ Sri Dasabahu ngandika/ lah payo angkatna age/ bocah ingkang aneng ngarsa/ sigra dhawuh mring Patya/ gya budhal wadya sadarum/ (125v)Sri Dasaboja neng wuntat//


Para prajurit telah siap. Sri Dasabahu berkata, “Segera berangkatkan para prajurit yang berada di baris depan!”. Ia pun memerintahkan Patih dan berangkatlah seluruh prajurit. Sri Dasaboja berada di barisan belakang


6. // lawan Sirpolak Sang Aji/ tan têbih nênggih lampahnya/ yata sêmana lampahe/ wus têbih lawan nêgara/ Cina kunêng kocapa/ Sang Prabu Rara winuwus/ sêmana wus mudhar warna//


bersama dengan Raja Sirpolak yang berjalan tak jauh dengannya. Sebentar saja mereka telah jauh meninggalkan negara Cina. Dikisahkan sang prabu dewi telah kembali ke wujud semula.


7. // aglis wus kundur Sang Aji/ anjujug sajroning pura/ kagyat ingkang para wadon/ samya ngungun jroning driya/ nêbda dyah Sarirasa/ padha s[a]lamêt ing pungkur(-1)/ para cethi atur sêmbah//


Sekejap saja sang raja telah kembali dan sampai di dalam istana. Terkejutlah para perempuan. Mereka tertegun dalam hati. Dewi Sarirasa bersabda, “Apakah kalian semua baik-baik saja selama kami tinggalkan?”. Para abdi perempuan bersembah.


8. // dyah rêtna ngandika aris/ heh bocah padha tataa/ iya ing palênggahane/ sigra tumandang sadaya/ tandya wau sang rêtna/ lumêbeng ing kamar sampun/ kang rayi pan ingaturan//


Sang Dewi kemudian berkata, “Para abdi, siapkanlah singgasana”. Merekapun segera melaksanakan titah. Sang dewi pun masuk ke dalam kamar untuk memanggil adindanya.


9. // gya miyos Sang Raja pêkik/ langkung gêgêtun ing driya/ engêt ing kang bok dibyane/ mangungun-ngungun wardaya/ têmah ketang samana/ gunane ngaprang pinunjul/ dadya wimbuh trêsnanira//


Sang raja pun segera keluar. Ia sangat kecewa bila teringat akan keperwiraan ayundanya. Tertegun ia dalam hatinya karena tak menyangka sedemikian tingginya kepandaian sang dewi dalam berperang. Rasa cintanya pun kian bertambah.


10. // aris ngandika Sang Dewi/ Pangeran wontên punapa/ dene têka dhêlag-dhêlog/ punapa den raosêna/ Jêng Pangran ngandikanya/ pan wontên kraos ing kalbu/ mung dika dadya supênan//


Sang dewi berkata lembut, “Ada apa Pangeran? Mengapa kau melamun? Apa yang kau pikirkan?”. Kanjeng Pangeran menjawab, “Yang ada dalam hatiku, dalam mimpiku, hanyalah dirimu”.


11. // sigra Sang Prabuning Murti/ kang rayi dyah Sariraga/ tinimbalan kinen miyos/ kagyat ingkang sinung sabda/ tandya miyos sang rêtna/ nênggih saking kancing gêlung/ samana dyah Sariraga//


Sang Prabu Dewi segera memanggil adindanya, Dewi Sariraga. Menerima sabda tersebut, segera keluarlah Dewi Sariraga dari tusuk konde ayundanya. Dewi Sariraga


12. // angungun sajroning galih/ ciptanya datan prabeda/ lan rakanira sang anom/ yata Sang Prabu Taruna/ aris dennya ngandika/ tan nyana ya tuhunipun/ lamun wus aneng nagara//


tertegun dalam hati. Apa yang dipikirkannya tak berbeda dengan apa yang dipikirkan oleh suaminya sang raja muda. Ia berkata pelan, “Aku tak menyangka sama sekali, jika kita telah sampai di negara”.


13. // tandya Sang Prabuning Murti/ (116r)alon denira ngandika/ anjarwakên lalakone/ wiwit duk tulung ayuda/ marang Sri Dasaboja/ tinutur sadayanipun/ ing purwa dugi wêkasan//


Sang Prabu Dewi berkata pelan menyampaikan segala hal yang telah dialaminya, dimulai dengan saat ia menolong Sri Dasaboja dalam peperangan. Semuanya ia ceritakan dari awal hingga akhir.


14. // angungun kang sinung dêling/ kalihnya langkung kacaryan/ mring dibyanira sang sinom/ gya Sang dyah Sarining rasa/ alon malih manêbda/ lah dawêg age wong bagus/ lênggaha mring panangkilan//


Mereka yang mendengarnya tertegun. Keduanya semakin kagum pada kehebatan sang dewi. Dewi Sarirasa bersabda kembali, “Segeralah wahai ksatria rupawan, duduklah kau di penghadapan


15. // manawa kasêlak prapti/ anênggih pun Dasaboja/ sigra wau Sang Akatong/ datan lênggana ing driya/ manut sakarsanira/ tandya miyos Sang Aprabu/ sang dyah kalih ngapit raka//


mengantisipasi kehadiran Dasaboja”. Sang raja tak mengelak. Ia menurut. Keluarlah sang prabu diapit kedua dewi.


16. // sigra wau Sri Bopati/ ing ngarsa myang kering kanan/ gumêrah surak arame/ yata wau Sri Narendra/ wus rawuh siti bêntar/ alênggah dhampar mas murub/ ingapit sang kalihira//


Segera saja kehadiran sang raja disambut meriah oleh para pasukan di kiri dan kanan dengan sorak-sorai yang sangat meriah. Saat itu dikisahkan sang raja telah sampai di tanah lapangan istana. Ia duduk di atas singgasana bertatahkan emas yang berkilauan, diapit kedua dewi.


17. // nênggih Sang Prabuning Murti/ tan pêgat dennya ngandika/ dhumatêng rayi Sang Katong/ lamun sandining lampahan/ ywa nganti kalemunan/ Sri Narpa wus dugeng kalbu/ kunêng ganti winurcita//


Sang Prabu Dewi tak henti-henti mengingatkan pada sang raja untuk berhati-hati, jangan sampai penyamaran yang telah ia lakukan diketahui. Sri Paduka telah tanggap dalam hatinya. Kini diceritakan


18. // kocapa ingkang lumaris/ anênggih Sri Dasaboja/ sêmana prapta lampahe/ têlatahireng nagara/ undhang mring para wadya/ wus tata lampahing wau/ tan dangu anulya prapta//


Sri Dasaboja dalam perjalanannya telah sampai di wilayah negaranya. Ia pun segera memerintahkan pasukannya untuk menata barisan dan tak lama sampailah mereka di istana.


19. // ing alun-alun pan asri/ gunging wadya warna-warna/ Sang Nata ngandika [a]lon(-1)/ marang cethi kang pangarsa/ kinen mijil ing jaba/ neng alun-alun apan wus/ ngirit ingkang lagya prapta//


Alun-alun terlihat sangat meriah dengan berkumpulnya banyak pasukan. Sang raja berkata pelan pada pimpinan abdi perempuan untuk segera keluar ke alunalun untuk mengiring rombongan (Dasaboja) yang baru saja tiba.


20. // kagyat Sang Sri Kondhabumi/ agugup dennya ngandika/ lah apa kaparêng miyos/ matur duka kang tinanya/ inggih Gusti Sang Nata/ pan lagya (117v)prapta lan(?) banjur/ Sri Cina kagyat ing driya//


Sri Kandhabumi berkata gugup, “Apakah Sang Raja berkenan keluar?”. Yang ditanya menjawab sopan, “Benar, Tuanku. Sri Paduka baru saja tiba”. Sri Raja Cina pun tak kalah terkejut.


21. // mêngkana sajroning galih/ dene ta datan anduga/ enggal jumênêng acaos/aglis prapta aneng ngarsa/ yata Sri Nateng Cina/ sarêng tumingal Sang Prabu/ jro driya sangêt jrihira//


Dalam hati (Dasaboja) membatin, “Sama sekali tak kuduga”. Ia pun segera bangkit dan menghadap. Sri Raja Cina sangat takut melihat pada Sang Prabu.


22. // sigra wau Sri Bupati/ manis arum sabdanira/ lah bageya bapa Rajeng/ tur nuwun Sri Dasaboja/ Narpa malih ngandika/ heh ta priye wartanipun/ gonira ngrata nagara//


Sri Paduka pun bersabda lembut, “Selamat datang, Bapa Raja”. Sri Dasaboja berterima kasih. Sang raja kembali berkata, “Bagaimana laporanmu saat menundukkan negara?


23. // apa ta oleha kardi/ apa ya nêmua tiwas/ Sri Dasaboja wotsinom/ Gusti barkating Pangeran/ pangestunya Jêng Tuwan/ pandonganireng laluhur/ pun Raja Cina kabêkta//


Apakah berhasil? Atau gagal?”. Sri Dasaboja bersembah, “Paduka, atas berkah Tuhan dan restu Paduka serta doa para leluhur, Raja Cina telah berhasil saya bawa serta.


24. // namung angger Sri Bopati/ pun bapa matur carita/ ulun dawêg rikalane/ wiwitipun dados pêrang/ sampun karumiyinan/ dhumatêng ing mêngsah ulun/ tiyang Cina wus sudhiya//


Hanya saja, Ananda Prabu, perkenankan Bapa bercerita. Saat aku hendak memulai perang, ternyata telah didahului oleh musuhku. Orang Cina telah siaga.


25. // ulun pan dawêg dumugi/ mêngsah wus gêlar sêpapan/ pramilamba pêrang rame/ sakêdhik susah ing lampah/ wadya Tuwan keh risak/ Pukulun kasoran pupuh/ kêlawan Raja ing Cina//


Baru saja aku sampai, musuh sudah siap dengan formasinya. Oleh sebab itu, terjadilah perang di antara kami dengan sangat ramai. Aku sedikit terdesak, dan pasukan Paduka banyak yang tewas. Hamba kalah melawan Raja Cina


26. // wit dasih karoban jurit/ upama ulun muhara/ pun Cina sagara gêdhe/ katrêkan dening mandaya/ kirang kêdhik pun bapa/ sampuna angsal pangestu/ pêjah neng madyaning rana//


karena dikepung oleh banyaknya pasukan. Jika hamba ibaratkan, Cina bagaikan lautan besar. Terterjang samudra seperti itu jika hamba tak mendapat restu, pastilah aku mati di medan laga


27. // kêsangsang ing ganjur lungit/ umajêng-majêng katulak/ Pukulun mêrês ing batos/ angsal tigang dintên hamba/ tan bukti lawan nendra/ wontên marmane Ywang Agung/ malaekat nitih kuda//


tersangsang di tombak, maju pun terjebak. Hamba sangat takut. Tiga hari hamba tak makan dan tidur. Kemudian datanglah pertolongan dari Tuhan Yang Maha Agung, seorang malaikat menunggang kuda,


28. // cumlorot saking wiyati/ pantês sarwi mundhi kangkam/ (118r)de warni luwih kinaot/ dumrojog manggihi mring wang/ misik wadining aprang/ gumun kawula Pukulun/ pangamuke ngalap-alap//


meluncur dari langit. Ia sangat rupawan seraya memanggul pedang. Wajahnya sangat tampan. Ia meluncur menemui hamba dan membisikkan padaku rahasia peperangan. Hamba tertegun. Ia mengamuk habis-habisan.


29. // kuda bêrgang lawan siti/ panandêre kadya kilat/ wong kapir gulune pogog/ tan ngantya sapalih dina/ Cina larut sadaya/ rajane sampun kapikut/ mangke wus neng ngarsa Nata//


Kudanya melompat-lompat di tanah, menyambar bagai kilat. Leher orang-orang kafir putus. Tidak sampai separuh hari, pasukan Cina bubar tak bersisa, dan rajanya telah tunduk, dan saat ini telah ada di hadapan Paduka.


30. // rayahan rajabrana di/ tuwin nyonyah kang yu endah/ samangke wus hamba boyong/ katura Kangjêng Narendra/ pundi kang dad[o]s karsa/ pun bapa sewu jumurung/ sênajan ingkang mêrtesa//


Harta jarahan berupa benda-benda berharga beserta nyonya-nyonya (Cina) yang cantik molek, semua telah berhasil hamba boyong, hamba haturkan kepada Paduka. Mana yang Paduka kehendaki, Bapa turut saja.


31. // kinarsan kinarya gundhik/ langkunganipun kawula/ blebera dhatêng kang maos/ nadyan ingkang samya myarsa/ nuwun ingkang paminta/ mesêm ngandika Sang Prabu/ iya bapa sun tarima//


Barangkali Paduka menghendaki sebagai gundik. Yang tersisa hamba bagi-bagikan kepada para pembaca dan pendengar yang menginginkan”. Sang Prabu tersenyum dan berkata, “Baiklah, Bapa. Aku terima.


32. // nanging ta brana sakehing/ wratakêna wong sapraja/ tuwin miskin lan yatine/ poma-poma ywa kurangan/ dene kang para nyonyah/ paringna pra tumênggung/ dimen bungah manahira//


Namun, aku berkehendak agar seluruh harta dibagikan rata kepada seluruh rakyat satu negara, terutama kepada orang-orang miskin dan anak-anak yatim. Janganlah sampai ada yang kekurangan. Sedangkan para nyonya, berikan pada para tumenggung agar mereka merasa bahagia”.


33. // sandika turnya Sang Aji/ wus rata wong saknagara/ mung gundhik linêrêp bae/ arsa ngicipi kewala/ sigêg wus tan ginustha/ Sri Nata malih nabda rum/ marang Sang Sri Dasaboja//


Sang Raja bersembah dan segera membagi rata seluruh harta rampasan kepada rakyat satu negara. Para gundik diinapkan sesaat saja, sekedar untuk bisa dicicipi. Sri Paduka kembali berkata,


34. // heh ta bapa karsa mami/ manira badhe nutugna/ iya mring lalakon ingong/ arsa mring Katbahbudiman/ jêr wus padha kêlakyan/ basuki sakarsanipun/ bapa sira wus têtêpa//


“Duhai, Bapa. Kini aku hendak meneruskan perjalanan menuju ke Kakbahbudiman berhubung semuanya di sini telah berjalan dengan baik. Kau Bapa, tetaplah


35. // jumênêng neng Kondhabumi/ dene sira Mraja Cina/ angidhêpa bapa kiye/ sapa-sapa parentah(-1)/ amêsthi sira tan kêna/ badal parentahi(119v)pun(-1)/ sandika turnya Sri Cina//


bertahta di Kandhabumi. Sedang kau Maharaja Cina, tunduklah kau pada segala perintah Bapa dan jangan pernah ingkar”. Sri Raja Cina bersedia melaksanakan segala perintah sang raja. Ia berkata,


36. // najan pun kon agantunga(?)(i)/ amasthi tan kêna seleh(a)/ kêkêl kang samya miyarsa(e/o)/ Narpa malih ngandika(-1)/ heh ta bapa Dasabahu(a) (+1)/ ingsun arsa nuli mangka// (-1)


“Meski aku disuruh bergantung, aku tak akan mengelak”. Semua yang mendengar tertawa. Sang raja kembali berkata, “Bapa Dasabahu, aku hendak segera berangkat”.


37. // sigra Nateng Kondhabumi/ angrangkul mangranupada/ ngabêkti marang Sang Katong/ ketang trêsnanireng driya/ dadya mijil kang waspa/ sigra sang rêtnaning ayu/ aris denira ngandika//


Raja Kandhabumi segera merangkul kaki dan menghaturkan bakti pada sang raja muda. Disebabkan oleh besarnya rasa kasihnya, meneteslah airmatanya. Dewi Sarirasa berkata


38. // alon sabdanira manis/ suwawi Raden umangkat/ mêdal jumantara bae/ Rahadyan datan lênggana/ gya mêdal jumantara/ Sri Nata lawan sang ayu/ tiga lan dyah Sarirasa//


dengan suara yang lembut, “Mari Raden, kita berangkat. Lebih baik melalui jalur udara”. Raden Gandakusuma menyetujuinya. Sang raja, permaisuri, dan Dewi Sarirasa pun segera mengangkasa.


39. // kapungkur ing Kondhabumi/ titigane dirgantara/ kadi und[h]êr pamidêre/ dugi t[ê]latah Budiman(-1)/ wontên ardi tumingal/ amawa teja umancur/ dyah Sarirasa ngandika//


Negara Kandhabumi telah tertinggal jauh. Di angkasa, perjalanan ketiganya bagai berputar-putar di tempat yang sama. Sesampainya di wilayah negara Kakbahbudiman, mereka melihat sebuah gunung yang bercahaya. Dewi Sarirasa berkata,


40. // lah ta punika sang pêkik/ ardi ingkang mawa teja/ wontên janmane kinaot/ agêntur sutapanira/ ujare pujongga hamba/ trahing Patih kang mawiku/ atmane Raden Kaneka//


“Lihatlah itu, Raden. Di gunung yang bersinar itu konon ada seorang yang sakti dan gentur tapanya. Menurut keterangan abdi pujangga hamba, ia adalah seorang keturunan patih yang kemudian mengabdikan diri sebagai pertapa, putra Raden Kaneka.


41. // awasta Sêktingkumuning/ ajujuluk Raden Mustal/ Rujakjênu paparabe/ yen andika madêg nata/ punika patihira/ mêsthi kang kraton linuhur/ dhasar wus sêdya ngabrata//


Namanya Sektingkumuning. Ia dijuluki pula Raden Mustal atau Rujakjenu. Bila Paduka menjadi raja dan ia menjadi patih Paduka, pastilah kerajaan akan sentosa. Tapi, ia terlampau kuat dalam tapa.


42. // dadya wajirulmukminin/ punjul ing kadibyanira/ tapa tan muna tan sare/ arsa muna yen aprapta/ saesthining wardaya/ mangke sêdhênge sang bagus/ suwawi sami ginodha//


Ia menjadi seorang wajirulmukminin yang sangat sakti. Ia bertapa tanpa berbicara dan tidur. Ia baru akan berbicara jika apa yang menjadi tujuannya tercapai. Sekarang marilah kita goda dia”.


43. // Sang Rajaputra nabda ris/ nah angger sakarsanira/ (120r)katrinya wus niyup age/ prapta sukuning aldaka/ samya kendêl sor wrêksa/ dyah malih ngandika [a]rum(-1)/ Rahadyan dika kendêla//


Sang putra mahkota bersabda pelan, “Baiklah jika itu kehendakmu”. Ketiganya mendarat hingga tiba di kaki gunung. Mereka berhenti di bawah pohon. Sang dewi kembali berkata, “Raden, Paduka tunggulah


44. // sakêdhap wontên ing ngriki/ ngong minta rila Paduka/ sang tapa ulun godhane/ sabab langkung sêktinira/ drapon ywa mindho karya/ nabda Sang Narendrasunu/ manira narah sakarsa//


sebentar di sini. Hamba mohon kerelaan Paduka untuk mengizinkan hamba menggoda sang pertapa karena ia sangat sakti agar pekerjaan ini tidak banyak membuang tenaga”. Sang putra mahkota bersabda, “Baik. Kuturuti keinginanmu.


45. // nanging ana wêkas mami/ aywa nganti gagêpokan/ punika larangan ingong/ mesêm ngujiwat kusuma/ mendah yen makatêna/ eman-eman sang binagus/ lamun ngantiya sinisan//


Tapi, ada satu pesanku, jangan sampai bersentuhan. Itu laranganku”. Sang dewi tersenyum. “Buat apa sampai begitu. Sayang sekali dirimu jika sampai hanya mendapat sisa”.


46. // sêksana samya lumaris/ Sang dyah Ratu Sarirasa/ lan Sariraga sang sinom/ sami maoni busana/ kongas manising lampah/ sawarna yu den papatut/ sangsaya akarya brongta//


Mereka pun berjalan. Ratu Sarirasa dan Sariraga menghinakan busananya dan mengatur sikap hingga terlihat sangat menggoda dan kian membuat mereka yang melihat menjadi mabuk kepayang.


47. // kunêng kang mangun sêmedi/ kocap Dyan Kanekaputra/ tansah pitêkur lampahe/ sampun gangsal wêlas warsa/ dennya ambangun brongta/ tanpa dhahar tanpa turu/ lawan ora mêdhar sabda//


Diceritakan sang pertapa, Raden Kanekaputra, senantiasa khusyuk mengheningkan cipta selama limabelas tahun. Ia bertapa tanpa makan, tidur, dan berbicara


48. // liyaning waktu ngabêkti/ tansah tahmil anrang cipta/ sampun katrima sêdyane/ praptane dyah kalihira/ ngrasuk kang poncadriya/ rinasuk sariranya suh/ amindha jatiniskara//


selain saat bersembahyang. Ia senantiasa bertahmil menerangkan cipta untuk tercapainya apa yang ia cita-citakan. Ketika itu datanglah kedua putri. Telah mengatur pancainderanya dan menyamar tampilan tubuh dengan busana koyak.


49. // sang dyah sabdanira manis/ ngujiwati pasrangkara/ dhuh lae sapanên ingong/ sun uga sadulurira/ tuwin andika tapa/ kaniaya wong abagus/ pinaranan nora nyapa//


Sang dewi berkata pelan dan sangat lembut, “Duhai Tuan, sapalah aku. Aku juga saudara denganmu sang tapa. Mengapa kau demikian aniaya padaku, tampan? Kudatangi namun tak menyapa”.


50. // dyah Sariraga da(121v)mangi(?) (dhatêngi?)/ Pangeran sapanên ingwang/ coba ta prapta ing kene/ anyara den anggantena/ risang Kanekaputra/ nora obah nora sêgu/ sang dyah kalih kaku tyasnya//


Dewi Sariraga mendekat dan berkata pula, “Pangeran, sapalah aku. Mendekatlah padaku, mari bersirih”. Sang Kanekaputra tiada bergerak tiada bersuara. Kedua putri merasa mulai lelah.


51. // sumendhe sang dyah kakalih/ astanya sinongga-songga/ dhuh Pangeran gusteningong/ sumongga kang payudara/ punapa sakarsanta/ ênya-ênya burat arum/ payo sun konyohi sira//


Kedua dewi kemudian menyandarkan tubuhnya. Tangan sang pertapa diangkat-angkat seraya berkata, “Duhai Pangeran Tuanku, silahkan sentuh payudaraku sekehendakmu. Mari ini minyak wangi untukmu, mari kubalurkan”.


52. // Rahadyan Sên[t]ingkumuning/ santosa ngunjara nala/ tuhu mangrogoh sukmane/ pêgêl tyasira kusuma/ guna nora tumama/ gya musna sing mindha wiku/ sang dyah kagyat ing wardaya//


Raden Sentingkumuning teguh memenjarakan nafsunya. Ia pun segera melolos sukmanya. Kedua putri menjadi sangat jengkel karena segala daya yang ditempuh tak mempan, mendadak sang pertapa sirna dari hadapan.  Sang dewi sangat terkejut.


53. // dyah Sarirasa nabda ris/ lah ta yayi umatura/ dhumatêng tuwanmu Raden/ komasaris ing paprêman/ yen ingkang tapa ilang/ kang liningan mêsat gupuh/ prapta gyaning Rajaputra//


Dewi Sarirasa bersabda pelan, “Dinda, sampaikan pada tuanmu Raden Komisaris ranjang bahwa sang pertapa hilang”. Yang diberi perintah pun segera melesat ke tempat sang putra mahkota.


54. // tan miyang Sang Rajasiwi/ ingaturan sang kusuma/ tindak tan dangu praptane/ ngarsanira Prabu Rara/ Sang Narpe[n]dyah ngandika/ lah ta mangke sang binagus/ pun Sêgtingkumuning murca//


Sang putra mahkota yang mendapat laporan dari Dewi Sariraga segera berangkat hingga sampai ke tempat Dewi Sarirasa. Sang dewi pun berkata, “Raden, Sentingkumuning hilang.


55. // arsa kawula ulati/ Tuwan ywa sumêlang driya/ kendêla ngriki kemawon/ kêlawan pun Sariraga/ Rajaputra ngandika/ ing sakarsanira masku/ dasih anurut kewala//


Hamba hendak mencarinya. Tuan tidak usah khawatir. Tunggulah di sini saja bersama dengan Sariraga”. Sang putra mahkota berkata, “Terserah kau. Aku menurut saja”.


56. // tandya Sang Narendra Putri/ mêsat nututi sang tapa/ wus datan samar ciptane/ lah ing ngriku Raden Mustal/ amblês dhasare kisma/ sigra kaprêgok sang ayu/ sang tapa mêsa(122r)t gagana//


Sang Raja Dewi pun segera melesat melacak kepergian sang pertapa. Waspada dalam ciptanya, sang dewi telah dapat melihat bahwa Raden Mustal masuk ke dalam tanah. Segera sang dewi turun memergokinya. Sang pertapa pun melesat ke angkasa.


57. // sang rêtna tansah nututi/ Rahadyan Kanekaputra/ sundhul ing langit pêsate/ kapêthuk lan Prabu Rara/ kagyat Radyan Kaneka/ tandya mring dharat tumurun/ sêmana dyah Sarirasa//


Sang dewi awas mengikuti dari belakang. Raden Kanekaputra melesat tinggi ke angkasa. Tiba-tiba bertemu dengan sang dewi, terkejutlah ia. Ia pun segera turun ke darat dengan tetap Dewi Sarirasa mengikuti di belakang.


58. // sêkala amalih warni/ mendha Raden Umarmaya/ kapêthuk lan Mustal age/ Rahadyan sarêng uninga/ narpati Tasikwaja/ mêndhak mangrêpa wotsantun/ ngusapi lêbuning pana//


Dewi Sarirasa mengubah wujudnya menjadi Raden Umarmaya dan segera menemui Raden Mustal. Raden Mustal yang melihat kedatangan Raja Tasikwaja segera menunduk menghormat seraya bersembah dan mengatur napas.


59. // ngandika sang malih warni/ Rahadyan Kanekaputra/ aja tambuh lawan ingong/ mau kang rupa wanodya/ yêgtine ingsun nyawa/ nyoba mring sira ta kulup/ denira tapa anendra//


Sang jelmaan pun berkata, “Raden Kanekaputra, janganlah kau samar padaku. Perempuan yang mengejarmu tadi adalah aku. Aku hendak mengujimu dalam tapamu.


60. // tuhu mantêp anêtêpi/ mêngko sira aluwara/ jêr wus tinrima Ywang Manon/ ing sasêdyanira prapta/ maturnuwun sang tapa/ duk mêdhar sabda sang wiku/ sarta niyat luwar brongta//


Ternyata kau sungguh-sungguh teguh. Kini, hentikanlah tapamu karena telah diterima oleh Tuhan. Apa yang menjadi kehendakmu telah dikabulkan”. Saat mendengar sabda itu, sang pertapa berterimakasih dan berniat merampungkan laku prihatinnya.


61. // karya pêrbawaning bumi/ mêngkana duta prakêmpa/ gumludhug swa[ra] arga mangrob/ agêtêr patêr saduran/ pracihnaning mutajab/ sang mindha malih dyahayu/ tuhune dyah Sarirasa//


Berakhirnya tapa Kanekaputra menimbulkan akibat di bumi. Bumi bergetar dan bersuara gemuruh bagai gunung runtuh. Kilat menyambar-nyambar sebagai tanda mustajabnya permohonan sang pertapa. Dewi Sarirasa kembali pada wujud aslinya.


62. // oncat mêsat ing wiyati/ wau Sang Narendra Kênya/ maneka warna pan ewon/ yutan wêndran tanpa petang/ lor kidul Sarirasa/ wetan kulon warna jumbuh/ ngandhap nginggil nging sawuntat//


Sang dewi segera melesat ke angkasa dan menjadikan dirinya menjadi banyak, ribuan, jutaan, puluhan juta, tak terhitung. Utara dan selatan ada Sarirasa demikian pula timur dan barat, bawah dan atas, depan dan belakang.


63. // anut kêdheping pangeksi/ jagad kêbak Sarirasa/ ebêg tanpa sêlan gupoh/ kewran Dyan Kanekaputra/ tambuh kang dera mêngsah/ ngraos kasor dibyanipun/ ciptanira ing wardaya//


Sejauh penglihatan, alam dipenuhi oleh sosok Sarirasa. Penuh, rapat, tanpa sela sedikitpun. Raden Kanekaputra gentar. Ia merasa kalah. Dalam hati ia membatin,


64. // lah (123v)don punapi(-3)/ sêgtine kagila-gila/ uga ta iki margane/ bakal têmu gusteningwang/ kang wus dadi wirayat/ angur sun nuliya wangsul/ maring ing arga pêrtapan//


“Perempuan macam apa ia? Mengapa ia sangat sakti? Mungkin ini adalah jalan bagiku untuk bertemu dengan tuanku yang telah lama diriwayatkan. Lebih baik aku kembali ke pertapaan”.


65. // gya wangsul Sêtingkumuning/ wau Sang Dyah Sarirasa/ tandya ngrasuk prabawane/ angumpul warna sajuga/ wus mring gyaning Dyan Putra/ kapanggih Dyan Rujakjênu/ prapteng ing arga pêrtapan//


Sentingkumuning segera kembali. Sang Dewi Sarirasa segera mengembalikan wujudnya menjadi satu dan menuju ke tempat sang putra mahkota. Raden Rujakjenu yang tiba kemudian di gunung pertapaannya


66. // ningali Sang Prabu Dewi/ lênggah kalawan satriya/ lan wontên malih dyah sinom/ alon umarêg ing ngarsa/ sarwi aris tatanya/ Raden saking tabêt ulun/ nênggih teja sulêksana//


melihat Prabu Dewi duduk bersama seorang ksatria dan seorang putri cantik. Perlahan ia duduk menghadap seraya bertanya sopan, “Raden, sepeninggalku, ada sinar berkilauan.


67. // tejane têmbe kaeksi/ lêksanane wong utama/ wingking pundi pinangkane/ ingarsa paran sinêdya/ Radyan tigas kawuryan/ sintên sinambating arum/ nah angling Rajapinutra//


Sinarnya baru saja terlihat, laksana manusia utama, darimanakah asal Anda dan hendak menuju kemana? Dan, siapakah nama Anda, Raden?”. Sang putra mahkota berkata,


68. // yen sira tatanya mami/ raningsun Gondakusuma/ putra Bandarngalim Katong/ tan ana sêdyaning karsa/ anut lembaking rasa/ wit dene sihe sadulur/ praptengsun dugyeng partapan//


“Bila kau bertanya padaku, kuberitahu, namaku Gandakusuma. Putra Raja Bandaralim. Aku tak punya tempat tujuan. Aku sekedar menurut pada gerak hatiku karena kasihku pada saudara. Aku datang di pertapaan….”,


69. // ngandika dereng dumugi/ mawa Radyan Kaneka(-1)/ duk miyarsa Dyan sabdane/ gêpah anungkêmi pada/ sarya lon aturira/ dhuh Gusti pupundhen ulun/ tan nyana Gusti kapanggya//


belum selesai berucap, Raden Kaneka yang mendengar keterangan Gandakusuma segera bersembah di kaki Gandakusuma seraya berkata pelan, “Duhai Tuan sembahanku, sama sekali hamba tak menyangka akan bertemu dengan Tuan


70. // wontên ing pêrtapan mami/ dasih wus lami nrang brongta/ mung Paduka kang sun pados/ hamba wayahing Apatya/ Bandarngalim nagara/ Kaneka ingkang susunu/ pun Mustal nama kawula//


di pertapaanku sendiri. Telah lama hamba menyiksa batin, hanya Paduka yang hamba cari. Hamba adalah cucu Patih Bandaralim, putra Kaneka. Nama hamba Mustal.


71. // purwamba karêm mêrtapi/ aminta sihing Ywang Sukma/ punjul lawan wong akeh(-1)/ marêngi ulun mangluwat/ (124r)sawêg antuk sadina/ Umarmaya gya tumurun/ rawuh pitutur mring [h]amba//


Awalnya, hamba larut dalam tapa sekedar memohon kasih Tuhan agar hamba diberi kelebihan dibandingkan manusia umumnya. Baru sehari hamba bertapa dalam lubang, turunlah Umarmaya dan memberi nasehat pada hamba.


72. // sabdaning Dyan Guritwêsi/ heh kaki Kanekaputra/ ta sira mangun brantane/ mangarah gênturing tapa/ aywa kaworan liya/ yêgti kabeh simpangipun/ yen tan wru[h] tokiding cipta//


Raden Guritwesi bersabda pada hamba, ‘Wahai Ananda Kanekaputra, jangan sampai genturnya tapamu diketahui oleh orang lain. Itu akan menjadi halangan lebih lagi jika kau tak paham ketauhidan cipta,


73. // lyan ta malangut tan dadi/ anama nglangut têmahnya/ tan tuhu sihing Ywang Manon/ angel têlasing abrongta/ yen wus awas panrima/ lulus nikmating Ywang Agung/ sira kurang sadhela kas//


segalanya hanya akan sia-sia belaka dan berujung sesal. Tak akan kau mendapat kasih Tuhan. Prihatinmu tiada berkesudahan. Jika kau tanggap dalam cipta, pastilah nikmat karunia Tuhan akan kau raih. Tak lama lagi,


74. // katrima marang Ywang Widi/ sira pinunjuling kathah/ nanging tan jumênêng katong/ warismu dadya êmbanan/ sasotyanira benjang/ putra Bandarngalim Prabu/ aran Dyan Gondakusuma//


(tapamu) akan diterima oleh Tuhan. Kau akan diberi kelebihan dibandingkan sesamamu, tetapi tidak sebagai raja. Jadilah cincin pengikat bagi keturunanmu, sedang permatanya adalah putra Prabu Bandaralim bernama Raden Gandakusuma’.


75. // marmamba umati ragi/ Panduka sun arsa[-arsa](-2)/ gya atapa ngidang ingong/ sami ngantya tigang warsa/ Marmaya malih prapta/ asung kasang dhatêng ulun/ kalawan kang sabêt wilah//


Itulah mengapa hamba bermatiraga. Padukalah yang hamba harap-harapkan. Hamba pun menjalankan tapa ngidang hingga tiga tahun lamanya, dan Umarmaya kembali datang memberikan sarung pedang beserta sebilah pedang.


76. // lan ngong kinen mangunteki/ wontên ing ngarsa punika/ ambisu tan sung wiraos/ yen dereng panggih Panduka/ mangke wus kalampahan/ panggya Gusti Sang Aulun/ kawula dherek ing Tuwan//


Hamba diutusnya terus bertapa membisu, tak bicara sebelum bertemu dengan Paduka. Berhubung saat ini hamba telah bertemu Tuanku, perkenankan hamba mengabdi pada Tuan”.


77. // Sang Rajaputra nabda ris/ kakang basaku mring sira/ abangêt tarimaningong/ sêtya tuhu pêkênira/ muga sinêmbadana/ dening Ywang Kang Maha Luhur/ mêngko kakang karsaningwang//


Sang putra mahkota bersabda lembut, “Kanda, hormatku untukmu. Aku sangat bahagia dan menerima janji setiamu. Semoga Tuhan Yang Maha Luhur merestui kita. Saat ini Kanda, aku ingin


78. // arsa mring Katbah nagari/ Dyan Mustal rumajeng karsa/ dyah Sarirasa nabda lon/ suwawi Radyan umangkat/ Sang Rajaputra sigra/ umangkat Sang Narpasunu/ pan samya mêsat gagana//


menuju ke negara Kakbahbudiman”. Raden Mustal menuruti. Dewi Sarirasa bersabda pelan, “Mari Raden, kita berangkat”. Sang putra mahkota segera berangkat. Mereka melesat ke angkasa.


79. // datan kawarna ing margi/ prapta ing Katbahbudiman/ jujug sajroningkadhaton/ Sang Nata (125v)nuju pinarak/ neng ing jrambah jro pura/ lan prameswari sang ayu/ kasaru ing praptanira//


Tak diceritakan bagaimana perjalanan mereka, singkatnya, mereka telah sampai di Kakbahbudiman dan berhenti di dalam istana. Saat itu sang raja tengah duduk di pekarangan istana bersama permaisuri. Tiba-tiba datanglah


80. // dyah Sariraga dhingini/ Rahadyan kantun neng jaba/ gêpah lumajêng sang sinom/ nungkêmi padaning rama/ Narpa kagyat ing driya/ kang putra gêpah rinangkul/ miwah sang dyah Sari bunya//


Dewi Sariraga yang mendahului yang lain. Raden Gandakusuma tinggal di luar. Sang dewi segera berlari dan menyembah kaki ayahnya. Sang raja merasa sangat terkejut. Putrinya segera dipeluk. Demikian pula sang permaisuri,


81. // anjrit nungkêmi mring siwi/ sasambat mamêlas arsa/ adhuh anakingsun angger/ sira prapta lalayangan/ paran kang dadya purwa/ Sang Nata gêngglên tan muwus/ tansah ngusap-usap jaja//


menjerit seraya memeluk putrinya. Penuh iba ia berkata, “Duhai anakku sayang, kau datang sendiri, bagaimana bisa demikan?”. Sang raja masih tak mampu berkata-kata dan hanya dapat mengusap-usap dadanya.


82. // dyah Sariraga sru nangis/ sasambat amêlas arsa/ adhuh ibu ramaningong/ sang dyah nulya lênggah tata/ sarwi matur ing rama/ Jêng rama salamenipun/ ulun neng Kondhabuwana//


Dewi Sariraga menangis dan merintih iba, “Duhai Ayah dan Ibuku”. Sang dewi pun duduk dan memulai ceritanya pada ayahnya, “Kanjeng Rama, selama diriku berada di Kandhabuwana,


83. // dahat tan purun ngladosi/ dhumatêng pun Dasaboja/ tansah kawula ginêdhong/ darapon manuta karsa/ nging hamba plaur lena/ mangladosi Dasabahu/ lami ngantya tigang condra//


aku sama sekali tak ingin meladeni Dasaboja. Aku ditawan agar mau menuruti kemauannya. Namun bagiku lebih baik mati daripada harus melayani Dasabahu. Lama setelah berjalan tiga bulan,


84. // gya mitra kawula prapti/ wasta Dewi Sarirasa/ hamba kinramakên age/ angsal Dyan Gondakusuma/ putra Bandarngalim praja(+1)/ pun Dasaboja wus lampus/ dening kakang bok Sri Nata//o//


seorang kawanku datang. Namanya Dewi Sarirasa. Aku dinikahkannya dengan Raden Gandakusuma, putra Raja Bandaralim. Dasaboja mati di tangan Kanda Sri Ratu”.


Bersambung Pupuh XXV – XVII


sumber : alangalangkumitir.wordpress.com

SERAT GANDAKUSUMA Pupuh XXV – XXVII

1. //o// Mangke ing Kondhabuwana/ wus salin agama suci/ saking mantu Pandukendra/ Dasabahu Sri Bopati/ den gêsang[a]kên malih(-1)/ dhatêng kang bok Ratu Ayu/ sarta wus manjing Eslam/ (126r)kinen têtêp dadi aji/ dene mangke putranta laki kawula//


“Saat ini seluruh Kandhabuwana telah memeluk agama Islam atas usaha menantu Paduka Raja. Dasabahu dihidupkan kembali oleh Kanda Ratu dan telah masuk Islam. Ia diperintah agar tetap menjadi raja dinegaranya. Sedang, saat ini putra Paduka, suami hamba,


2. // lawan kang bok Sarirasa/ wus sami marêg mariki/ wontên ing jawi punika/ duk mirsa Sri Narapati/ turing putra Sang Dewi/ kalangkung pangungunipun/ wêkasan suka ing tyas/ galihira cilik wukir/ prameswara tan beda kadya Sang Nata//


bersama dengan Kanda Sarirasa telah datang menghadap kemari. Saat ini masih berada di luar”. Sri Baginda saat mendengar penuturan sang dewi menjadi sangat tertegun. Namun, di saat berikutnya ia merasa sangat bahagia. Demikian pula sang permaisuri.


3. // gêpah Sang Sri Naranata/ Radyan pinêthuk pribadi/ duk panggih putra cinandhak/ kang asta kinanthi ririh/ Sarirasa Sang Dewi/ mungging kanan asta Prabu/ Radyan Kanekaputra/ dherek lumêbêt ing puri/ sru susunggun Narendra mring mantonira//


Sri Paduka pun segera menjemput sendiri Raden Gandakusuma. Saat bertemu dengannya, segera tangannya digandeng, bersama dengan Dewi Sarirasa yang digandeng di tangan kanan Sang Prabu. Raden Kanekaputra turut masuk ke dalam istana. Sang raja merasa sangat takjub melihat menantunya.


4. // kacaryan sigiting warna/ jatmika alusing budi/ dhasare tunggil agama/ gya lênggah neng jroning puri/ prameswari sukanting/ dennya non putra sang bagus/ kusuma Sarirasa/ lan Sariraga Sang Dewi/ tan apisah neng wurinira Rahadyan//


Ia kagum dengan ketampanan, kehalusan budi, dan kesamaan iman. Mereka pun duduk di dalam istana. Permaisuri demikian bahagia melihat putra menantunya yang demikian tampan. Dewi Sarirasa dan Dewi Sariraga senantiasa bersama di belakang Raden Gandakusuma.


5. // Dyan Mustal sumiweng tratag/ yata ngandika Sang Aji/ lah angger Gondakusuma/ andika madêga aji/ wontên Bakdiman nagri/ sêdhêng manira wus sêpuh/ reh darbyatmaja priya/ pun bapyarsa mangun teki/ Rajaputra tan lênggana ing sakarsa//


Raden Mustal duduk di bangunan tambahan. Sang raja berkata, “Ananda Gandakusuma, jadilah kau raja di negara Bakdiman. Aku sudah tua. Berhubung kini aku memiliki menantu seorang pria, Ayah hendak menyepi”. Sang putra mahkota menyetujui kehendak ayah mertuanya.


6. // kunêng rêngganing katrêsnan/ kang bojakrama mênuhi/ yata enjing wus sanega/ arsa madêgakên aji/ wadya Bakdiman nagri/ pêpak sewaka supênuh/kadya samodra kendran/ gya miyos Sri Narapati/ neng paglaran Sang Rajaputra tan pisah//


Karena besarnya kasih dan kegembiraan, perjamuan pun digelar tanpa henti. Alkisah, pagi telah menjelang. Tibalah saat penobatan raja. Seluruh prajurit dan punggawa negara Bakdiman lengkap menghadap bagai lautan. Sang raja bersama sang putra mahkota pun keluar ke Pagelaran.


7. // Rahadyan Kanekaputra/ tan têbih lawan sang pêkik/ Sang Nata nabda ing wadya/ heh ta Patih karsa mami/ sun arsa mangun teki/ pucak wit rangrong neng gunung/ ka(127v)kang sun angkat narendra(+1)/ putraningsun ki Dipati/ jumênênga neng Katbahbudiman nagra//


Raden Kanekaputra berada tak jauh dari sang putra mahkota. Sang raja pun bersabda kepada seluruh wadya yang menghadap, “Wahai Patih, aku berkehendak untuk menyepi dari keramaian ke puncak gunung. Sedang yang akan kuangkat menjadi raja menggantikan aku adalah putraku Kyai Adipati. Ananda, duduklah kau sebagai raja di Kakbahbudiman”.


8. // Kya Patih matur sandika/ tandya undhang gunging dasih/ sakarsanira Sang Nata/ samana sampun waradin/ gunging wadya ngestuti/ Sang Nata sigra lumungsur/ lênggah kursi kewala/ kang putra Ratu Taruni/ kinen lênggah neng wijohan palorêtna//


Kyai Patih segera mengumumkan perintah raja kepada seluruh wadya. Setelah titah tersampaikan merata dan diterima dengan baik oleh seluruh wadya, sang raja pun segera turun tahta dan duduk di kursi biasa, sedangkan sang raja muda dipersilahkan untuk duduk di singgasana.


9. // kinen bêkti gunging wadya/ sampunira adya(?) wêradin/ gya Pangulu kinen donga/ ingaminan gumrah wanti/ barung kurmat prajurit/ drel tigar lir parwata rug/ mriyêm kadya gêlap(-1)/ tambur salompret malingi/ wusnya kendêl Sri Taruna angandika//


Seluruh punggawa dan prajurit diperintahkan untuk menghaturkan bakti kepada sang raja muda. Setelah semua melaksanakan titah, segera abdi penghulu diperintahkan untuk membacakan doa. Doa yang dilantunkan oleh penghulu diamini oleh semua yang hadir hari itu dengan suara yang gemuruh. Setelah itu dilanjutkan dengan tembakan drel kehormatan yang suaranya bagai gunung runtuh, dan meriam yang suaranya bagai guruh, ditingkahi suara tambur, dan terompet. Sang raja muda kemudian berkata,


10. // heh ta Patih ingsun tanya/ saiki mongsa punapi/ matur nêmbah Sang Dipatya/ kêsonga mangsanya Gusti/ Jimakir tauneki/ nuju Sinta wukunipun/ sawusira mangkana/ gya kondur Sri Narapati/ ingkang rama Sri Wiku nganthi kang asta//


“Wahai Patih, aku ingin bertanya padamu. Musim apakah saat ini?”. Sang Adipati menjawab dengan didahului menyembah, “Saat ini musim kesembilan, Paduka. Tahunnya Jimakir, wuku Sinta”. Setelah itu sang raja pun segera kembali ke dalam istana dengan digandeng oleh sang raja pertapa.


11. // ginarbêging kang pacara/ bubaran sagung kang nangkil/ kang sulung mêdal enjang(-1)/ gupit-ginupit sami(-1)/ tan lyan Sang madêg aji/ kang linêmbaneng awuwus/ denira bagusing warna(+1)/ kacaryan sagunging jalmi/ Sri Narendra kundur dhatêng dhatulaya//


Kembalinya sang raja dengan diiringi oleh seluruh kelengkapan upacaranya. Setelah itu, semua yang menghadap hari itu pun membubarkan diri. Mereka semua membicarakan sang raja yang baru saja dinobatkan. Yang menjadi pokok pembicaraan mereka tak lain adalah ketampanan rupa sang raja muda yang benarbenar mengagumkan. Sang raja pun kembali ke kediamannya.


12. // pinêthuk lawan sang rêtna/ Sarirasa kusuma di/ tuwin pramesthining rasa/ tumut mêthuk ing Sang Aji/ Raden Sêtingkumuning/ sri panganti kendêlipun/ wus pinaringan wisma/ cêlak kalawan jro puri/ sinung karya dadya korining SangNata//


Ia disongsong oleh Dewi Sarirasa dan permaisuri Dewi Sariraga. Turut menyambut pula Raden Sentingkumuning yang sejak tadi berada di Sri Manganti. Ia telah diberi kediaman tersendiri yang dekat dengan kediaman raja. Ia diberi tugas sebagai pendamping bagi raja.


13. // wau Sang Sri Nata Bagawan(+1)/ arsa linggar dhatêng wukir/ lan garwa samya sudhiya/ pininta (128r)wadya kang ngiring/ gya mangkat tan asari/ prapteng arga adhudhukuh/ ambantêr kasutapan/ pamintaning kang sêmedi/ mung harjane putra kang madêg narendra//


Sang Raja Begawan dikisahkan akan berangkat ke gunung. Ia dan istrinya telah siap. Diperintahkan pada para prajurit yang mengiringi agar segera berangkat tanpa berhenti. Setibanya di gunung, rombongan raja pun segera membangun tempat untuk menetap. Di sana sang raja memperbanyak dan memperkeras ibadah. Apa yang dimintanya dalam semedi hanyalah kesejahteraan putranya yang baru saja dinobatkan sebagai raja.


14. // kunêng kang brangteng asmara/ ucapên Sri Narapati/ Sang Prabu Gondakusuma/ sangsaya alami-lami/ saya kraos ing brangti/ mring Sarirasa dyah ing rum/ tan kenging tinahana/ kumênyut engêt wiyati/ duk sêmana sang kusuma pinarpêkan//


Dikisahkan sang raja yang tengah dirundung asmara, Sang Prabu Gandakusuma, kian lama cintanya kian besar pada Dewi Sarirasa, tak lagi dapat ditahan. Ia pun segera menemui sang dewi.


15. // aneng gupit langênsêkar/ dyah Sarirasa Sang Dewi/ wêspaos saliring raka/ sru ngrakê(?) ujwala manis/ pinrih kang bok Sang Dewi/ tumimbanga ing pudyakung/ Sang Nata sabdanira/ mangrêpa lir lunturing sih/ nah ing angger bak ayu musthikeng tilam//


Di kamarnya, Dewi Sarirasa waspada pada datangnya sang raja. Sang raja mendekat dengan pandangan mata lembut. Ia meminta agar ayundanya sang dewi berkenan menerima cintanya. Sang raja berkata mengiba penuh kasih, “Duhai, Kanda tersayang, mustika peraduan.


16. // dasihe minta sihira/ dadya usadaning agring/ alama saya kagagas/ ngong lalilali tan lali/ sinamun saya rujit/ pinupus malah kagugu/ anggoyang brongta wiyang/ kawayang wiyageng wingit/ mung andika kakang bok paring usada//


Hambamu memohon belas kasihmu untuk dapat menjadi penyembuh sakitku. Lama kupikirkan, kucoba lupakan namun tak juga aku lupa. Kucoba alihkan malahan membuat hatiku kian hancur. Kupupuskan malahan kian kokoh, menggoyahkan rasa. Terbayang-bayang dalam anganku terdalam,hanya Kanda Dewilah yang dapat memberikan penawarnya”.


17. // sang dyah Pramesthining rasa/ kumêpyur raosing galih/ Sang Nata drêging asmara/ mesêm nabda esmu wingit/ bosên têmên miyarsi/ ujare si kurnel mabuk/ jaluk kang ora-ora/ Sariraga dipun aglis/ aturana tuwan kang mêndêm mandherah//


Sang Dewi Sarirasa tergetar hatinya. Cinta sang raja berkobar. Sang dewi tersenyum sambil berkata, “Bosan sekali aku mendengar kata-kata kolonel mabuk ini. Permintaannya selalu yang tidak-tidak. Sariraga, segera nasehatilah tuanmu yang tengah mabuk berat ini”.


18. // umatur kang winujaran/ kakang bok manira ajrih/ hamba manawi dinukan/ luwung Panduka nuruti/ hamba aywa ginalih/ trus trang sêtyanireng kalbu/ dhasar wus janji kina/ kawula darmi nglampahi/ mung tuluse kang bok dadi kadang tuwa//


Sariraga yang diberi perintah menyahut, “Kanda Dewi, aku takut nanti dimarahi. Sudahlah, lebih baik Paduka menurut saja. Jangan pikirkan aku. Aku tetap akan setia, karena aku sudah berjanji. Aku hanya menjalankan saja. Memang sudah takdir, kemanapun, Kanda akan selalu menjadi saudara tuaku”.


19. // (129v)mlerok sang dyah Sarirasa/ sabdanira esmu runtik/ dhasar bangêtSariraga/ tuwane dipun ajani/ mrih rungkête lan mami/ dhasar angkuh dipun ugung/ Sang Nata angandika/ bênêr arenira Gusti/ biyen mula sun nrima warnen kewala//


Sang Dewi memandang tajam pada Sariraga dan berkata gusar, “Keterlaluan kau Sariraga, tuanmu kau panas-panasi supaya dia semakin dekat denganku. Orang angkuh malah kau dukung!”. Sang raja berkata, “Benar apa yang adikmu katakan, Tuanku. Dahulu aku menerimanya untuk sementara saja.


20. // tan lênggana ing wardaya/ kalamun dereng pawor sih/ lan Nonah In pan sêtap(-1)/ lidêr ing Barulkayati/ saha bintang kang sangking/ guwa garba Sirolahu/ kapindho kang bintang(-1)/ sudama johar kang rimi/ ri mangkana Nonah Bêsar Sarirasa//


Aku tak akan menyetujuinya jika belum berhasil mendapatkan cinta dengan Nona sang staf pimpinan Barulkayati, bintang dari gua Sirullah dan bintang johar, Nona Besar Sarirasa”.


21. // mesêm Sang Prabu Wanodya/ kabanjiran ing mamanis/ esmu agoyang ingdriya/ Sariraga sang rêtna di/ awas sasmiteng osik/ kusuma sigra lumungsur/ ywa kongsi ri kaswayun/ kusuma Sarirasa di/ duk tininggal kumêpyur kadya sinêndhal//


Sang Prabu Dewi yang dibanjiri kata-kata yang manis merasa goyah juga hatinya. Sariraga tanggap dalam hatinya. Ia pun segera mengundurkan diri. Dewi Sarirasa saat ditinggalkan rasanya bagai disepak.


22. // pan arsa angoncatana/ ketang wêlasireng galih/ tambuh goyanging panyipta/kusuma arsa nglanggati/ reh dereng sah kang janji / tarbukane bongsa kukum/ kang mungkul talak brongta/ kumênyut sêmune lindri/ dhasar ayu musthika maniking toya//


Ia ingin meninggalkan, namun ia kasihan. Kian goyah hatinya. Sang dewi ingin mengikuti rasanya, namun karena ia merasa belum sah ia gamang. Hatinya berdebar-debar. Sungguhlah cantik sang mustika sari samudra.


23. // saingga rarasing driya/ trênyuh mulat ing pangliring/ kagagasing kaya-kaya/ suselane Sri Bopati/ duk aneng ing jaladri/ nrus murwengêngkên nukmeng kung/ Radyan Gondakusuma/ kang ana(?) nurageng pamrih/ pasrangkara wilêt tanduking srêngkara//


Dalam angannya ia iba melihat pada sang raja. Teringat akan apa yang telah terjadi pada sang raja saat berada di samudra. Raden Gandakusuma terus berusaha mendekat.


24. // adhuh mirah jiwaningwang/ punapa kang dados runtik/ kang dasih tadhah duduka/ sumongga kang pati urip/ kinen punapa dasih/ tan lênggana ing sakayun/ najan malbeng samodra/ umanjing sagara gêni/ amung (130r)dika kang dados jimat kawula//


“Duhai permata jiwaku, apa yang menyebabkanmu marah. Aku siap menerima kemarahanmu. Aku menyerahkan hidup matiku. Sia-sialah aku jika cintaku tak berterima. Meski harus masuk ke dalam samudra, masuk ke lautan api sekalipun, hanya Padukalah yang menjadi azimat hatiku.


25. // sampun tanggung nimas Nonah/ nguripi ing wong kaswasih/ duk aneng pinggir mandaya/ wawalêse Prabu Dewi/ ulun sinêngguh wani/ manglunyat swarjanireng rum/ amung sihnya Bêndara/ kang sun pante rina wêngi/ swarga nraka ywa pisah lawan kusuma//


Janganlah kau berbuat separuh jalan, Nona. Kau telah menghidupkan orang yang mati sengsara di pinggir laut. Balasan yang aku minta hanyalah kasihmu tuanku, yang kuharap siang dan malam. Bagai surga dan neraka, janganlah aku berpisah denganmu.


26. // yen tan antuk sih asmara/ pêjahana bae Gusti/ suka dadiya kunarpa/ tanggung-tanggung madêg aji/ wit tan linêgan ing sih/ tan linalageng ing kung  (-1)/ nabda kusuma rara/ dhu[h] Pangeran Adipati/ dede niku kang dados raos kawula//


Bila aku tak mendapat kasih asmara darimu, lebih baik bunuhlah aku, Tuanku. Aku lebih baik menjadi bangkai, daripada sekedar tanggung menjadi raja namun tak tersampaikan cinta dan hasratnya”. Sang Prabu Dewi bersabda, “Aduh, Pangeran Adipati. Sesungguhnya bukan demikian yang menjadi niatku.


27. // lêngguke kagila-gila/ dhuh sampun kaliru tampi/ jêr Panduka wus akrama/ antuk Sariraga Gusti/ tan beda lawan mami/ têtêp adhêping awruh      (-1)/ nagri Katbahbudiman/ têgêse punika pêsthi/ nora kêna wong ngiwal jodho nugraha//


Mengapa kau menjadi sedemikian lemah. Ah, janganlah kau salah paham. Paduka sudah menikah dengan Sariraga, Tuanku. Ia tak berbeda sama sekali denganku. Kau juga telah berkuasa atas negeri Kakbahbudiman. Artinya, itu sudah menjadi suratanmu. Tak baik orang menyia-nyiakan anugerah jodoh”.


28. // sumaur Gondakusuma/ kasinggihan sabda Gusti/ nanging ta nora mangkana/ têgêse Budiman nagri/ budine pikir patitis/ manjêruh dhatêng pangestu/ matur kusumaningrat/ têgêse pan kadi pundi/ dereng êsah srikawin yen mung satêngah//


Gandakusuma menjawab, “Benar apa yang menjadi sabdamu, Tuanku. Namun, sesungguhnya tidak demikian. Itu berarti kau berpikir tentang negara Kakbahbudiman”. Sang Dewi berkata, “Artinya, bagaimanapun juga, tidaklah sah sebuah perkawinan jika hanya setengah-setengah.


29. // têgêse kang Sariraga/ Sri Narendra anauri/ dhuh Gusti papundheningwang/ têgêse kang ragasari/ punika jisim lantip/ martabate Kangjêng Rasul/ kawula kang sanyata/ ing carmin kaca dumêling/maya-maya warana dyah Sariraga//


Maksud (dari) Sariraga”. Sang raja menjawab, “Duhai Tuan sembahanku, Sariraga itu jasad, martabat Kanjeng Rasul. Kawula sejati. Di cermin kaca yang berkilau, samar-samar selubung Sariraga”.


30. // pan sarwa mangusweng padang/ sru mangras ponang panêpi/ binarung sabdamangraras/ kusuma tansah nginggati/ dhuh Pangran Adipati/ bok dipun sarehsatuhu/ sampun kadi Walonda/ têkanya rigah-arigih/ kaya dhudha wus la(131v)was nêmoni rondha//


Sang raja kian mendekat seraya terus melontarkan rayuan. Sang dewi terus menghindar. “Aduh Pangeran Adipati, bersabarlah dahulu. Jangan seperti Belanda, bersikap seperti duda lama yang bertemu janda.


31. // ing mangke ………..si landeya/ yen wus lêjar ing tyas mami/ ngran Sarirasa têgêsnya/ lawan Gondakusuma di/ êsah kukume iki/ wêcakêna den saestu/ lawan guwa Sirolah/ neng têngah samodra wêning/ Sri Narendra alon wijiling wacana//


Saat ini bersabarlah. Kelak jika telah puas hatiku, Sarirasa dan Gandakusuma sah hukumnya. Untuk itu, jawablah teka-teki ini dengan sungguh-sungguh, apakah gua Sirullah di tengah samudra hening”. Sang raja berkata pelan,


32. // ingaran samodra jêmbar/ wêninge padhang ngluwihi/ kêdhatone rasa mulya/ sêdene sira wong kuning/ nglênggahi rasa jati/ uripe jagad sêdarum/ roh ilapi têgêsnya/ ratuning nyawa sakalir/ bongsa gondakusuma kumpuling rasa//


“Disebut samudra luas, beningnya nyata terang benderang. Itu adalah istana bagi rasa mulia. Sedangkan, kau berkediaman di rasa yang sejati, nyawa bagi kehidupan seluruh alam, artinya adalah roh ilapi, raja bagi semua yang bernyawa, seperti layaknya Gandakusuma sebagai tempat berkumpulnya rasa.


33. // dene kang guwa Sirolah/ guwa sênêting urip(-1)/ kang urip tan inguripan/ jumênêng sira lan mami/ tiga rinta Sang Dewi/ Sariraga sipatipun/ mila tan kêna pisah/ kawula kalawan Gusti/ rasa purba katandhan jatining jalma//


Sedangkan gua Sirullah itu adalah gua persembunyian bagi Sang Hidup, yang hidup tanpa dihidupi. Di sana tinggalah kau, aku, dan Sariraga. Oleh karena itu, ketiganya tak boleh berpisah. Kawula dan Tuhan. Rasa yang paling awal ditandai oleh manusia yang sejati.


34. // Gusti sumongga cinoba/ bukak nugrahaning Widi/ anjingkat kusuma rara/ duk kababar kang piranti/ gêglêg jroning pangesthi/ kêtaman sulanging pasmun/ ilang paribaweng rat/ sumrah nrus sêbda gumya mrik/ kawimbuhan jinurung nugraha limpat//


Tuanku, cobalah. Bukalah anugerah Tuhan”. Sang dewi sangat terkejut ketika dirinya dijabarkan. Dalam hati ia tertegun mendengarkan keterangan tentang apa yang selama ini dirahasiakan. Hilanglah segala dayanya atas alam. Ia berserah, tertawa bahagia, mendapatkan anugerah yang tak terhitung.


35. // pinudyeng-pudyeng kamulyan/ sinurung lawan samedi/ langun sandining asmaya/ ngênglêng panyiptaning galih/ wus manrah sakarsa mring/ Nata gya pinarjayeng kung/ samir nangkêp lir sata/ jro tilam kusuma Dewi/ mendah baya dennyanu lawan Narendra//


Dipuja-puja dalam kemuliaan, didorong oleh semedi. Tersamar dalam indah asmara. Ciptanya dimabuk cinta. Ia pun pasrah pada kehendak sang raja. Sang raja pun segera dibunuh dalam cintanya. Di atas peraduan sang dewi.


36. // dhasar wus lami Sang Nata/ mangarsa lunturing sih(-1)/ ira Sang dyah Sarirasa/ mangkya wus kêpadhan kapti/ pyuring driya mangu(132r)nsih/ Sang dyah sru sinunggun-sunggun/ sigêg tan cinarita/ wus abis kang ponang gêndhing/ nir sulipta rudah langêning asmara//


Memang sudah sangat lama sang raja mengharapkan turunnya kasih dari Dewi Sarirasa. Kini ia sudah mendapatkannya. Seluruh rasa kasih ditumpahkannya pada sang dewi. Selanjutnya tak lagi diceritakan. Habislah segala daya. Tiada duka dalam alunan indahnya asmara.


37. // kunêng ing latri samana/ kacarita sampun enjing/ Sang Nata lan garwanira/ sêparan runtut lir mimi/ sumêdhêng kang pawor sih/ kêpadhan isthaning kayun/ kongas padaning raras/ lir kilang têmpur lan manis/ Sang dyah Sariraga suka sokur rêna//


Dikisahkan, hari telah beranjak pagi. Sang raja dan istrinya selalu berdua bagai kepiting yang tengah berkasih-kasihan, satu dalam hasrat, berpadu satu bak air tebu dan manisnya. Dewi Sariraga merasa bersyukur dan gembira


38. // amêngantenakên raka/ tan montra titimbanging sih/ lulus ngantya tongatira/ mring kang bok Sang Prabu Dewi/ yen nyuda kang mamanis/ winuywan lêlês ingungrum/ sang rêtna Sarirasa/ sayogya longaning kang sih/ Sri Narendra sru wêlas trêsnaning driya//


telah berhasil menyatukan kakandanya. Ia sama sekali tak berkeberatan untuk berbagi kasih. Ia tulus membaginya dengan ayundanya Sang Prabu Dewi. Meski itu berarti mengurangi kadar kasih yang diterimanya karena ia dimadu. Bila Sarirasa tengah berkasih dengan sang raja, sesungguhnya sang raja sangat kasihan


39. // mring garwa dyah Sariraga/ kewran panujuning galih/ yen mêlêng dyah Sariraga/ akraos Sang Nata Dewi/ yen mêlêng Prabu Murti/ kraos Sariraga sang rum/ sampun antawis lama/ dennya jumênêng narpati/ Prabu Gondakusuma neng Kabah praja//


pada Dewi Sariraga. Ia bingung. Bila ia tengah berada bersama Dewi Sariraga, terbayanglah Sang Prabu Dewi. Sebaliknya, bila ia tengah bersama Sang Prabu Dewi, terasalah olehnya Sariraga. Alkisah, telah lama Prabu Gandakusuma menjadi raja di Kakbahbudiman


40. // gumantyeng mrasêpuh Nata/ Mraja Tanwirulamini/ langkung harjaning nagara/ saya suyut wong ngabêgti/ kawarna patih lami/ Dipati Kalbuja wau/kalih estri atmanya/ sang dyah Kuniya wawangi/ kang taruna rum-arum rêtna Kurenta//


menggantikan ayah mertuanya, Maharaja Tanwirulamini. Negara kian bertambah sejahtera. Para kawula kian hormat berbakti. Dikisahkan patih lama bernama Adipati Kalbuja, memiliki dua orang putri bernama Kuniya dan Kurenta.


41. // sêmana Rêkyana Patya/ arsa nusul mangun teki/ gya nutur mring Sri Narendra/ saha srat mêdal ing kori/ Radyan Sêtingkumuning/ sowan lan Jêng Sang Aprabu/ Dyan kunjuk ing Sang Nata/ ngandika Sri Narapati/ yen mangkono lah kakang Kanekaputra//


Saat itu sang patih hendak menyusul sang raja begawan. Ia pun menyampaikan keinginannya melalui surat yang diterima oleh Raden Sentingkumuning selaku pendamping raja. Raden Sentingkumuning pun menghadap sang raja. Setelah surat dibaca dan dipahami isinya, berkatalah sang raja, “Jika demikian Kanda Kanekaputra,


42. // rehnya Papatih Kalbuja/ (124r)atma jalu tan darbeni/ sira ingkang gumantiya/ lan sutane tuwa estri/ sun sungkên sira kaki/ mrih ywa mêdhot warisipun/ Radyan matur sandika/ patik bra dêrmi nglampahi/ Raden Mustal jinunjung dadya patya(-1)//


berhubung Patih Kalbuja tak mempunyai anak laki-laki, engkau kutunjuk menggantikannya. Selain itu, putrinya yang tertua kuberikan padamu sebagai sarana agar ahli warisnya tidak putus”. Raden Sentingkumuning menjawab, “Hamba hanya sekedar menjalankan”. Raden Mustal pun diangkat menjadipatih.


43. // Sang Nata sêksana undhang/ kendêle papatih lami/ Radyan Mustal wus gumantya/ wêradin undhang narpati/ suka sagunging dasih/ Kanekaputra lêstantun/ dhaup lan dyah Kuniya/ atmane Kalbuja Patih/ Radyan Mustal wus gêntyani maratuwa//


Sang raja pun segera mengumumkan putusan tentang berhentinya patih yang lama, dan Raden Mustal sebagai penggantinya. Titah raja tersampaikan merata. Seluruh kawula menerimanya dengan suka cita. Kanekaputra akhirnya menikah dengan Kuniya, putri Patih Kalbuja. Raden Mustal menggantikan kedudukan mertuanya.


44. // sukeng suta kang taruna/ sang rêtna Kurenta Dewi/ pinundhut lawan Sang Nata/ wau Kya Kalboja Patih/ lêstari mangun teki/ lan garwa nusul mring gunung/ kunêng antara lama/ Dyan Patih Sêtingkumuning/ angêmbani Sang Prabu Gondakusuma//


Sedangkan, putri bungsu Patih Kalbuja, Dewi Kurenta, diambil oleh sang raja. Sementara Patih Kalbuja menjalani hidup sebagai pertapa, disusul oleh istrinya. Beberapa lama sudah Raden Patih Sentingkumuning menjadi patih Prabu Gandakusuma.


45. // wimbuh karaharjanira/ Kakbahbudiman nagari/ warnanên Sri Narapati(a)/ prapteng ngarsa nebda ris(-1)/ lah ta kakang Kanekasunu(i)(+2)/ sira arsa sun duta(u)(-1)/ ngupaya srananing nagri(a)(+1)/ Wira[ya]te bok Ratu sêkaring pura(i)(-3)// (-1)


Kakbahbudiman bertambah makmur sejahtera. Ketika itu dikisahkan sang raja datang dan berkata, “Kanda Kanekaputra, kau kuutus sebagai duta untuk mencari sarana bagi negara. Menurut riwayat yang dituturkan Paduka Ratu Permaisuri,


46. // goningsun jumênêng nata/ yen oleh sarating nagri/ luwih kasantosanira/ kang kanggonan ratu kapir/ ing Dalsah kang nagari/ Raja Sadalya ranipun/ myang songsong Tunggulnaga/ wasiyat Jêng Bagendha Mir/ sapa ingkang kanggonan santoseng jagad//


akan bertambah sentosa diriku menjadi raja jika aku mendapatkan sarana berupa negara yang kini diduduki oleh seorang raja kafir. Negara itu bernama Dalsah. Rajanya bernama Raja Sadalya. Ia memiliki payung pusaka Tunggulnaga yang merupakan pusaka wasiat Baginda Amir. Barang siapa yang memiliki pusaka tersebut, maka akan sentosa.


47. // myang ratune konên Islam/ sarta ngidhêpa mring mami/ yen wis wrin nagara Dalsah/ mênyanga Dustam nagari/ Raja Uman wangi(-1)/ iku darbe kadang sêpuh/ estri sura yu endah/ ran Sang dyah Kalpikawa(125v)ti/ darbe pêdhang maksiyat ran pêdhang Kangkam//


Islamkan pula rajanya, dan perintahkan agar patuh padaku. Bila sudah berhasil kau di Dalsah, pergilah kau ke negara Dustam. Rajanya bernama Raja Uman. Ia memiliki kakak seorang perempuan yang sangat cantik bernama Dewi Kalpikawati. Ia memiliki pusaka berupa pedang


48. // lan kêndhang ran Takêrjagad/ lawan payung Tunggul katri/ lah kakang sira pundhuta/ matur sandika Dyan Mantri/ gya mêsat saking puri/ arsa pamit garwanipun/ sapraptanireng wisma/ pamit mring garwa Sang Dewi/ sawusira gya dandan yudakênaka//o//


dan gendang bernama Takerjagad. Kedua pusaka itu beserta payung Tunggulnaga itu harus kau ambil, Kanda”. Raden Mantri bersembah dan segera melesat dari istana. Sebelumnya ia hendak berpamitan dengan istrinya. Sesampainya di kediamannya, ia pun berpamitan dengan istrinya sang dewi. Setelah itu, ia pun bersiap-siap untuk menghadapi perang.


1. //o// Rekat Sang Adipatya(-1)/ Raden Mustal sampun mêsat wiyati/ dêdêl gagana anggayuh/ midêring jumantara/ ri sêksana ningali nagara agung/ ing Dalsah wus tinurunan/ jujug prapta ngarsa Aji//


Sang Adipati, Raden Mustal, telah mengangkasa, berputar-putar di langit. Segera setelah ia melihat negara Dalsah, ia pun turun di hadapan sang raja.


2. // kagyat Sang Prabu Sadalya/ mulat marang Raden Sêtingkumuning/ den nyana dewa tumurun/ nulya glis ingancaran/ kinen lênggah Dyan Kanekaputra gupuh/ lingira Raja Sadalya/ kawula tabêt sang pêkik//


Prabu Sadalya terkejut melihat Raden Sentingkumuning. Ia mengira itu adalah dewa yang turun ke bumi. Segera sang raja menyambut tamunya. Raden Kanekaputra pun dipersilahkan untuk duduk. Raja Sadalya berkata, “Siapakah Anda, sang rupawan?”.


3. // sru nêbda Radyan Dipatya/ ya manira utusane Sang Aji/ Kakbahbudiman Sang Prabu/ Mraja Gondakusuma/ mahambara amarentah gunging ratu/ amundhut maksiyatira/ kang payung Tunggulnaga di//


Raden Adipati berkata, “Aku adalah utusan Raja Kakbahbudiman, Sang Prabu Maharaja Gandakusuma, seorang raja agung yang memerintah atas banyak raja. Aku diutus untuk meminta pusaka wasiatmu, payung Tunggulnaga.


4. // lan sira kinen Eslama/ asebaa mring Gustiku Sang Aji/ kagyat miyarsa Sang Prabu/ wuwuse Raden Mustal/ sru akurdha akithal ingkang pamuwus/ sira uga jalma kaplak/ angucap datanpa kering//


Selain itu, kau diperintah untuk memeluk agama Islam. Datanglah menghadap pada Tuanku Sang Raja”. Sang raja merasa sangat terkejut mendengar penjelasan Raden Mustal. Ia merasa sangat murka dan berkata keras, “Kau manusia bodoh! Berkata tanpa berpikir!


5. // wong sawiji pêksa lancang/ wis minggata ingsun nora pêrduli/ dhasar wasiyat ingsun tan sung(+1)/ Eslam maning gêlêma/ yen tan minggat sun jêjêgi kapalamu/ Rahadyan Kanekaputra/ bêndunya yayah sinipi//


Kau hanya seorang diri tapi sangat lancang! Minggat kau! Aku tidak peduli! Aku tak akan menyerahkan pusaka wasiatku! Apalagi diperintah menjadi Islam! Jika kau tidak segera pergi, kuhancurkan kepalamu!!”. Raden Kanekaputra seketika merasa sangat marah.


6. // nêbda kras lah ayonana/ lanat kapir ingsun datan awêdi/ iya mring dhadhapu(136r)ramu/ aglis ing wadya ngarsa/ pan angêbyuk tutunjangan samya nubruk/ tan kewran Rahadyan Patya/ têguh kang angga tan busik//


Ia pun bersabda keras, “Hai laknat kafir! Hadapi aku! Aku tidak akan takut dengan orang sepertimu!”. Segera para prajurit yang berada di depan menerjang Sang Patih. Raden Adipati sama sekali tak gentar. Ia tetap diam tak bergeser sedikitpun.


7. // ngêmbuli ing kiring kanan/ tan kewran sangsaya sudireng jurit/ mung lawan asta mangamuk/ nikut nabok andhupak/ nêmpiling anêndhang kapir keh lampus(-1)/ wêneh ana riniyakan/ mata nyêplong sirah glindhing//


Ia tak gentar dengan para prajurit yang mengeroyoknya di kiri dan kanan. Bahkan keberaniannya makin tinggi. Ia mengamuk hanya dengan menggunakan tangan. Menyikut, menabok, menyepak, dan menempeleng. Sekali tendang, banyak prajurit kafir yang tewas. Sebagian dari mereka dicabik hingga bola matanya keluar dan kepalanya lepas menggelinding.


8. // sawêneh den adu kumba/ wadya kapir saya keh kang mati/ dyan padha rowangnya caruk/ miris wadya ing Dalsah/ apuyêngan ingunduran dennya ngamuk/ kurdha Sri Raja Sadalsah/ Dyan Patih tinubruk wani//


Sebagian lain diadu kepalanya. Korban berjatuhan di pihak pasukan kafir. Pasukan Dalsah ketakutan. Semua mundur. Raja Sadalsah marah. Raden Adipati diterjangnya.


9. // milar Dyan Patih mangancap/ ngukêl kisma nangudi mangungkil(-1)/ Radyan winêngkang pinistul/ binuwang tiba têbah/ Dyan Kanekaputra bêrmantya kalangkung/ musthi sara saking kasang/ rante kang parbawa sêgti//


Raden Patih melompat menghindar dan balik menyerang. Setelah itu dengan sekuat tenaga sang raja menarik lawannya dan menembaknya dengan pistol. Terkena pistol, sang patih jatuh terlentang. Raden Kanekaputra seketika kian murka. Ia pun menghunus panah dari kantung panahnya, rantai yang sangat sakti.


10. // Sri Dalya gya linêpasan/ kang hru rante anggubêl Sri Bopati/ kang asta kalih riningkus/ mêksa budi tan bisa/ nulya ambruk ing kisma sambat kaswayun/ kang wadya pupulih ing prang/ sing amaju den lêpasi//


Sri Dalya segera dilepasinya dengan panah. Panah rantai mengikat kuat tubuh sang raja. Kedua tangannya, berhasil diringkus pula. Sekuat tenaga ia berusaha melepaskan diri dari belenggu panah rantai, namun tak berhasil. Akhirnya, sang raja pun roboh seraya merintih-rintih penuh iba. Para pasukan yang mendengar rintih rajanya segera kembali untuk menyerang sang patih, namun setiap yang maju langsung dilepasi panah.


11. // inggutuk rante warastra/ sasisane mati sampun katalin/ Dyan Patih susumbar nguwuh/ lanat kapir budiya/ nora padha ingsun prajuriting Rasul/ andêling Nata Bakdiman/ Tambangraga nyakrawati//


Terkena panah rantai, para pasukan yang menyerang sang patih pun tewas. Sisanya yang masih hidup pun terbelenggu. Raden Patih yang berada di atas angin, sesumbar penuh kemenangan, “Ayo, berusahalah lepaskan dirimu hei laknat kafir! Sesungguhnya kalian sama sekali tidak sebanding denganku. Aku adalah prajurit Rasul! Orang terpercaya Raja Bakdiman Sang Tambangraga, raja besar yang menguasai jagad.


12. // pragula pramudityeng rat/ tur kinudang pêpothet nglaya bumi/ lan den akên kadang sêpuh/ rêbutên Patih Mustal/ ya Kanekaputra iya Rujakjênu/ Sêtikumuning paparab/ ya ing(137v)sun gurit rêtna di//


Akulah yang terunggul di dunia, dipuja seluruh jagad, dan diaku sebagai saudara tua sang raja. Ayo, keroyoklah, ini, aku Patih Mustal, Kanekaputra, Rujakjenu, Sentingkumuning…, aku Gurit Retnadi!”.


13. // anglês sagungireng kopar/ langkung amrih maring Kangjêng Sang Aji/ ngandika malih sang bagus/ lah ta mara Sadalya/ pilih êndi sira urip lawan lampus/ lamun sira arsa gêsang/ manjinga agama suci//


Seluruh pasukan kafir merasa lemas mendengar sumbar sang patih, terlebih lagi jika melihat keadaan raja mereka. Sang patih berkata lagi, “Oleh karena itu Sadalya, pilihlah, hidup atau mati. Jika kau ingin hidup, masuklah ke agama suci.


14. // ngidhêpa mring ratoningwang/ lan ulungna songsong Tunggulnaga di/ Sang Nata ririh amatur/ tikbra sun lampu[s] gêsang/ kinen Islam sênajan tumêkeng cukur/ pinêrapat pinarastha/ sayêkti ulun lampahi//


Tunduklah kau pada rajaku, dan serahkan pusaka payung Tunggulnaga”. Sang raja menjawab lirih, “Aku sangat susah hati jika harus mati. Berikan aku kesempatan hidup. Aku akan masuk Islam, meski dicukur, dibagi empat hingga tengkuk, pastilah kujalani.


15. // namung gêsanga kewala/ miwah songsong sumongga asta kalih/ mangabdiya Sang Aprabu/ sampun kasêdyeng driya/ Raden Mustal kalangkung sukaning kalbu/ kang rante wus inguculan/ miwah praboti(?) mantri(-1)//


Tapi, biarkan aku hidup. Pusaka payung akan kuserahkan. Silahkan kau ambil. Aku juga akan mengabdi pada Sang Prabu, dan memang itu sudah kuniatkan”. Sang patih gembira hatinya. Rantai pun dilepaskan dari tubuh sang raja dan para menteri.


16. // pusara wus inguculan/ samya konjêm sagunging kang bala kapir(+1)/ sakala sampun winuruk/ Sri Dalya ngucap sahadat(+1)/ sabalane pra samya Eslam sadarum/ myang songsong Tunggulnagastha/ wus katur Rahadyan Patih//


Setelah semua dilepaskan dari belitan rantai pusaka, semua pasukan kafir tertunduk. Kemudian, setelah diajarkan, Sri Dalya pun mengucapkan kalimat syahadat demikian pula para pasukan dan punggawa semua telah Islam. Payung Tunggulnaga pun dihaturkan pada Raden Patih.


17. // tinampen nulya pinêrnah/ ing kakasang malih nêbda sang pêkik/ kariya Sadalya Prabu/ sun nutugakên lampah/ den miranti sira sakpungkur ingsun      (-1)/ manawa ana parentah/ têka Badiman nagari//


Setelah payung diterima, kemudian dimasukkan ke dalam kantung pusaka. Sang patih pun bersabda, “Prabu Sadalya, tinggalah kau di sini. Aku hendak meneruskan perjalanan. Nantikanlah jika kelak datang perintah dari negara Bakdiman,


18. // aywa nganti kalayatan/ Narpa matur sandika wotsari(-1)/ gya mêsat Dyan Rujakjênu/ dêdêl marang awiyat/ tansah miling-miling Radyan kadya jangkung/ sêmana ngungkuli kitha/ ingaran nagara Jênggi//


jangan sampai kau acuh”. Sang raja bersedia seraya menyembah. Raden Rujakjenu pun melesat terbang ke angkasa. Di langit, ia melihat-lihat sekeliling, dan tibalah ia di atas sebuah negara bernama Jenggi.


19. // Dyan Dipati mundhut sêrat/ sangking kasang ungêling kang tulis/ pengêt iki layang ingsun/ Prabu Kakbahbudiman/ Sang Sri Prabu Gondakusu(138r)ma pinunjul/ tumêkaa marang sira/ Raja Pamutung ing Jênggi//


Raden Adipati pun mengambil sepucuk surat dari kantungnya. Isi surat tersebut adalah, “Perhatian. Ini adalah surat dariku, Raja Kakbahbudiman, Sang Sri Prabu Gandakusuma yang agung, yang kutujukan padamu Raja Pamutung di Jenggi.


20. // wiyose Pamutung sira/ asebaa ngabêgti marang ing mami(+1)/ lan salina agamamu/ aja nêmbah brahala/ yen lênggana nêgaramu ingsun gêmpur/ titi kang surat pratondha/ Sri Kakbah Wiradimurti//


Pamutung, kau datanglah menghadap padaku, dan berpindahlah agama. Jangan kau menyembah berhala. Bila kau menolak, aku akan menggempur negaramu. Demikian suratku. Tertanda, Sri Kakbah Wiradimurti”.


21. // kathah nagari katiban/ ing surate Raden Sêtingkumuning/ datan kawarna ing ngênu/ wau Dyan Patih Mustal/ angungkuli nagari Bustam nagri gung/ manjujug ing padhusunan/ manggihi wong kaki-kaki//


Banyak negara yang kejatuhan surat dari Raden Sentingkumuning. Tak dikisahkan bagaimana kelanjutannya, berikutnya perjalanan Raden Mustal telah sampai di atas negara Bustam. Ia pun berhenti di sebuah pedesaan dan bertemu seorang kakek tua.


22. // nabda Sang Kanekaputra/ heh Eslama sira kaki rumiyin/ aja nêmbah rupa watu/ iku dudu Pangeran/ kaki tuwa umatur dhuh Gusteningsun/ gih Raden saklangkung hamba/ yun Eslam ajrih Narpati//


Sang Kanekaputra bersabda, “Wahai kau kakek tua, Islamlah kau dahulu. Jangan kau menyembah pada batu. Itu bukan Tuhan”. Kakek tua menjawab, “Aduh, Tuanku. Baiklah, Raden. Sesungguhnya hamba ingin masuk Islam, namun hamba takut pada raja”.


23. // Radyan Patih angandika/ lah Islama ingsun ingkang nanggoni/ kaki tuwa Eslam sampun/ angling malih Dyan Patya/ kaki tuwa aja sira tutur-tutur/ sun rusake kang brahala/ sêksana dipun parani//


Raden Patih berkata, “Sudahlah. Masuklah Islam. Aku yang akan menanggung segalanya, kakek tua”. Raden Patih menyambung perkataannya lagi, “Kakek, jangan kau bilang-bilang. Aku akan merusak berhala ini”. Raden Patih pun mendekati berhala.


24. // brahala samya rinusak/ Radyan Mustal sarwi nunurat aglis/ pengêt iki layang ingsun/ Radyan Kanekaputra/ marenana Sang Nata nêmbah mring watu/ manuta Nabi Muhamat/ iku utusaning Widi//


Segera, seluruh berhala dirusak oleh Raden Mustal dan ditulisi, “Perhatian. Ini adalah surat dariku, Raden Kanekaputra. Kepada Sang Raja, berhentilah kau menyembah batu. Patuhilah Nabi Muhammad. Sesungguhnya Beliau adalah utusan Tuhan”.


25. // sawusira anunurat/ akêsaru surupe Sang Hyang Rawi/ Rahadyan Mustal gya malbu/ marang sajroning pura/ pan anjujug sareyanira Sang Prabu/ payung sungsun wus kaalap/ lan kêndhang pun Takêrbumi//


Selesai menulisi batu-batu bekas berhala, malam pun menjelang. Raden Mustal segera menggunakan kesempatan itu untuk masuk ke dalam istana dan berhenti di kamar Sang Prabu. Payung bertingkat telah berhasil diambil, demikian pula dengan gendang pusaka Takerbumi.


26. // sigra winrat ing kakasang/ (139v)Radyan nulya mêdal gyanira Sang Dewi(+1)/ Sang dyah Kalpika wus pangguh/ kang pêdhang wus ingalap/ sarwi jinjit nulya mêdal sang abagus/ kagyat wungu gennya nendra/ kusuma Kalpikawati//


Benda-benda pusaka itu pun dimasukkannya ke dalam kantung dan segera ia keluar menuju tempat Dewi Kalpikawati. Setelah sampai, pedang pusaka pun diambil. Dengan berjingkat-jingkat, Raden Mustal segera keluar. Namun, Dewi Kalpikawati ternyata terbangun.


27. // tandya wrin lampahe dhustha/ runtik ing tyas busana den kêncêngi/ ingusap srinatanipun/ kamot kapraboning prang/ nulya mêdal nututi dhustha sang bagus/ Raden Kanekatanaya/ wus mêsat marang wiyati//


Ia sadar bahwa telah terjadi pencurian. Dengan perasaan gusar ia pun membenahi busananya dan setelah siap dengan segala kelengkapan perangnya, ia pun berusaha mengikuti jejak sang pencuri. Saat itu, Raden Kanekaputra telah melesat terbang.


28. // Sang dyah anusul gagana/ sarwi muwus mandhêga sira maling/ kaya dudu wong pinunjul/ tumbak tambuh ngayuda/ antenana yen dhasar prawira agul/ anulya Dyan Patih Mustal/ nglilah kene payo jurit//


Sang dewi pun menyusul terbang seraya berkata, “Berhentilah kau, pencuri! Tingkahmu seperti bukan manusia utama saja, menghindar dari perang! Tunggulah jika kau benar-benar perwira yang unggul!”. Raden Mustal pun menjawab, “Ayo, kemari! Kita bertanding!”.


29. // Sang dyah Kalpika nêrajang/ mring Dyan Patya pêdhang rinêbut kêni/ mring sang kusumaning ayu/ dadya rêbat-rinêbat/ sami yitna pan sami arikatipun/ lir thathit dugening wiyat/ sami prawiranya kalih//


Dewi Kalpikawati menerjang. Pedang pusaka berhasil direbutnya dari tangan Raden Patih. Saling rebut pun terjadi di antara keduanya. Mereka berdua sama-sama waspada dan sama-sama gesit. Gerakan mereka bagai kilat sambar menyambar di langit. Keduanya pun sama-sama perwira.


30. // sang dyah sêktinya satijrat/ Radyan Mustal karamat kang kasêktin/ sang dyah tandya tan kadulu/ matak aji lemunan/ ing sakêdhap Dyan Patih kilap datan wruh/ gya matak aji panrawang/ sang dyah wus katingal malih//


Sang dewi sangat sakti. Raden Mustal pun tinggi kesaktiannya. Sang dewi pun segera menebar ajian menghilang dan sirnalah ia tak terlihat. Sesaat Raden Patih sama sekali tak mampu melihat keberadaan sang dewi. Sang dewi pun segera menebar ajian menampakkan wujud dan terlihatlah ia kembali.


31. // pangraose sang kusuma/ Radyan Mustal lêstari datan uning/ tan yitna kibir ing kalbu/ Radyan Kanekatmaja/ ngirih-irih/ pêdhang rinêbat sing pungkur/ kagyat Sang Kalpikawatya/ mring sang dhustha nrajang malih//


Dipikir oleh sang dewi, Raden Mustal tetap belum menyadari keberadaannya. Hilang kewaspadaan sang dewi. Dengan gerakan yang pelan namun cekatan, Raden Kanekaputra pun berhasil merebut pedang pusaka dari belakang. Sang Dewi Kalpikawati terkejut dan segera menyerang kembali.


32. // pêdhang rinêbat wus kêna/ Radyan Mustal mêsu tingal muksa nir/ amindha pêngala manuk/ sang dyah sru kalimunan/ pêksi (140r)nyêlak angêrbat sarêng katungkul/ pêdhang wus kenging rinêbat/ sarta sampun ngrucat warni// 


Dewi Kalpikawati kembali berhasil merebut pedangnya. Raden Mustal segera memusatkan pikiran dan seketika sirnalah wujudnya berganti dengan wujud seekor burung. Sang dewi dibuatnya bingung. Burung jelmaan sang patih mendekat kepada sang dewi, dan dengan gerak yang cepat pedang pun berhasil kembali direbut. Sang patih pun kembali ke wujud semula.


33. // sabêt gya winrat kêkasang/ payung pêdhang wus sirna tan kaeksi/ Raden Mustal pan mugswa wus/ sang dyah datan uninga/ Radyan Patih asusumbar nguwuh-uwuh/ lah padha nora padhaa/ kêmini si lanat kapir//


Pedang yang telah berada ditangannya segera dimasukkan dalam kantung. Payung dan pedang pusaka hilang tak terlihat, demikian pula Raden Mustal. Sang dewi tak dapat melihatnya. Raden Patih pun sesumbar, “Ternyata memang kau bukan lawanku! Sok pintar kau laknat kafir!!


34. // arsa ngayoni maringwang/ ingsun nyata ing Bakdiman nagari/ pothet andêle pakewuh/ ya ingsun Patih Mustal/ nêkanana ing Kakbah yen sira purun/ pan lajêng ing undurira/ Rahaden Sêtingkumuning//


Ingin mengalahkan aku! Aku berasal dari negara Kakbahbudiman. Perwira andal yang mampu mengatasi segala masalah! Akulah Patih Mustal! Jika kau berani, datanglah ke Kakbahbudiman!!”. Raden Sentingkumuning pun melesat pulang.


35. // Sang dyah Kalpika karuna/ esmu merang cuwa denira jurit/ pêlarasan nulya mundur/ warnanên sampun enjang/ Sri Narendra Dustam kumêsar ing kalbu/ awungu denira nendra/ kagyat nir kang Takêrbumi//


Dewi Kalpikawati menangis karena malu bercampur geram atas kekalahannya. Ia pun segera kembali. Pagi harinya, Raja Dustam merasa gelisah. Ia bangun dan menemukan pusaka Takerbumi telah lenyap.


36. // lawan songsong Tunggulnaga/ datan ana uga binêgteng sandi/ langkung bêrmantyaning kalbu/ gya wontên atur surat/ dennya manggih neng gyaning Budimanipun/ winaca sinugmeng nala/ yen duta Bakdiman nagri// 


Payung Tunggulnaga pun tak ada ditempatnya. Ia pun merasa geram. Tiba-tiba datang abdi membawa surat yang berisi jika ingin menemukan barang-barang pusaka itu, ia harus datang ke negara Kakbahbudiman. Setelah surat dibaca dengan seksama, tahulah ia bahwa seorang duta dari negara Kakbahbudiman


37. // andhustha gunging pusaka/ mantrinya kaaran Sêtingkumuning/ kasaru sakpraptanipun/ kang bok rêtna Kalpika/ pan umatur yen pêdhang ical ing dalu/ niskara katur sadaya/ matur malih sang rêtna di// 


telah datang dan mencuri seluruh pusaka itu. Duta itu berpangkat patih bernama Sentingkumuning. Tiba-tiba datanglah ayundanya, Kalpikawati. Ia melapor bahwa pedang pusakanya juga hilang dicuri tadi malam. Kalpikawati pun menceritakan semua yang terjadi. Kemudian ia berkata,


38. // suwawi yayi Narendra/ angluruga marang Bakdiman nagri/ prayogi rinêbat pupuh/ sagunging kang pusaka/ Prabu Usman langkung panujuning kalbu/ gya prentah nêmbang têngara/ busêkan sanegeng jurit// 


“Mari Dinda Prabu, kita serang negara Kakbahbudiman. Kita harus merebut seluruh pusaka kita melalui peperangan”. Prabu Usman setuju dan segera memberi perintah menabuh genderang perang. Seluruh istana pun sibuk bersiap-siap untuk berperang.


39. // dhasar wus miranti lama/ tan adangu sampun sumakteng jurit/ tênapi kang para ratu/ kathahnya kawandasa/ kang wus kareh mring Sri Dustam Ma(141v)ha Prabu/ wus kumpul barisira glar/ lir sagara tanpa têpi// 


Karena memang sudah siaga sejak lama, tak butuh banyak waktu untuk mempersiapkan seluruh pasukan dalam keadaan siap tempur, demikian pula para raja rekanan berjumlah empat puluh yang seluruhnya berada di bawah kuasa Sri Mahaprabu Dustam. Mereka semua berbaris dalam sebuah formasi yang digambarkan bak samudra tak bertepi.


40. // cacahe bala kaetang/ satus kêthi pitung yuta lan malih/ sangang ewu wolung atus/ sigra têngara budhal/ mawurahan têngara maryêm jumêgur/ pracihna umangkat ing prang/ manglurug lampahing baris// 


Seluruh pasukan berjumlah tujuh juta seratus sembilanribu delapanratus. Setelah aba-aba perang berupa meriam berbunyi keras, barisan pun segera berangkat.


41. // kunêng niskaraning marga/ Radyan Mustal ingkang kawar[na] malih(-1)/ Kakbahbudiman wus rawuh/ laju marêg Sang Nata/ Dyan umatur dhuh Gusti hamba ingutus/ dhatêng ing nagari Dalsah/ miwah mring Dustam nagari// 


Kini dikisahkan kembali Raden Mustal. Ia telah sampai di Kakbahbudiman dan langsung menghadap sang raja. Ia melapor, “Duhai, Tuanku. Sesuai perintah Paduka, hamba diutus ke negara Dalsah dan negara Dustam, telah hamba laksanakan.


42. // ugi sampun angsal karya/ songsong sabêt sampun kabêkta sami/ Sang Sri Dalsah sampun manut/ manjing agami Islam/ nanging Rajeng Dustam dereng ngantos nungkul/ badhe hamba lajêngêna/ manawi andadangoni// 


Hamba juga telah berhasil membawa payung dan pedang pusaka. Sri Dalsah telah bersedia tunduk dan masuk Islam. Hanya Raja Dustam yang belum sempat hamba tundukkan. Perhitungan hamba, jika hamba teruskan di sana, barangkali akan terlalu lama.


43. // dadya sakpêngkêr kawula/ wadyabala arsa nglurug mariki/ sumongga karsa Sang Prabu/ ngandika Sri Narendra/ kakang Patih parentaha mring wadya gung/ sadhiya mêthuk ing yuda/ saha kangmas larap tuwin// 


Oleh sebab itu, sepeninggal hamba, para pasukan dari sana tengah menyerang kemari. Hamba menyerahkan pada kebijaksanaan Sang Prabu”. Sang raja pun bersabda, “Kanda Patih, perintahkan pada seluruh pasukan untuk bersiaga tempur, demikian juga dirimu, Kanda”. Pedang dan


44. // songsong Tunggulnaga astha/ sampun katur marang Sri Narapati/ Kya  Patih mêdal ing ayun/ sugra suwareng bala/ asrang-srangan busêkan miranteng pupuh/ wadya ing Kakbahbudiman/ tênapi kang para aji// 


payung pusaka Tunggulnaga telah dihaturkan pada sang raja. Sang patih pun segera keluar. Suara para pasukan yang bersiap untuk bertempur terdengar riuh. Seluruh pasukan Kakbahbudiman dan para raja mitra bersiap siaga


45. // sakbalanira wus tata/ ratu sekêt gangsal wus sumiwi(-1)/ mring Kakbahbudiman Prabu/ gangsal pangajêngira/ Nateng Usan Mraja Jajarsên jujuluk/ Turki Sri Pamangsul Raja/ miwah Nateng Kondhabumi// 


bersama dengan pasukannya masing-masing pula. Jumlah raja mitra yang berkumpul sebanyak limapuluh lima orang. Semua tunduk pada perintah Prabu Kakbahbudiman. Lima orang raja bertindak sebagai pemimpin barisan adalah Maharaja Jajarsen dari negara Usan, Raja Pamangsul dari Turki, raja negara Kandhabumi


46. // Maha Prabu Dasaboja/ myang Sri Cina nênggih pan datan keri/ Ngabêsah Baskaya Prabu/ Narendra ing Mradongga/ ingkang kathah pra raja datan kaetung/ miwah ingkang nungkul anyar/ Raja Pamutung ing Jênggi// 


Mahaprabu Dasaboja bersama dengan Raja Cina, Prabu Baskaya dari Ngabesah, dan Raja Mradongga. Yang lain sangat banyak jumlahnya nyaris tak terhitung, belum lagi yang baru saja tunduk, Raja Pamutung dari Jenggi,


47. // malih Raja ing Kuresan/ akakasih Mongka Sri Narapati/ Sang Sri Pamonah ing Babul/ ing Mêsir Sri Manunggya/ samya kathah amisungsung mring Prabu(-1)/ ana atur kreta siyas/ Rajeng Kuresan nyaosi// 


raja negara Kuresan bernama Raja Mangka, Raja Pamonah dari Babul, Raja Manunggya dari Mesir. Banyak di antara mereka yang memberikan persembahan pada sang raja Kakbahbudiman. Ada yang menghadiahkan dokar. Sedang Raja Kuresan menghadiahkan


48. // bendi kuda blêgidaba/ Sri Iskandar Nateng Atul nyaosi/ kuda (142r)gêng ulês dhawuk(-1)/ mripatira sakawan/ ingran Jayenggati agêmira pupuh/ nênggih Prabu Dasaboja/ kêlawan Sri Polak Aji// 


bendi beserta seekor kuda yang besar. Raja negara Atul, Sri Iskandar, mempersembahkan hadiah berupa seekor kuda besar berkulit dhawuk dan bermata empat bernama Jayenggati yang merupakan tunggangan perangnya. Prabu Dasaboja dan Raja Sirpolak


49. // atur-atur memreng plongka/ lawan sênuk malih kang kuda kuldi/ sêdaya pan sampun katur/ suka Sri Naranata/ kang sawêneh angladosi bantheng tutul/ mênjangan sungunya ranggah/ sêmana wus ngumpul baris// 


memberikan persembahan berupa unta belang putih, seekor tapir, dan kuda poni. Seluruh hadiah tersebut telah dihaturkan pada sang raja dan telah pula diterima dengan senang hati. Ada pula yang mempersembahkan banteng tutul dan menjangan dengan tanduk bercabang. Saat itu, seluruh raja dan pasukan telah berkumpul dalam barisan.


50. // saya gêng datanpa etang/ wadya Kakbah kadya samodra ngalih/ tan [an]tara praptanipun(-1)/ Sri Bustam saha bala/ prapta têpis wiringe praja gung(-2)/ gya uluk-uluk sênjata/ mriyêm gumlêgêr ping kalih// 


Hal itu membuat barisan kian besar tak terhitung. Bila diibaratkan, barisan Kakbahbudiman bagai samudra yang berpindah. Tidak lama kemudian datanglah Sri Bustam dan bala tentaranya di tapal batas ibukota negara. Segera meriam dibunyikan dua kali sebagai isyarat.


51. // kapyarsa saking jro kitha/ ebah wau Dyan Mustal Patih(-2)/ parentah mêthuk ing pupuh/ têngara munya gumrah/ animbangi mariyêm munya jumêgur/ umetmanglingi sing kitha/ wong Kakbah tan nêdya gingsir//o// 


Bunyi meriam terdengar sampai ke dalam kota. Raden Mustal segera bergerak memberi perintah untuk menyongsong musuh di medan laga. Genderang perang berbunyi nyaring mengimbangi gemuruh meriam. Suara-suara tersebut nyaring mengungkung kota. Namun demikian, orang-orang Kakbahbudiman tak bergeser dari tempat.


1. //o// Agambira wadya Eslam mêthuk yuda/ pênganjuring ajurit/ tatêlukan anyar/ andêle Bakdiman nagri(a)(+1)/ kumudhening prang(i)(-3)/ Raden Mustal Apatih(a)(-1)// (-1)


Dengan penuh kemantapan, pasukan Islam menyongsong musuh di medan tempur. Bertindak sebagai pemimpin barisan adalah para raja taklukan yang baru. Sedangkan, sebagai komandan perang negara Kakbahbudiman tak lain Raden Mustal Sang Patih.


2. // Prabu Gondakusuma ngrasuk busana/ sangkêp kaprabon jurit/ makutha brarêtna/ nyamping cindhe puspita/ lancingannya panji-panji/ tansah rinenda/ paningsêt tumpal adi// 


Prabu Gandakusuma mengenakan busana keprajuritan kebesaran. Mahkotanya berhiaskan permata. Kainnya cita kembang dengan celana panji-panji dengan hiasan renda dan sabuk bermotif tumpal yang sangat indah.


3. // arasukan baludru bêskap bludiran/ kancing rêtna egêri/ kalpika wasiyat/ arja mangagêm ijêm/ tanah sing Inggris sayêkti/ karset sinotya/ jumêrut myang widuri// 


Baju sang raja adalah beskap berbahan beludru dengan hiasan bordir, dengan kancing dari permata. Sang raja mengenakan cincin wasiat bermata hijau tanah berasal dari Inggris, kalung karset bertatahkan zamrud dan intan baiduri.


4. // pan angagêm wasiyat kalih Sang Nata/ winangking kang satunggil/ satunggal den anggar/ [a]ran Kyai Jawisa(-1)/ winangking sagara api/ dhasar Sang Nata/bagus busana adi// 


Sang raja membawa dua pusaka wasiatnya. Yang satu terselip di pinggang, sedang yang satu dianggar bernama Kyai Jawisa. Pusaka yang diselipkan di pinggang bernama Sagara Api (lautan api). Sungguh sangat indah busana raja.


5. // sampun munggeng rata kuning Sang Nata(-1)/ kêlawan sang rêtna di/ Sang dyah Sarirasa/ rêspati songsong jênar/ busana priya Sang Dewi/ aprajuritan/ukêl kêling mantêsi// 


Sang raja telah berada di dalam kereta kencana bersama dengan Dewi Sarirasa, dipayungi payung keemasan. Sang dewi berbusana dengan cara pria keprajuritan. Rambutnya disanggul model keling yang membuatnya kian patut.


6. // arasukan êsup sinalisir sotya/ kancingira her bumi/ nyamping cindhe jlamprang/ slepe jawi rasukan/ anyothe pusaka adi/ Kyai Balela/ lancinganpanji-panji//


Bajunya berplisir emas dengan kancing intan dari dasar bumi. Sang dewi mengenakan kain cita kembang motif jlamprang dengan pending sabuk terletak di luar pakaian. Sang dewi membawa pusaka di pinggang bagian tengah bernama Kyai Balela. Ia mengenakan celana panji-panji.


7. // ngagêm lonceng slendêr rante (143v)sinotya bra/ dinulu amantêsi/ wimbuh warnanira/ kadulu apan kadya/ anglir narendra ing Bali/ duk mangsah aprang/ tuhu ratuning pêkik// 


Dengan kalung lonceng berantai emas yang bila dipandang makin terlihat patut dan menambah kecantikannya. Bila dilihat seperti raja Bali ketika berperang, terlihat sangat rupawan.


8. // sigra budhal nêngna wau lampahira/ wadya andêl mêrapit/ ebêg kering kanan/ sakehe upacara/ sadaya sampun miranti/ sagung wasiyat/ datan ana kang kari// 


Mereka pun segera berangkat. Barisan pasukan tampak penuh di kiri dan kanan. Seluruh perabot upacara kebesaran pun telah siap beserta seluruh pusaka wasiat, tak ada satupun yang tertinggal.


9. // sigra wau kang lumampah ngarsa(-2)/ tandya campuh ing jurit/ lawan bala kopar/ samya sudiranira/ aprang neng jawining nagri/ Kakbahbudiman/ gêrgut wadya kakalih// 


Pasukan yang berada di barisan depan segera terlibat peperangan sengit melawan pasukan kafir. Keduanya sama-sama kuat. Mereka berperang di luar negara Kakbahbudiman. Kedua pasukan terlihat sama-sama gagah berani.


10. // langkung rame kang inggar angrok kumintar/ anglir ruging kang ardi/ mariyêm sauran/ swara kadya ampuhan/ surak wor sambating kanin/ kapirmyang Islam/ kalonge(?) kang mati(-1)// 


Kian lama kian gemuruh suara mereka yang tengah berperang bagai suara runtuhnya gunung. Meriam bersahutan bagai angin besar. Sorak-sorai bercampur teriakan luka baik pasukan kafir maupun Islam. Beberapa roboh dan tewas.


11. // mimis adrês jêmparing pan kadya jawah/ kung alma glut nglimputi/ apêtêng gagapan/ kang pêjah tan ngulatan/ mungsuh rowang padha wani/ tigar aliwat/ caruk pêdhang lan biring// 


Peluru menderas, terpaan panah bagai hujan. Sekian banyaknya manusia yang berperang membuat medan laga terlihat gelap. Yang mati pun tak terlihat. Lawan maupun kawan berperang dengan penuh keberanian, beradu pedang dan tombak.


12. // gada bindi kalangkung ramening aprang/ mangkrah ungkih-ingungkih/ sosrah liru papan/ sakgon gênti tandhingan/ senapatining wong kapir/ kumudhening prang/ Sang dyah Kalpikawati// 


Gada sesama gada beradu kian membuat ramainya perang. Semua saling berusaha menjatuhkan, berganti-ganti tempat, berganti-ganti lawan tanding. Bertindak sebagai panglima perang dari pasukan kafir adalah Dewi Kalpikawati.


13. // munggeng kuda rêspati busaneng priya/ ngagêm songkok sarwedi/ nyêkok sasinthingan/ tinrucuk dhuk(thuk?) sasotya/ rasukan baludru abrit/ binalênggirêtna(+1)/ saya ngembahi manis// 


Dengan menunggang kuda, sang dewi mengenakan busana cara pria, dengan songkok yang indah berlekuk di satu sisi berujung emas. Pakaiannya terbuat dari bahan beludru merah dengan plisir permata, semakin menambah keelokannya.


14. // epek gumrupa niti ingagêm jaja/ mangking dhuwung mantêsi/ nyamping parang wênang/ lancingan cindhe sêkar/ tinrapan sarywa rêtna di/ tuhu sangrêtna/ karya goyanging janmi// 


Ia mengenakan sabuk dan penguncinya. Sebuah peniti disematkan di dada. Sang dewi membawa senjata keris yang indah. Kain yang dikenakannya bermotif parang wenang, celananya dari kain cita kembang dengan hiasan emas-emasan. Penampilannya sungguh membuat goyah rasa mereka yang melihat.


15. // dhasar ayu wimbuh karênggeng busana/ saya akarya brangti/ yata sira Nata/ ing Dustam sang kusuma/ ngalap-alap ing ajurit/ yen wadyanira/ esmu kuciweng jurit// 


Kecantikan sang dewi bertambah karena busana yang ia kenakan kian membuat orang-orang yang melihat jatuh hati. Dikisahkan sang raja Dustam mengamuk di medan laga karena kecewa pasukannya terdesak.


16. // gya sinandêr tinêpak dadya manunjang/ wadya Kakbah kalindhih/ mirut asasaran/ kang têbih Patih Mustal/ Rahadyan Sêtingkumuning/ bêrmantya mulat/ wadyanira katitih// 


Ia pun menyambar kudanya dan menerjang pasukan Kakbahbudiman hingga terdesak dan bubar tak tentu arah. Dari kejauhan, Patih Mustal atau Raden Sentingkumuning menyaksikan hal itu. Ia marah karena pasukannya terpojok.


17. // mêrêg wadya sarwa mênthang gandhewa(-1)/ ginêdhêg sigra mijil/ jêmparingabarat/ nibani bala kopar/ kathah kang tatu myang lalis/ tandya Dyan Mustal/ musthi srat ing jêmparing// 


Ia pun mendekati pasukannya seraya menarik busur. Anak panah pun terlepas menghujani pasukan kafir. Banyak di antara mereka yang luka-luka hingga tewas. Kemudian Raden Mustal pun melampirkan surat di anak panahnya


18. // linêpaskên ing Sang dyah Kalpikawatya/ (144r)prayitna sang rêtna di/ warastra tinampan/ kang sêrat tinupiksa/ ijêmanira kang tulis/ rehing ayuda/ anantang aprang tandhing// 


dan dilepaskan ke arah Kalpikawati. Tanggap akan yang terjadi, sang dewi dengan cekatan menangkap anak panah. Surat yang ada di pucuk anak panah dibacanya dengan teliti. Isinya merupakan tantangan untuk berperang tanding,


19. // aywa angadu bala têmah rusak(-1)/ Sang dyah Kalpikawati/ katujon ing driya/tandya nyapih kang wadya/ têngara ngumpulkên baris/ rapel gumêsahasri(a)(+2)// (-1) 


dan jangan mengadu sesama bala tentara karena akan berujung kerusakan untuk kedua belah pihak. Sang Dewi Kalpikawati merasa mendapat kesempatan. Iapun segera menghentikan pasukannya dengan membunyikan genderang sebagai isyarat perintah agar pasukannya kembali dalam barisan. Seluruh pasukan punriuh berkumpul.


20. // kapir Eslam wus tata kubêng barisan/ Rajeng Bustam Narpati/ têdhak sing wahana/ siniweng para nata/ aglar kang para narpati/ aneng payudan/ tatarupkimah asri// 


Baik pasukan kafir maupun Islam telah berbaris di sekeliling medan pertempuran. Raja Bustam turun dari kereta dihadap oleh para raja rekanan. Di medan pertempuran mereka beratapkan tenda-tenda perkemahan yang sangat bagus.


21. // dyah Kalpika tan têbih lan rayi Nata/ baris Eslam nagari/ Sang Prabusudibya/ Mraja Gondakusuma/ lênggah siniweng pra aji/ neng pasanggrahan/ aglar wadya sumiwi// 


Dewi Kalpikawati berada tak jauh dari adiknya, sang raja. Sedangkan di barisan Islam, Sang Mahaprabu Gandakusuma, duduk dihadap oleh para raja mitra di pesanggrahannya.


22. // wus linilan mring Sang Bathara(?) Mustal(-1)/ mêsat gya nitih esthi/ sikêp paris waja/ minta lawan susumbar/ Sri Dalsah amit ing Gusti/ sampun linilan/ mêsat gya nitih esthi// 


Atas perkenan sang raja, Patih Mustal keluar berkendaraan gajah dengan menyelipkan pisau baja. Ia menantang dengan sesumbar. Raja Dalsah segera pamit dan keluar berkendaraan gajah.


23. // mandhe dhêndha muwus panggih yun-ayunan/ nabda Raja Yahudi/ saparanmu mêngsah/ umati mapag ingwang/ sumaur Sang Dalya Aji/ ingsun Sadalya/ andêl Bahdiman nagri// 


Dengan memanggul gada ia pun bertemu lawannya. Bersabdalah Raja Yahudi, “Siapa namamu?! Mati kau melawanku!”. Sang Dalya menjawab, “Aku Sadalya perwira negara Kakbahbudiman.


24. // sira sapa lanat kapir maju ing prang/ kang tinanya nauri/ Sumbrani Narendra/ ingran Yahudi Raja/ lah sira gadaa dhingin/ sira Sadalya/ ja oncat den ngati-ati(-1)// 


Kau siapa kafir laknat, maju di medan pertempuran?!”. Yang ditanya menjawab, “Aku raja Sumbrani bernama Raja Yahudi. Seranglah aku dengan gadamu dahulu, Sadalya! Jangan kau menghindar! Berhati-hatilah!”.


25. // Sang Yahudi mutêr gada lir kitiran/ kotbut[a] nrajang wani(-1)/ Sri Dalsah ginada/ jumêbret swaranira/ paris murup mêtu api/ diragêlarap/ tan osik Sadalya Ji// 


Sang Yahudi memutar-mutar gadanya bagai kitiran, ia mengamuk membabi buta dan menerjang. Sri Dalsah diserangnya dengan gada hingga menimbulkan suara keras. Pisau menyala memercikkan api. Raja Sadalya bergeming.


26. // yata malês Sang Yahudi ginada(-1)/ paris rêmuk dadya tri/ Yahudi malêsat/ dhawah saking matêngga/ wadya Eslam surak wanti/ swandana pêjah/ sinabêt dhêndha kwating// 


Sang Yahudi kembali membalas dan diserang gada. Pisaunya remuk menjadi tiga bagian. Raja Yahudi terpental dari gajahnya. Pasukan Islam bersorak. Gajah kemudian disabet gada kuat-kuat hingga tewas.


27. // Sang Yahudi kasingsal aburangkangan/ tangi kurdha mawêngis/ narik sabêt tandya/ nrajang mêksa amêdhang/ sumêdya mupuh kang esthi/ Yahudi Raja/ kongsêp sangêt tan eling// 


Sang Yahudi terpelanting. Merayap-rayap ia bangun dengan kemarahan yang begitu besar. Ditariknya pedangnya, dan menerjang dengan maksud membalas. Akhirnya, Raja Yahudi jatuh tersungkur tak sadarkan diri.


28. // ginosongan wadya Eslam asusurak/ sarwi têngara asri/ têtêgnya apinjal/ maminta-minta lawan/ gya wontên kapir ngajoni/ Garbi Narendra/ pratestha swandesthi(-1)// 


Pasukan Islam membakarnya dan bersorak seraya membunyikan genderang dengan irama yang seolah meminta lawan. Tak lama keluarlah seorang kafir, Raja Garbi, yang duduk di atas seekor gajah.


29. // (145v)mandhi dhêndha prapta wus ayun-ayunan/ lan Sadalya Narpati/ gyacampuh ngayuda/ ramya gada-ginada/ sami prawirane kalih/ datan kuciwa/ wahananya kapilis// 


Ia datang dengan memanggul gada. Segera ia telah berhadap-hadapan dengan Raja Sadalya. Pertempuran pun dimulai. Saling gada berlangsung seru. Keduanya sama-sama perwira sukar terkalahkan. Kedua tunggangan mereka terkena hantam di pelipis


30. // kalih pisan rêmuk kabrabat ing gada/ mlumpat narendra kalih/ sru gadaginada/ loyo sakalihira/ rumangkang atêkên paris/ gada tan pêgat/ dangu-dangu Sri Garbi// 


hingga hancur terbabat gada. Kedua raja melompat. Pertarungan dengan gada masih terus berlanjut meski lama-lama tenaga makin terkuras, merayap-rayap bertongkat pisau dengan masih terus saling serang dengan gada. Lama-kelamaan Sri Garbi


31. // arkat malih mangadêg gada binucal/ dadya cinandhak aglis/ ikêt pinggangira/ binuwang tibeng têbah/ dhawah sajabaning baris/ bangêt kantaka/ ginosongan wadya lit// 


sekuat tenaga berusaha bangun dan membuang gadanya. Dengan cepat lawannya diraih ikat pinggangnya dan dilempar jauh hingga jatuh dengan keras di luar arena dalam keadaan pingsan, dan segera para pasukan membakarnya.


32. // Sri Pamutung ing Jênggi pamit umangsah/ Sri Dibya wus ngideni/ mangsah ngrananggana/ mênggêp munggeng turongga/ kamot kaprabonng jurit/ wus ayun-ayunan(+1)/ Sri Garbi salin wajik// 


Dengan izin sang raja, Sri Pamutung dari Jenggi maju ke arena tempur dengan berkendaraan kuda lengkap dengan seluruh perabot perang kebesaran. Tak  lama ia pun berhadapan dengan Sri Garbi yang telah mengganti tunggangannya dengan seekor kuda.


33. // nulya campuh yuda narik pêdhangira/ samya yitnane kalih/ mutrê ngungkih mangrah/ wantusira kumêncrang/ kadya tumama tan busik/ kalih prawira/ dangu siring-siniring// 


Mereka pun segera terlibat dalam perang tanding, kali ini dengan pedang. Keduanya sama-sama waspada, memutar pedang, saling menyerang, setiap pedang beradu berbunyilah nyaring. Keduanya bagai tak mempan serangan. Keduanya sama-sama perwira. Lama mereka berdua saling bertanding.


34. // Sri Pamutung angantêp pamêdhangira/ katlampik pêdhangnya(i)(-1)/ putung nratas mring kuda(+1)/ pêgat guluning turanggi(+1)/ Garbi Narendra(i)         (-3)/ kantêp dhawah ing siti(a)(+2)// (-1) 


Tiba kemudian Sri Pamutung menghantamkan kuat-kuat pedangnya, ditangkis oleh pedang lawan dengan tak kalah kuatnya hingga pedang pun patah.  Patahan pedang jatuh dengan keras mengenai kuda lawan hingga kuda itu patah lehernya. Raja Garbi jatuh tersungkur di tanah.


35. // gya winuwung dhatêng Sang Pamutung Raja/ saking luhur turanggi/ pinêdhang murdanya/ rêmpu sangêt kantaka/ tandya rinêbat ing dasih/ surak wong Islam/ têngara ngrok mêlingi// 


Tanpa membuang kesempatan, Sang Pamutung segera menghantam kepala Sang Garbi dari atas kudanya hingga luka parah dan pingsan. Tubuh pingsan Sri Garbi segera direbut oleh para pasukan Islam seraya bersorak dan menabuh genderang.


36. // gya kêsaput ing latri kang yuda gada/ kukut sagunging baris/ manggen sowang-sowang/ gambira wadya Islam/ de yudanira tuk tindhih/ tintrim wong kopar/ ing dalu pan kawarni// 


Segera malam pun datang. Perang gada dihentikan. Seluruh pasukan berkemas dan kembali ke pertahanan masing-masing. Pasukan Islam sangat puas karena berhasil memenangkan perang. Sementara pasukan kafir merasa cemas. Malam itu dikisahkan


37. // para raja ing Kakbah nagri sadaya/ kumpul sagunging dasih/ prêmain kasukan/ dhahar inum-inuman/ apan sakarsa pribadi/ musthi pan adha/ wontên kang minum êbir// 


para raja dari negara Kakbahbudiman berkumpul bersama para prajurit, bermain, bersenang-senang, makan, minum, sesuka hati. Ada yang minum bir.


38. // wêneh ana mandherah myang anggur merah/ branduwin lawan sapanyi(+1)/ dadya wuru samya/ kathahe para nata/ gêlasah samya aguling/ tan etang papan/ sêmana pan kawarni// 


Ada pula yang minum mandherah(?) dan anggur merah, brandy, dan sampanye. Mereka semua pun mabuk. Seluruh raja bergelimpangan tertidur tanpa peduli tempat. Pagi harinya dikisahkan


39. // enjingira wong kapir aglar atata/ narpa kapir sumiwi/ kang wadya matawang/ kapir pêksa pulih(-1)/ (146r)kusuma Kalpikawati/ langkung bêrmantya/ kang wadya keh ngêmasi// 


pasukan kafir telah kembali menata barisannya. Raja-raja kafir menghadap dan berkeras kembali bertempur. Dewi Kalpikawati semakin murka karena pasukannya banyak yang tewas.


40. // karsa pamit ing rayi arsa umangsah/ Prabu Kusmar ngrojongi/ gya mangsah sang rêtna/ mênggêp nitih turongga/ kamot kapraboning jurit/ Sang dyah Kalpika/ saya ngêntragkên wajik// 


Ia pun pamit pada adiknya. Prabu Kusmar mendukung, dan berangkatlah sang dewi dengan menunggang kuda lengkap dengan segala perabot perang. Seraya menghela kudanya


41. // di rupane kang aran si pekrul Mustal/ iku kokoking maling/ kasa[k]ten kaliwat/ dêlape maju ing prang/ wêkasan nora mêtoni/ dudu prawira/ payo rêbutên mami// 


(ia berkata), “Mana yang bernama si bodoh Mustal?!! Dia adalah pimpinan pencuri! Awal-awal maju perang, akhirnya tak keluar juga! Itu namanya bukan perwira! Ayo, lawan aku!”.


42. // kawarnaa Sang Prabu Gondakusuma/ langkung dukaning galih/ dennya bondayuda/ kantun ajênging ngrana/ Dyan Patih Sêtingkumuning/ langkung bêrmantya/ duka marang pra aji// 


Diceritakan Sang Prabu Gandakusuma sangat marah karena merasa tertinggal dalam giliran masuk ke gelanggang peperangan. Raden Patih Sentingkumuning pun sangat geram, marah pula melihat para raja.


43. // sigra majêng/ prajurit Kakbahbudiman/ yata Rahadyan Patih/ cancut arsa mangsah/ dyah Sarirasa gêpah/ nêbda mangampah Dyan Patih/ heh aja-aja/ anrang sumbaring pikir// 


Ia pun bersiap maju bersama prajurit Kakbahbudiman, tengah hendak berangkat, Dewi Sarirasa bersabda menghentikan perjalanannya. “Hai, jangan. Janganlah kau terpengaruh sesumbar.


44. // wus jamake wong aprang sasumbar basa/ guguring mungsuh pinrih/ nrêwadhe kang gelar/ tiyase prang yen ganas/ ginasah ajune lali/ ing mêngko sira/ dudu pacangmu jurit// 


Adalah lumrah jika orang sesumbar dalam peperangan. Tujuannya tak lain adalah kematian musuhnya. Sedang ia telah siap dengan formasi, kekuatan, dan kau maju membawa lengah. Saat ini, dia bukan lawan tandingmu.


45. // ing lakune iku bakal mungsuh ingwang/ mêngko ngajokna dhingin/ ingkang para raja/ mituhu Radyan Patya/ gya ngatag para narpati/ gêntiya mangsah/ tan wiyang kang sinung ling// 


Dalam perjalanan kelak, ia adalah musuhku. Sekarang, ajukan dahulu para raja”. Raden Patih setuju dan segera mengumpulkan para raja untuk menggantikan dirinya maju ke medan laga. Mereka pun bersedia.


46. // kang dhingini Raja Kusen ingkang mangsah/ munggeng liman ngajrihi/ sikêp tangsir gada/ wus prapta rananggana/ nabda Kalpikawati(-1)/ lah sira sapa/ mapagakên mring mami// 


Raja Kusen mendahului ke medan pertempuran dengan menunggang gajah, bersenjatakan gada. Setibanya di arena tempur, bersabdalah Kalpikawati, “Siapakah kau hendak melawanku?


47. // di rupane kang aran Gondakusuma/ iku tandhing sun jurit/ apêse si Mustal/ owêl gagamaningwang/ sun tapsir sira(i)(-3)/ mêngsah kuciwa luwih(a)(+2)// (-1) 


Mana yang bernama Gandakusuma?! Dialah lawan tandingku. Atau paling buruk dengan Mustal! Selain dengan itu, senjataku enggan meladeni. Kuduga kau musuh yang tak seimbang.


48. // pan ta mara dhapurmu kaya wong kumpra/ bêndu Rajeng Kuseni/ akras sabdanira/ ja sira ngarsa-arsa/ gustiku Sri Narapati/ eman kêng jambar/ jêr warnanira sigit// 


Lihatlah, penampilanmu jorok!”. Raja Kusen marah dan bersabda keras, “Jangan kau berharap pada tuanku Sri Paduka Raja. Sayang bila ia turun ke arena tempur ini karena ia sangatlah tampan.


49. // yen kanginan manawa nyuda ing warna/ ilang manoning bumi/ lan sira sun duga/ yen wruh gusti manira/ mêsthine sira sayêgti/ bingung ke(147v)wala/ aja ta sira maning// 


Bila terkena angin mungkin akan mengurangi ketampanannya dan hilanglah keindahan dunia. Kau kukira bila melihat tuanku pastilah hanya mampu tertegun saja. Jangankan kau


50. // kang wong wadon kapindho maksih taruna/ ingsun wong laki-laki/ tan kêlar mangampah/ kudu arsa kudua/ yata dyah Kalpikawati/ apan miyarsa/ wuwuseRajeng Kuseni(+1)// 


yang perempuan dan masih muda. Aku yang pria pun tak hentinya kagum”. Dewi Kalpikawati mendengar perkataan Raja Kusen


51. // jroning driya kumênyut sinamun sabda/ lah ta aja baribin/ payo anggodaa/ Kuseni sira Raja/ sumaur Raja Kuseni/ lah ya Bêndara/ sira arsa ngayoni// 


merasa tergiur  hatinya, namun ditutupinya dengan bersabda, “Ah, sudah tak usah banyak bicara! Segera serang aku dengan gadamu hai kau, Raja Kusen!”. Raja Kusen menjawab, “Aduh, Tuan. Apa kau sungguh-sungguh hendak bertempur?


52. // lan wong Eslam eman yen sira pralaya/ rehning sira yu luwih/ dhuh sira Bêndara/ ningkaha bae lan ingwang(+1)/ amundhut pêthuk punapi/ ingsunkaduga/ apa jontra rêtna di// 


Sesungguhnya orang Islam menyayangkan jika kau mati, karena kau sangat cantik. Duhai Tuan, sudahlah. Menikah sajalah denganku. Kau minta dijemput dengan apapun akan kuturuti. Apakah kereta beroda emas?


53. // bantheng sela gilinganira kêncana/ apa ta sira Gusti/ kang sira pundhuta/ uwang apa kalpika/ rakamu wus ana sami/ payo ta nimas/ sun ban aja kumini// 


Atau kau minta kereta yang ditarik banteng dengan roda dari emas? Apa yang kau minta Tuan? Uang atau cincin? Kekasihmu ini telah punya segalanya. Ayolah Dinda, akan kugendong jangan kau jual mahal”.


54. // sang kusuma lir sinêbit karnanira/ myarsa wuwuse Aji/ narik sabêt tandya/ kinêtap kang turongga/ Sang Nata tinrajang wani/ sinabêt pêdhang/ nangkis gada Sang Aji// 


Mendengar kata-kata Raja Kusen, telinga sang dewi bagai dicacah. Ia pun segera menarik pedangnya dan menghela kudanya. Sang raja diterjangnya seraya disabet dengan pedang. Sang raja tanggap dan menangkis dengan gadanya.


55. // gada kliwat kasingsal tumibeng lêmah/ horêg bungkar kang bumi/ pêdhang nrajang liman/ kang pok tulale pagas/ esthi gro mangolang-aling/ sinandêr sang dyah/ Kalpika atabêri// 


Namun karena kuatnya serangan, gada pun terpeleset dari tangan dan jatuh ke tanah hingga menimbulkan suara berdebum. Berikutnya serangan pedang diarahkan pada gajah tunggangan sang raja hingga patah ujung belalainya. Gajah bergerak oleng ke sana dan ke sini. Kembali sang dewi menyambar tanpa henti.


56. // sinasingo(?) Sang Nata saya krepotan/ sang dyah nêrajang malih/ dipongga pinêdhang/ suku ngarsa ing kanan/ liman ambruk ngolang-aling/ Kuseni Raja/ dhawah sangêt tan eling// 


Sang raja kian kewalahan menghadapi. Kembali sang dewi menyerang dan kali ini gajah sang raja disabet pedang kaki kanan depannya hingga ambruk dan oleng. Raja Kusen jatuh dan pingsan.


57. // yata wuwuh katlindhês solahing gajah/ Raja Kuseni lalis/ surak bala kopar/ têngara ngrok tinêmbang/ Raja Jarma mangsah pamit/ sampun linilan/ mêsat gya nitih wajik// 


Sudah jatuh, sang raja tertimpa gajah pula hingga akhirnya gugur. Pasukan kafir bersorak dan membunyikan genderang. Kemudian Raja Jarma masuk ke arena perang dengan menunggang kuda.


58. // sikêp watang anandêr kotbuta nrajang/ sang dyah dipun larihi/ kang waos tinampan/ asta kalih pinatah/ saya bêndu Raja Jarmi/ anarik pêdhang/ sinabêt Raja dyah Dewi(+1)// 


Bersenjatakan tombak, ia menerjang dan mengamuk. Sang dewi diserangnya berkali-kali, hingga tiba tombak ditangkap dan dipatahkan dengan kedua tangan. Raja Jarma kian marah. Ia pun menarik pedang dan menyabet sang dewi.


59. // tan rinasa winalês sinabêt pêdhang/ mlêsat saking turanggi/ Sri Jalma kantaka/ rinêbat mring wadya(-1)/ kocap keh raja kapilis/ tandhing lan sang dyah/ Raja Pamutung (148r)ing Jênggi(+1)// 


Tanpa terasa, sang dewi membalas dengan pedangnya. Sri Jalma terpental jatuh dari kudanya dan tubuhnya diambil oleh para pasukan. Demikianlah, diceritakan begitu banyak raja yang kalah dalam bertanding dengan sang dewi. Raja Pamutung dari Jenggi,


60. // Sri Sumbaga tanapi Prabu Kaskaya/ lawan Mangkrup Sang Aji/ pan aji wadona/ suka kapir mawantya/ Sri Dibya kalangkung runtik/ para narendra/ wus kathah kang kajodhi// 


Sri Sumbaga dan Prabu Kaskaya, serta Raja Mangkrup. Pasukan kafir sangat gembira. Sang raja demikian geram karena banyak raja-raja mitranya telah dikalahkan.


61. // arsa mangsah ing rana amit ing garwa/ Sarirasa Sang Dewi/ lumuh yen kantuna/ gya mahana busana/ Sang Nata busana adi/ angagêm tondha/ Ridêr saking Jêng Nabi// 


Ia pun hendak maju ke medan laga. Sarirasa tak mau ditinggal. Ia pun segera membenahi busananya. Sang raja berbusana sangat indah. Ia mengenakan tanda berupa bintang rider dari Kanjeng Nabi,


62. // bintang Liyo Wilêm sondhêr sang swa[r]ga(-1)/ sigra miyos Sang Aji/ sakathahing jimat/ apan sampun sumêgta/ wasta Kyai Takêrbumi/ sampun tinêmbang/ langkung dennya ngajrihi// 


serta selempang dengan bintang Leeuw Willem dari surga. Sang raja pun segera keluar. Seluruh jimat telah disiapkan. Kyai Takerbumi telah ditabuh dan membuat suasana menjadi mencekam.


63. // yen tinêmbang kadi angobahna jagad/ kapir miyarsa giris/ myang beri pusaka/ saking Iskandar Raja/ yen munya geger wong kapir/ Sang Prabu Dibya/ sampun nitih turanggi// 


Dunia bagai digoyang. Pasukan kafir yang mendengarnya merasa miris akan suara tambur pusaka dari Raja Iskandar. Suaranya telah berhasil menggegerkan pasukan kafir. Sang Prabu telah menunggang kudanya


64. // Kyai Jayenggati busananira bra(-1)/ payung Tunggul neng wuri/ kang ingasta Kangkam/ neng kanan datan têbah/ upacara amêrapit/ dyah Sarirasa/ wus neng kuda tan têbih// 


yang bernama Kyai Jayenggati dalam busana yang elok. Payung Tunggulnaga berada di belakang. Digenggamannya adalah pedang wasiat. Di sebelah kanan, tak jauh dari Sang Prabu adalah perabot kebesaran raja. Dewi Sarirasa berkuda tak jauh dari Sang Prabu.


65. // Sri Narendra tansah ngêntragkên turongga/ dinulu lir wong ngrangin/ abêsuswiraga/ dhasar bagus kang warna/ ujwala kongas nêlahi/ katranging surya/ gumêbyar mangebati// 


Sri Paduka terus menghela kudanya. Jika dilihat sangat rupawan. Sosoknya sempurna, dan wajahnya tampan. Di bawah sinar matahari, cahayanya justru kian cemerlang berkilauan.


66. // kapir mulat ngênglêng binglêng kalênglêngan/ Sang dyah Kalpikawati/ kumêpyur ing nala/ duk ningali Sang Nata/ kumyus riwenira mijil/ kabyating brongta/ nging sru sinamun liring// 


Orang-orang kafir yang melihat merasa heran dan takjub. Dewi Kalpikawati berdebar-debar. Keringatnya membanjir karena takjub dan jatuh hati, namun sesaat teralihkan


67. // esmu bênter ningali dyah Sarirasa/ satingkahnya ngrakêti/ mring raka Sang Nata/ mamengin sêmonira/ dennya têgar lir wong ngrangin/ macak wiraga/ main pindha sarimpi// 


pandangannya menatap geram pada Dewi Sarirasa yang tak pernah jauh dari Sang Prabu. Tingkahnya seolah tengah berhasrat. Ia mematut diri dan bergerak bagai serimpi


68. // yen nujoni wilêting raras asmara/ gar ingaras mring rayi/ sing luhurturongga/ Sang dyah Kalpikawatya/ saya kumrutug kang galih/ têmah bêrmantya/ sarêng cêlak antawis// 


yang tengah sampai masanya bercinta. Tiap kali, Sang Prabu dicium dari atas kuda membuat kian panas hati Kalpikawati. Ketika jarak antara mereka telah cukup dekat,


69. // sapocapan Sang dyah Kalpika napda kras/ nora ta lah wong iki/ apa mêtoni prang/ apa ibing-ibingan/ sapa aranmu prajurit/ uga ta sira/ Ratu Bakdiman nagri//


Kalpikawati bersabda keras, “Orang macam apa kau ini?! Kau ingin berperang apa berjoged?! Siapa namamu hai prajurit?! Dan kau, Raja Kakbahbudiman


70. // kang kasosra kongkonan dhustha pusaka/ eman warnamu pêkik/ tumbahtambuh cidra/ lah ta wadone sapa/ apa bojo apa sêlir/ utawa bewa(?)ngan(+1)/ dene wong anom sigit//o// 


yang tersohor, kau mengutus untuk mencuri pusaka. Sayang sekali. Wajahmu tampan, namun kau tak lebih dari seorang pendusta! Siapa perempuan ini?! Permaisuri atau selir?! Atau pelacur?!! Kau pemuda tampan”.


Bersambung Pupuh XXVIII – XXXI



sumber : alangalangkumitir.wordpress.com