Kamis, 19 Januari 2012

SULUK PURWA DUKSINA

Anggita-dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping IV.


Sekar Dhangdhang-gendhis; 64 pada.

Sapangate kang sun tedha singgih, sun amurwa Ki Purwa-duksina, apitutur ing rabine,  sedalu tanpa turu, garwanira den pituturi, pratingkah ing ngagesang, pacuwan ja tungkul, den bisa ataken basa, waspadaa sira marang sarireki, pacuwan tingalira.Baya iku yen tan den kawruhi, sayektine akeh wong kasasar, dene akeh renca/nane, yen sira sampun weruh, ing jatine sarira iki, saksat wruh ing Pangeran, iku jatenipun, aja ta kang kaya sira, lamun ora kena rencananing ngiblis, mangkona Nabi Adam.Prandene neng jroning swarga-di, pan kagodha dening belis laknat, prandene wus limpat reke, aja kaya sireku, sira malih ta yayi mami, dene dereng uninga, jatining pangawruh, prayoga atatakona, ariningsun tingal kang nyata ing ngurip, iku pagurogena.Garwanipun anauri aris, inggih nuwun pangandika tuwan, muga tulusena sihe, ing bodho katengsun, sapa sinten kang ngamadhangi, yen dede karsa dika, atulung marga-yu, Purwa-duksina angucap, pira bara yen ana sih ing Hyang Widdhi, atulung marang sira.Pituturingsun mring sira yayi, lamun ingsun yayi sampun [pejah], akramaa sira mangke, abektiya mring kakung, aja kaya amba ta iki, den olih / kakung toma, miwah yen amaguru, ngupaya kang ngutoma, ing jenenge tigang prakara ya kaki, iku den-ulatana.Kang kariyin pandhita wiladi, kaping kalih aboja-kirana, ping tigane iku mangke, pandhita amarsantun, iya iku pandhita aradin, lah iku gurokena, yayi mirah ingsun, garwane aris aturnya, kadi pundi tuduhe pandhita singgih, miwah boja-kirana.Lawan pandhita amarsantuni, padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse, pandhita wiladiku, ingkang sareh wuwusireki, tan wuruk sudi karya, barang lakon ingsun, tanpa dudoh aranira, ing wuwuse raharja teka lestari, satuhune pandhita.Anadene amarsantun iki, angatoken mulyaning sarira, kebag ing jagad pujine, sausike puniku, mapan iku wus dadi siji, mangan turune ika, dadi pujinipun, tekan wulu/ne salembar, karentege iya tansah dadi puji, iku pandhita mulya.Pandhita boja-kirana iki, tan pegat reke amangun tapa, amadhangi sarirane, anyegah nepsunipun, datan pegat amangun nepi, saciptane wus nyata, tan ana kadulu, sampun waluya sadaya, pangistune tan ana kawula swasti, wus karem marang ngora.Kang ngaja sira guroni iki, kang pandhita dadi kang mangkona, limang prakara kathahe, pandhita sipat iku, kang rumiyin puniku dadi, pandhita olah kardha, kapindhone iku, aja dursila ta ika, kaping pate kadanan pasungsung iki, iku aja mangkona.Tegese dadi sawiji-wiji, kang pandhita sipat mangke ika, sondoyan paes gawene, ana macapat iku, doyan sajen wawatekneki, ngucap daya mangana, mrih kacangcang iku, gawene sok doyan uwang, genthong ngumus pandhita madya / puniki, iku den singgahana.Iku kang ngaja sira guroni, iya iku cacade manusa, dene ta akeh dudune, nadyan sugiya ngilmu, yen mengkono dudu wong singgih, iku wong kabelasar, tuhu yen wong kupur, pakaryane ora ana, ngilmunipun den urupaken tan bunti, de karya pangasilan.Jamake akeh ngilmune pancing, akeh wong guguru kasambitan, dene akeh panyawise, singa katon den jaluk, arara mumundur tan keni, akeh wong anelasar, ing pangrungon ingsun, iku silih salah mongsa, angguru anut tawon kambu pan iki, boya etung ing temah.Iya iku yayi den pakeling, aja sira yayi ta mengkona, iku siya-siya bae, miwah yen anggeguru, takokena ujar kang ngiki, ingkang wolung prakara, den-tetela iku, wiwitan mas kawin Allah, lan Muhkama/d ping kalih aras lan kursi, iku den-takokena.Kaping tiga sri kawin ing wengi, lan rahina ping sakawan ika, lintang kallawan ngilmune, kaping limane iku, mas kawine jalu lan estri, iku lah takokena, kaping neme iku, mas kawine wulan ika, lan srengenge bumi langit iya iki, iku yatakokena.Ping wolu mas kawin suwarga-di, lan naraka iku takokena, den tetela ing lungguhe, mapan akeh katungkul, ujar iku kang den kawruhi, yayi pagurokena, ing sapungkur ingsun, garwane aris aturnya, inggih nuwun saking sih andika gusti, nuwun kawulakena.Kadi pundi padhange puniki, ingkang ngaran mas kawin ing Ngallah, lan Muhkammad-di jatine, lintang lan ngilmu iku, miwah ing Ngaras-kursi singgih, kawula padhangena, saking kula tungkul, andika pajarwa/nana, sapuniki mas kawine rina wengi, tuwan tetelakena.Purwa-duksina amuwus aris, areningsun wong ngayu mas mirah, mas kawin Allah tegese, lawan Muhkammad iku, patemone nur roh lan iki, lan uripira tunggal, tunggal rasa ningsun, mas kawin Ngaras punika, tegesipun patemon nira sajati, lawan dat ya Muhkammad.Anane mas kawine ing ngistri, lawan priya patemon ing jasad, kalawan nyawa wajibe, iku pan tunggalipun, wonteni mas ing kawineki, ya Aras-kursi ika, patemone iku, ing sungsum babalungira, panunggale nur banyu rasa kang suci, ing sungsum amirasa.Pangandikane kang sampun luwih, aja nembah lamun durung ngawas, tuwas kangilan temahe, saweneh sasar susur, amangeran marang nging belis, nembah ing tawang tuwang, ingkang tanpa wujud, kepaung amenek warsah, panyanane idhep woh/e aneng nginggil, tur wohe aneng ngandhap.Pangandikane kang sampun licin, lumaku turu ya asalat, menenge dadi bektine, pan nora wektu-wektu, panembahe kang sampun luwih, kadi ilining toya, bengawan limintu, kang wus awas ing panembah, nora pegat sambahira rina wengi, iku jatining sembah.Ana dene kang lintang puniki, mas kawine ing ngilmu punika, garib mutaka jatine, patemon langit iku, lawan dagingira puniki, tegese osikira, apa jroning jantung, mas kawine bumi ika, lawan langit patemone uteg singgih, lawan sirolah ika.Anadene mas kawin ing wengi, lan rahina patemone netra, puputih lawan irenge, lah iya tegesipun, patemone kawula gusti, iku campuh ing rasa, ing misrane iku, /mas kawine swarga iku, lan naraka patemone nepsu iki, kelawan budi ika.Panunggale angawruhi dhiri, tingalane becik ala ika, iya sikune wektune, yen wus nyata ing ngriku, prabedane lan tunggal neki, bongga basa walika, manira angrungu, garwane aris aturnya, kados pundi panunggale dadi siji, rarasanta punika.Purwa-duksina amuwus aris, panunggale ing suwung yayinta, ing kono tunggal tingale, sakehe wujud iku, pan ing kono panunggal neki, iya waspadakena, ing wuwus puniku, garmane aris aturnya, kadi pundi wonten wong ngatakon malih, patakonan mangkona.Kang ingaran iman kadi pundi, kenyatahane tokit punika, makripat paran tegese, padhangena pukulun, tetelane sawiji-wiji, kawula dereng wikan, padhang/e puniku, Purwa-duksina angucap, ya samengko pamanggihira puniki, nora ngulati Allah.Iya iku urip kang sajati, kang ingaran reke tokit kita, adhep iku sajatine, nora nana kapupu, kang angucap puniku singgih, ingkang ingaran Allah, tan roro tetelu, iya arane sarira, tokit iku tingale roh kang sajati, nyatane yen kahanan.Anadene yayi sira iki, sejatine Suksma urip ika, kang Suksma nyata awale, kabeh dudu roh iku, raga iki iku ta yayi, yen wus wruh ing mangkona, sampurna puniku, ilang kalek mahkluk ika, iya iku kang ngaran manusa jati, dene wus badan suksma.Anadene kang dereng ngudani, wedi miyak tetebeng punika, dene akeh durakane, aran tetebeng ngiku, pakumpulan sakeh riinicik, aling-aling punika, nabi wali iku miwah / kang mukmin punika, garwanira wuwuse arum amanis, miwah tingal sakedhap.Lawan laku satindak puniki, miwah mangan sakepel punika, anginum sacegok mangke, tedahena pukulun, lawan nyandhang sasuwir iki, amba pan dereng wikan, padhange puniku, Purwa-duksina angucap, mirah ingsun wong ayu juwita mami, pilih kang kaya sira.Anadene jaruman ing ngati, kawruhira sampurnane ika, jenenge ati elinge, ujar sakecap iku, apan penet jenenge iki, laku satindak ika, panarima iku, tingale pan cakep ika, maring ekram tegese nginum satu tri, nyatane maring ngiman.Tegese mangan sakepel iki, iya Al[l]ah kang kacipteng nala, nyandhang sasuwir jatine, pujinira puniku, yen kawayang sajroning ngati, iiku jatine gesang, tan kanginan iku, dene angrasa papadha, iya iku wong ayu ingaran supi, dene sampu/n/ makripat.Nora nana yayi amal iki, amung siji amalira dhawak, saosik layarane, garwanira amatur, sedyanira arum amanis, inggih kawula nedha, saking sih wong agung, andika wejang kawula, aneng dunya ngakerat nuntuna singgih, tulus marga raharja.Kawula kakang ataken malih, kados pundi wong lara punika, agampang pae kanane, kawula pan dereng wruh, duk nalika ambayah uni, anglampahi kawula, dereng wruh puniku, duk lagya pongah-pangiyan, lan punapa puniki westane singgih, miwah duk cengengira.Alam apan duk ana ta singgih, padhangena amba dereng wikan, Purwa-duksina wuwuse, dhuh yayi mirah ingsun, baya sira juwita mami, mirah kumala retna, gurune wong ayu, lah kene karasa lara, alam tupet dene tembe angrasani, den eling maring Suksma.Ana/dene lagi wayah iki, alam tobat iku namanira, lagi pongah-pangih mangke, alami sanget iku, pakumpulan rasa sakalir, nanging tanbuh karasa, duk samana iku, ingaranan gaibbollah, lagi cengeng ingaranan alam sahir, jagad langgeng duk baka.Garwanira matur angabekti, punapa katon wau semana, punapa reke tingale, ingkang dhateng rumuhun, tetelane sawiji-wiji, lah kakang padhangena, amba guruningsun, Purwa-duksina angucap, kang rumiyin Jabarail tompa wangsit, abang cahyane ika.Kaping kalih cahyane Mingkail, warnanira iko ilatira, ping tiga Israpil mangke, wedale putih iku, saking cahya netra puniki, wedalipunpan abang, pitu watekipun, kang ngijo tengen ingaran, ya Israpil kang cahya iku ya kuning, medal ing bathukira.Iya iku tingal ingkang pasthi, na/dyan ana kang tigang prakara,yen nora nana sijine, lara kabeh tinemu, durung teka ing patineki, yen wus uninga ika, denemut sireku, Ngijrahil kang duwe ilat, mapan Muhkammad puniku Nabi singgih, dadya tumekeng pejah.Wus adungkap lawang iku yayi, ing segara penyu wastanira, wis liwat sira ing kene, nulya mancat sireku, ing segara istikar iki, sampun liwat punika, anulya puniku, karane den kawruhana, gya andungkap sagara malih puniki, segara istigena.Sampun liwat kang cahya puniki, duk angambah ing sagara kiyam, ing kono wus liwat mangke, segara rante iku, wus andungkap ing Ngaras-kursi, miwah ing dhingdhing Jalal, iku duk kadulu, ing ngalam kalih prakara, wus tumingal ing ngalam kait puniki, alam kiyamah menga./ Ing ngriku nyawa kandhege malih, duk tumingal ing segara cahya, ngaliwati ing weninge, garwanira umatur, kang pundi tegese puniki, segara penyu ika, tuduhna pukulun, miwah segara istikar, kakekate puniku sawiji-wiji, lah kakang padhangena.Purwa-duksina amuwus aris, mirah ing wang kasumaning tilam, ingsun minongka sepuhe, ayunira anulus, baya sira guruning ngistri, amartanana jiwa, kusumaning ayu, sira angling lipur brongta, ing tegese sagara penyu puniki, iku wangsul manira.Anadene segara puniki, kang ngistikar panjeneng ku nira, miwah istigena kiye, wudelira puniku, iya iku segara dhiri, segara penyui ika, sikutira iku, segara rante punika, pan tegese iya ususira iki, yen sira dereng wikan.Anadene sagara pu/niki, ingkang ingaran segara cahya, tegese jajantung mangke, segara kiyam iku, iya dhadhanira puniki, segara cahya ika, netranira iku, iku kathah ing segara, ingkang tumrap puniku segara dhiri, nyatane ingkang raga.Garwanira apan matur malih, kadi pundi wonten wong tatanya, Dhingdhing Jalal kakekate, punika Aras iku, ingaran Kursi kang adi, yeku ta kawruhana, ing ngagesang iku, yen nora weruha sira, durung weruh ingaranan badan iki, apa ta yen amora.Kang ngaran wot siratal mustakim, padhangena amba dereng wikan, ing luhure iku mangke, Purwa-duksina muwus, kang ingaran Aras puniki, iya pangambunira, kang ngaran puniku, wong karana Allah ika,  ilatira puniku mangke ta kaki, tegese atenira.Anadene timbangan puniki, baunira kang kuwat puni/ka, pamilihira ta mangke, gunung Tursina iku, irungira iku ta yayi, ing kono enggonira, sang nyawa akumpul, ing gulune siningsetan, nyawa iku angrasa lara sakalir, miwah paningalira.Sampun dhungkap lawange kaesthi, nyawa ingkang nganeng ngalam dunya, ing kono iku ta mangke, alam miya puniku, iya bathukira puniki, alam kaet punika, ing githok puniku, ing kono kandheg ing nyawa, duk tumingal cahya Muhkammad puniki, ing kono kandheg nyawa.Sawuse aneng kono ta yayi, malekat utusan ingkang prapta, amundhut nyawa karsane, Ngijrail ta puniku, maring langit paranireki, langit pipitu ika, dadalane iku, ingkono amanggih rupa, cahyanira lir pendah purnama siddhi, surat ananing Suksma.Garwanipu/n atatanya aris, kadi pundi kang langit punika, sal sahil ika jatine, Purwa-duksina muwus, anadene kang ngaran langit, ya ing cacekak ira, kang bumi ya iku, sasore ing langitira, anadene malekat Ngijrail iki, iku kakawahira.Anadene aruman puniki, sajatine aren-aren ira, puniku mesthi tegese, runwanakirun iku, sejatine wuwukuneki, iya den kawruhana, yayi ujar ingsun, kang rayi aris aturnya, kadi pundi kang pinanggih jroning pati, duk lagine sekarat.Purwa-duksina amuwus aris, kang pinanggih yayi duk sekarat, pasthi rupanira dhewe, ya wis angrasa iku, panunggale pan dadi siji, anging amawi surat, kang rupa puniku, abane muji Pangeran, iya iku kang nga/ran Muhkammad jati, tuladhaning Pangeran.Iya iku ujar kang piningit, pan puniku jatine sekarat, larangan kang luwih mangke, mulane wong kang luhung, aling-aling kang den-kandeli, nora ambuka ujar, wau kang puniku, dene medharken kekeran, ujar iku lir ngadu pucuk ing ngeri, patine tibeng jurang.Garwanipun matur angabekti, inggih nuwun saking sedya tuwan, muga tulusa esihe, wicanten kang puniku, kadi pundi teges ing linggih, kang ngaran nyawa ika, kawula dereng wruh, tuduhe satunggal-tunggal, nyawa iku akeh kang ngucap puniki, dereng wikan ing nyawa.Purwa-duksina amuwus aris, areningsun wong ayu mas mirah, kang ingaran nyawa mangke, limang prakara iku ingaranan nyawa puniki, awiwitan nur ika, kaping kalihipun, kang ngeroh mangke punika, ping tigane aka/le punika yayi, sakawan lan lekira.Ping limane kalam iku yayi, iya iku sajatine nyawa, yen sira dereng wruh mangke, tegese kang nur iku, amadhangi kahanan neki, tegesing ing roh ika, uripira iku, tegese kalam pujika, pangandika sakehe kang den rasani, akal lan batinira.Ingkang ngelih jenengira iki, iya iku kang ingaran nyawa, den jangkepi lima mangke,  puniku tuduhipun, dadya nora anut byung iki, wong saweneh angucap, maring nyawa iku, boya wikan maring nyawa, garwanira matur sarya angabekti, singgih kawula nedha.Dug gaibe apa wastaneki, nyawa ika lagi ana wadhah, dhuh kakang paran jatine, Purwa-duksina muwus, duk gaibe puniku yayi, sampun ta a/ran tunggal, neptu gaibipun, lagi nak kudule cahya, tunggal lena kang ngaran nukat puniki, misih kumpul ing nyawa.Ingaranan padhang mangke iki, iya nyawa ing gantungan ika, seje lapal ku nyatane, tunggale ta puniku, ulu iyah puniku tunggil, lintang johar punika, nyawa jatinipun, mulane gumlar ing jagad, iya nyawa kang bisa anitis iki, oleh ajaning Suksma.Muhkammad ika datan kakalih, sajatine yayah nyawanira, puniku yayi tunggale, mulane akeh tungkul, ujar iku den walik-walik, mulane akeh aran, dene kiyas iku, pinatut lawan pandhita, ya mulane akeh rarasan puniki, kabeh padha kanggenan.Kang wus nyata nora den singgahi, ujar iku sampun anerawang, data/n ana wawangene, norana bastu suwung, sampun manjing ing kupur kapir, ing sajatine gesang, lamun nora iku, jatine manusa ika, reh kang kandheg tingale manusa sepi, dene dereng uninga.Garwanipun gupuh anungkemi, gusti ningsun ing dunya ngakerat, andika kang nga[s]ih mangke, sasampune ing ngriku, pituduhe sawiji-wiji, kadi pundi ta tuwan, tetep ing pangawruh, ing mangke terange ika, yen botena tuwan atuduhana margi, tuwan panutan amba.Purwa-duksina amuwus aris, ariningsun wong ayu ing swarga, mangkona gusti tegese, wus ilang tingalipun, nepsunira wus leburen ning, pangucape wus ilang, dadya liwang-liwung, ing swarga nora karasan, ing neraka tan arsa panggih-pinanggih, dene sampurna purba.Sampun telas purwa kang / tinulis, dipun sami antuk karaharja, nedha pangapura mangke, antuk ambisa wuyung, datan patut amawi gendhing, wau kang anunurat, ing wong sisinau, sakathahe ingkang maca, sampun wonten esak-esak ingkang ati, saking bodho kawula.

Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.


sumber : alangalangkumitir.wordpress.com